Minggu, 16 Juni 2019

KATUNTUN


Minggu Pahing 16 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI TUNTUNAN KUWI


Wulang Bebasan 8;1-4,22-31
Jabur 8
Rum 5:1-5
Yokanan 16:12-15
“Nanging menawa Sang Roh Suci mau wis rawuh, yakuwi Roh sing maringi weruh bab kersané Allah, Panjenengané bakal nuntun kowé supaya ngerti sakabèhing prekara sing dikersakaké déning Gusti Allah. Sang Roh Suci mau ora bakal ngandikakaké apa-apa manut kersané dhéwé, nanging mung ngandikakaké apa sing diparingaké déning Sang Rama, lan ngandhani kowé prekara-prekara sing mbésuk bakal” Yokanan 16:13 

KATUNTUN, kuwi asale tembung Nuntun, sing tegese ngrewangi lakuning liyan kanthi nyekeli/nggoceki tangane sing dituntun. Seka tembung Nuntun mau sakbanjure ana tembung dituntun, konnuntun lan uga KATUNTUN. Mula saka kuwi tembung KATUNTUN kuwi tegese mlaku sing ora mung nggugu karepe dewe, ananging uga manut karo sing nuntun. Pancen bener yen tembung nuntun kuwi tegese sing asli pakaryan pisik sing migunakake sakperangane awak, yakuwi tangan, kanggo ngayahi pakaryan iki, ananging ing jaman saiki, nuntun kuwi ora mung nganggo tangan. Apa wae kang isa ngrewangi lumakunig kahanan isa diarani NUNTUN. Lho, kok isa mengkono, endi conto utawa tuladane? Gampang, saiki sanadyan ora nduweni tangan, ananging mbah Gugel kae, mirunggan gugel mep, isa nuntun lakuning menungsa tumuju marang papan sing dituju.

TUNTUNAN SEHAT SING MIGREN


Neng Kitab Suci ya jebule ana piwulang bab nuntun, uga bab KATUNTUN. Piwulang kuwi sing nindakne Gusti, yakuwi sakwise Gusti “mudik” neng swarga, njur njanjeni yen arep manjalma sing awujud Sang Roh Suci. Ya Sang Roh Suci iki sing bakalane NUNTUN sapa wae sing percaya marang Panjengane. Dene sapa wae sing uripe dituntun dening Sang Roh Suci kuwi sing diarani KATUNTUN. Sing sapa uripe KATUNTUN dening Sang Roh Suci, mesti nglakoni apa wae pakaryan sing nate ditindakne Gusti Yesus, manut kahanane lan uga manut kabisane. Lan apa sing diparingke Gusti marang titahe, kuwi mesti isa dilakoni. Dene yen ana sing ora nglakoni, kuwi ora merga ora diparingi kabisan utawa ora isa, kuwi merga ORA GELEM NGLAKONI! Mula saka kuwi, ing kahanan iki, sapa wae nduweni tanggungjawab kanggo nyritakake yen uripe KATUNTUN dening Gusti, dening Sang Roh Suci, orasah takon kudu kepiye, merga sejatine Sang Roh Suci wis maringi “peta” kanggo nglakoni. Yen manut mesti isa lan tekan, yen ngeyel, mesti ora tekan lan sambat ora isa.

“ Jo, ngerti omahe ponakane Wasti?Aku meh dolan neng kana, mbuh ujug-ujug kok pengen mrana ya…” Ujug-ujug Lik Ndoleng nakoni alamate Sronto, ponakane Yu Wasti sing umure sakpantarane Lik Ndoleng.
“Mayar Lik, jupuken hapemu, bukak gugel mep, klik njur tulisen alamate Wo Sronto, mesti tekan.” Semaure Dalijo sinambi mangan gedang goring nalika wengi kuwi kerjabakti nyawiske  HUT greja.
“Weh, aku ora patio percaya karo gugel, sok ngapusi.” Semaure Lik Ndoleng.
“Lha apa sampeyan wis apal nggone ta Lik?Yen wis apal rasah tekon,yen rung apal manuta petunjuk. Mesti bakal KATUNTUN kanthi apik”, Semaure Dalijo meneh.
“Ya piye ya, aku wedi mbah gugel ora NUNTUN sing pas, jane ya pengen jo, DITUNTUN,ben gek tekan papan tujuanku” Lik Ndoleng jik wangsulan, sanadyan sajak wis wiwit sareh.


“Iki ana apa, kok nyebut jenenge mbokku..Tan..Tun…Tan Tun..anaapa ta jane?”Nduk I’in kaya boasane, njedul karo emyek tur ya mirip wadah semen, sak-sakan..
“Kuiw lho In, paklik, ora ngerti pernahe omahe Siwo Sronto,meh mrana. Lha takkon ngeklik gugel mep, mesti tekan. Merga gugel mep kuwi isa NUNTUN lakune sapa wae sing ngunakne” Semaure Dalijo, sinambi nyruput kopi paite sing meh adem..


Mbah’e




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH