Senin, 10 Juni 2019

PRECAYA


Senen Legi 10 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DALANING MAKMURMU


Yoel 2:18-29
Jabur 48
Markus 9:14-29
“Gusti Yésus ngandika: “Apa kandhamu? Yèn Aku bisa? Tumrapé wong precaya, ora ana barang mokal.”Markus 9:23

Tembung PRECAYA utawa ya isa disebut Percaya gampang olehe nyebut, gampang olehe ngomongake, malah kepara wis dadi kaya perkara sing latah. Saben-saben ngrembug bab agama, mesti babagan PRECAYA utawa Percaya kuwi sing didadekne paugeran, merga pancen PRECAYA utawa Percaya kuwi sing dadi undheraning agama. Ananging apa iya ana gepok senggol sing gathuk temenen ing antarane PRECAYA karo tumindak?Lha yen bab iki kok sajak’e kudu ditaliti luwih serius sakdurunge pada sarujuk.

PRECAYA kuwi kahanan sing diduweni titah sing sinebut menungsa,, merga ora ana titah liya sing isa nduweni ka-PRECAYA-n, dadi ya mung menungsa, klebu sing maca tulisan iki..Kahanan sing lumaku lan klakon ora mung adedasar sak perkara wae, ananging kabeh kahananing uriping menungsa, ing bab PRECAYA ana Rasa,Karsa,Nalar,Tumindak lan Setya. Tanpa ana limang perkara kaya sing kasebut ing nduwur, mokal PRECAYA isa urip lan nguripi Menungsa. Yen urip lan nguripi PRECAYA, mesti isa nindakne apa wae pagawean apik ana ing uripe neng njagad iki, sepisan meneh APA WAE pagawean apik. Lho kan yaw is akeh sing pada PRECAYA ta? Lha wong saben papan pating tlecek papan pangibadah, apa kuwi ora nuduhake bab PRECAYA sing dilakoni menungsa?HORA!!

OBATE HIPPERTENSI


Wong neng papan pangibadah kuwi durung temtu nduweni sipat PRECAYA, isa wae kuwi mung merga isin yen diarani ora nduwe agama,isa wae kuwi mung ben diarani dudu wong jahat, isa wae kuwi mung supayane dialem minangka wong soleh. Yen wong PRECAYA kuwi mesti tumindak kaya sing diPRECAYAni. Mula tumraping warga greja, sing (jare) PRECAYA marang Gusti Yesus, ya kudu tumindak persis kaya sing ditindakne Gusti Yesus. Lho apa isa?Lha rak tenan ta..lagi maca wae wis suwala yen ora PRECAYA!

Crita neng Injil Markus 9 kanthi cetha wela-wela nyenggrok mata bab kaya ngapa sing nderek lan nderekne Gusti Yesus wae durung PRECAYA sakwutuhe. Para murid sing ngadepi masalah bab dhemit pada ora isa nundung dhemit, merga PRECAYA’ne jik culilik poll. Lan nalika Gusti rawuh njur didukani,merga PRECAYA’ne sing mung sakupile Tengu. Lan nalika kuwi gusti ngendika kanthi cetha, “Gusti Yésus ngandika: “Apa kandhamu? Yèn Aku bisa? Tumrapé wong precaya, ora ana barang mokal.” Tumrape wong PRECAYA ora ana sing mokal!! Kuwi wae,Titik!
“Lik, aku meh mbangun omah warisane swargi bapa karo simbok kae dadi papan sing luwih migunani tumrap liyan, isa Rumah Doa, Isa Rumah Retreat lan isa uga dadi Hotel”, Ujug-ujug Dalijo mbukak rembug’an nalika mulih seka rewang mae tanggane, kira-kira jam 11 wengi.
“Weh, apa ya klakon ta Jooo..Jo?Mbok ya mikir, apa agutanmu,endi modalmu,rasah ngayawara, kana gek raupa ben padhang penyawangmu!!” Lik Ndoleng sajak erosi..eh emosi.
“In..iki dulurmu lanang jupukno banyu sesiwur wae, gebyurna raine ben ora kebablasen ngimpine!!!”Lik Ndoleng mbengok ngundang Nduk I’in, sing njur gragapan metu seka kamar, karo jik nggawa slimut lan ketok Owehe pating dleweran merga cen wis wengi.
“A..a..apa Lik..ana apa,sapa sing kobong?”Takone Nduk I’in jik gragapan.
“Kobong dengkulmu pethak kuwi! Iki Lho, Dalijo nglindhur, jare arep mbangun omahe dadi mbuh apa kae..”Lik Ndoleng jik nesu lan muni-muni ora karuwan.

NGGO SING LARA UNTU


“Lik, terserah sliramu, arep PRECAYA ya kono, ora ya kono. Iki aku sing nglakoni, lan aku yakin bakalan isa. Sing ora PRECAYA ya sumangga, ora kudu dipeksa, wong ya akeh sing jare PRECAYA karo Gusti wae ya nyatane busss..blas ora ana buktine. Mangkat neng nggreja wae kaya kembang bathang, metune setahun pisan,pisungsung kaya mbayar nguyuh, rongewunan,ndonga ya arang kading, maca renungan rada dawa sambate ngaru-ara..”Semaure Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere, dene Lik Ndoleng gowoh kaya Tumo nyawang pilem BF.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH