Sabtu, 15 Juni 2019

NGRUNGOKNE


Setu Legi 15 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

RUNGOKNA IKI!


Wulang Bebasan 4:1-9
Jabur 8
Lukas 2:41-52
“Hé anak-anakku, rungokna piwulangé bapakmu. Gatèkna, supaya kowé olèh pangertèn.” Wulang Bebasan 4:1

Tembung NGRUNGOKNE asale seka lingga Krungu, sing tegese isa nampa swara sing mampir ana ing sarana pangrungone. Isane krungu merga frekwensi sing ana neng swara kuwi gathuk karo piranti pangrungu. Kabeh titah iki mesti nduweni piranti kanggo ngrungokake, sanadyan beda-beda kahanane. Dadi tembung NGRUNGKOKNE kuwi tegese tumindak kanthi aktif kanggo nampani sawernaning pawarta utawa swara lumantar piranti pangrungon. Sing dadi undheran ing bab iki yakuwi tumindak aktip,ora pasip. Lha bedane apa?Yen aktip kuwi tumindak sing kanthi sengaja lan nduweni tujuan sing gumathok, dene krungu sing pasip kuwi mung saderma krungu, ora ana pambudidaya kanggo ngerti luwih seka swara kuwi.

Raja Soleman nate maringi piwulang bab NGRUNGOKNe. Ana neng kitab wulang Bebasa, neng kana dicethakne bab ajining pagawean NGRUNGOKNE kuwi. Tujuan NGRUNGOKNE ora mung supaya diarani wong sing mbangun turut, ananging supaya oleh pangerten, utamane pangerten bab sing apik. Lumantar ngrungu, banjur isa ngerti,lan sakwise ngerti banjur tumindak utawa nglakoni. Mokal isa nglakoni tanpa ngerti, lan mokal uga isane ngerti nalika ora NGRUNGOKNE. Saking wigati lan ajine, mula sanadyan bab NGRUNGOKNE kuwi bab sing lumarah, biasa lan ora dramatis, nanging kuwi sing dadi salah siji pokok piwulange Gusti,lumantar Raja Soleman.

Lho, lha sejatine apa ya ana sing duwe piranti pangrungon ananging ora nate NGRUNGKONE?Hehe..akeh wae nganggo banget. Piranti saka Gusti kuwi jangkeb, supaya tumindak’e menungsa ya jangkeb tur apik, ananging yen dijaluk NGRUNGOKNE, biyuh angele ngeram. Ya sajak’e ketok yen NGRUNGKONE, ananging ora isa krungu lan sakbanjure babar blas ora ngerti apa-apa, merga  mung katone wae NGRUNGOKNE, sejatine mbuh lagi mikir utawa nggagas apa.
Sanadyan kayane gawean NGRUNGKONE kuwi mayar, ananging yen wis urusan supaya NGERTI utawa NGERTENI sing dadi kekarepane sing ngetokne swara utawa piwulang, jian angel banget. Dene sing ndadekne angel kuwi akeh, contone bab “pola pikir”. Sajeg’e ing pikirane sing bener kuwi dewekne, diwulanga nganti Ulu kuwi Poligami, mesti ora isa paham. Mula saka kuwi, bab NGRUNGOKNE kuwi pakaryan sing katone sepele, ananging ngemi wigati sing gede temenan.

IKI YEN ANAKMU DEMAM


“Jo, jik eling pawarta dek minggu ra?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo sing jik dolanan Hape karo klepas-klepus neng Lincak Sor Talok.
“Elingku mung sarasean prei Lik” Semaure Nduk I’in sinambi nglempiti pakaian sing bubar dicuci lan wis garing.
“Weh, ya meneri In, rada longgar wektuku..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyruput kopi sing katone jik puanas.
“Mulane ta Lik..duwe kuping kuwi ya digunakne, aja mung nggo pajangan. Kuping mung dipasang kaya wajan, jangkeb ning raono paedahe!”Dalijo pungkasane semaur.
“Pisan iki Jo,aku ranggatekne..Teninn” Semaure Lik Ndoleng..
“Yen sarasean prei wae bungahe ngeram, kamangka sejatine iki manggon neng mae Yu wasti. Diliburke merga Kang Markun dines luar Kota” Semaure Dalijo, sajak mancing Lik Ndoleng.
“Weh..lha kok ndadak prei barang. Wong jenenge sarasean, sinau seserepan bab pangandikan Gusti kok ya prei,iki nalare piye?. Ora isa, batalna preine!!” Lik Ndoleng sajak semangat mbatalke preine Sarasehan.
“Kasep..!Mulane duwe kuping dinggo ngrungokne, aja mung nggo pajangan. Yen usulmu dek minggu mungkin ya klakon Lik” Semaure Dalijo, sinambi mak brabat, mbuh meh ngandi!

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH