Jumat, 07 Juni 2019

KILENAN


Jemuah Pon 7 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

PRAMPALAN
SAWAHE DALIJO LURR

Yesaya 44:1-4
Jabur 104:24-34,35b
Yokanan 16:20-23a
“Aku bakal paring banyu marang tanah sing asat lan yasa ilèn-ilèn kanggo mbanyoni tanah sing garing. Roh-Ku bakal Dakesokaké marang turunmu, lan berkah-Ku marang anak-putumu. Mula bakal padha subur kaya suket ing lemah teles, kaya glagah ing sapinggiring kali.” Yesaya 44:3-4

KILENAN kuwi asale seka tembung lingga Mili, dene tembung Mili dewe asale seka tembung Ili sing tegese lumakuning sabarang kang ngener marang papan kang luwih endek, lan iki biasane banyu. Dadi seka tembung ILI sing tegese kahanan, dadi MILI sing tegese kahanan sing ora mandeg ananging obah, njur ana tembung KILENAN sing tegese papan utawa kahanan sing nampa Ilining apa wae, racak’e banyu. KILENAN tegese nampa ili, dene sing mili kuwi biasane benda cair. Dadi apa wae sing KILENAN (banyu) kanthi ukuran sing lumrah utawa sakwajare, mesti ndadekne subur lan nyenengake, yen iki gegayutan karo tanduran neng tegal apa sawah.

ATASI KOLESTREOL DENGAN INI


Ana neng Kitab Yesaya, Gusti Allah lumantar nabi Yesaya nate paring janji utawa prasetya marang para Kagungane, yen wis tekan wancine bakal maringi banyu panguripan lan saupama ora ana dalaning banyu, Gusti Allah bade yasa (membuat) ilen-ilen sing tegese papan kanggo miline banyu. Kabeh tujuane supaya entuk banyu lan banyu kuwi kang ndadekne urip lan suburing tanduran. Ana neng Kitab Yesaya iki para pasamuan Kagungane Gusti digambarake kayadene tanduran ana neng sajroning tegal utawa pakebonan. Tanduran ana neng kebon utawa tegal, nalika entuk banyu sakcukupe, mesti bakal subur lan negtokaake who kaya sing dadi pengarep-arepe sing  nandur. Menawa ana tanduran sing ora kena banyu, mesti wae ora isa urip apa meneh subur. Dene yen wis entuk banyu lan ora isa subur, isa wae kuwi sing nduweni masalah malah tandurane, dudu banyu sing wis diilekne dening Gusti.

Kabeh kang tinulis ing nduwur sejatine mung gegambaran bab uripe menungsa ..klebu sing maca tulisan iki.wae . Sapa wae mesti wis pinaringan berkah saka sing mbaureksa jagad, ananging menawa ora isa Subur isa wae kuwi dudu salahe banyu sing ngileni, isa wae kuwi merga pancen tandurane sing bermasalah. Dene kanggo conto bab tanduran sing Subur kuwi isa migunani kango sapa wae. Wite edum enak sinawang, godonge ijo royo-royo nyenengake lan wohe isa dadi cukuping kabutuhaning liyan. Yen isa kaya sing sinebut kuwi tandane KILENAN banyu sing apik,ananging menawa ora isa kaya sing sinebut, isa wae kuwi ora  KILENAN banyu,utawa wis KILENAN banyu ananging wegah nggunakne banyu peparinge Gusti.



“Jo, rong ndina ngandi ora ngetok?Ditakokne wong sakndesa lho?”Takone Lik Ndoleng nneg Dalijo,nalika esuk bubar bakda arep mangkat ngarit.
“Tunggu pari Lik..yen ditinggal kabeh bakdan ngko para gemet dipangan manuk..”Semaure Dalijo sareh.
“Alesan kang..padune wegah kepethuk kanca-kanca, merga wedi dipoyok’e” Semaure Nduk I’in kaya padatan, semune sengak lan ngece..
“Aja ngono In, aku serius..aku nunggu tanduran neng sawah, eman-eman yen dientekne manuk..lan aku ora mung nunggu nggonku dewe..kabeh tak tunggu, ben sing bakdan kepenak atine,tenang pikire..”Semaure Dalijo.
“Wuah..canggih..idemu jian joss Jo..kuwi mratandani yen uripmu KILENAN banyuning panguripan..sip..aku dolan lho Jo, kepethuk Tarsi..”Lik Ndoleng ngalem ning bar kuwi sajak ngece merga nyinggung bab Tarsi.
“Ben..sakarepmu Lik..arep mangkat ngarit sik..”Semaure Dalijo njur mangkat ngarit sinambi nglepus, djarumsupere jik sakpak.

Mbahe’’

2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH