Senin, 17 Juni 2019

PEGATAN


Senen Pon 17 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

TIPS AMAN SEKA PEGATAN


Wulang Bebasan 7:1-4
Jabur 124
Markus 10:1-12
Wong-wong Farisi mau padha mangsuli: “Manut prenatanipun Nabi Musa, tiyang jaler kénging megat sémahipun, angger nyukani serat pegat.”  Gusti Yésus banjur ngandika menèh marang wong-wong Farisi mau: “Enggoné Nabi Musa gawé prenatan sing mengkono kuwi merga saka wangkoting atimu!”Markus 10:4-5

Bab PEGATAN tekan kapan wae tetep dadi bahan diskusi sing menarik. Ana sing setuju lan uga ana sing ora setuju. Sing setuju nduweni alesan sing rasional utawa mlebu nalar, dene sing nampik utawa nolak ya nduweni alesan utawa argument sing uga mlebu nalar. Sing setuju biasane alesane mengkene :” Ngapa bebrayan diterusne yen kahanane kaya neng nraka (mbuh wis tau neng nraka yak’e sing alesan kaya mengkene iki), ngapa dijaga yen urip mung kudu ngalah lan rekasa”. Dene sing ora setuju alesane,” nikah kuwi kersane Gusti, didadekne siji karo Gusti, sing wis didadekne siji karo Gusti ora kena kapisah dening menungsa kejaba pati sing bakal misahne”. Sing nduweni penemu ngene iki, mbok rekasane kaya ngapa mung ngalah,trima meneng, meneng lan ngalah kuwi dipercaya minangka tumindak manut pranatan agama sing wis diatur.

KUNCI HARMONIS SUAMI-ISTRI


Sapa wae sing maca tulisan iki, mbuh lanang apa wedok, yen dikon milih,PEGATAN kuwi olih ora, mesti wangsulane ora,sanadyan ya ana sing jan-jane setuju, pomeneh yen olih poli, mbuh kuwi poliandri apa poligami. Lha sejatine kepiye ta ngudari masalah bab PEGATAN kuwi, sejatine olih apa ora ta? Yen arep mangsuli jawaban iki, mung mayar, lha mbiyen apa sing dadi tujuanne nikah, arep PEGATAN apa arep mbangun lan mangun urip sing luwih apik? Yen tujuan nikah ora jelas, merga wis kadung mlenthung utawa merga dipeksa liyan, PEGATAN kuwi perkara sing mayar. Ananging yen tujuan nikah kuwi kanggo mbangun lan mangun urip sing luwih apik, nalika nemahi sing ora dadi kekarepane urip, ya ditata bareng-bareng. Yen ana rekasaning urip njur arep minggat, ngajak PEGAT, kuwi ora nduweni tujuan jelas bab nenikahan. Mula, ing BENINGE EMBUN ESUK iki, ayo sing wis pada nikah, dieling-eling meneh, kepiye mbiyen janjine nikah,kepiye pas ngrayu?Hehe..sing lali carane ngrayu, ngko yen cah-cah wis mangkat sekolah, jajal wae rayu-rayunan…

“Lik, manut pangandikane Gusti,sejatine PEGATAN kuwi olih ora ta?” Dalijo ujug-ujug takon bab PEGATAN.
“Rasah kokean  pretingsing Jo, rabi wae durung kok nggagas PEGATAN” Semaure Lik Ndoleng sinambi ibut ndandani rek’e merga meh nyumet udud ora isa.
“Weh..mung takon, apa klerune?Merga yen manut aku, Gusti kuwi ngijinke PEGATAN. Serius..!”Semaure Dalijo.
“Weladalah, lha kok tapsiranmu jos tenan Kang..yen ngono aku ya tak sarujuk..ramathuk karo mantan pacarku, ijolke wae” Semaure Nduk I’in sajak sumringah.
“Lambemu In..krungu bab PEGATAN kok sumringah banget!” Lik Ndoleng sajak ora sarujuk.
“Helehhh..sajak sok semuci-suci Lik..mbok sampeyan kon nglakoni, mbaleni Yu Wasti pora yo iyes..”Semaure Nduk I’in  sinambi ndondomi kaose anak’e.
“Hmmm…kakek’ane, malah aku sing kena, Jo..iki gara-gara awakmu ngrembug bab PEGATAN..iki piye bacute, kok Gusti ngijinke PEGATAN?!!” Lik Ndoleng sajak sansaya kemropok.
“Hehe..iya Gusti ngijinke PEGATAN, ning ya kuwi, PEGATAN karo apa wae sing ala,sing ora dadi kersane Gusti”Semaure Dalijo sinambi plengah-plengeh nganyelke..
“Dusss…” Batine Lik Ndoleng..

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH