Rabu, 12 Juni 2019

BOCAH


Selasa Pahing 11 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

CARANE NGGATEKNE BOCAH


Yehezkhiel 11:14-25
Jabur 48
Markus 9:30-37
“Sapa sing nampani bocah sing mengkéné iki atas jeneng-Ku, kuwi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, kuwi dudu mung Aku waé sing ditampani, nanging uga Gusti Allah sing ngutus Aku.”

BOCAH kuwi kahanane menungsa nalika ana neng umur tartemtu,yakuwi nalika umure durung luwih seka 12 tahun. Sanadyan jik bocah ananging ya tetep sinebut menungsa, mergane Gusti Allah nitahke menungsa, ora nitahke BOCAH. Ciri-cirine menungsa diarani BOCAH paling gampang ya seka umure, pawak’ane lan tingkahlakune. Yen niteni seka umur kui luwih gampang, merga ana catetane, dene yen niteni lumantar pawak’an sejatine ya mayar, merga yen jik BOCAH mesti awak’e jik cilik, ananging iki ora isa dipestekne, merga ana wong sing umure tua ananging pawak’ane cilik, ana uga sing sejatine jik Bocah ananging awak;e gedene ngeram. Dene cara nitneni sing kaping telune yakuwi bab tingkah laku, bocah kuwi tingkah lakune (luwih) jujur,lugu,polos,spontan lan uga adedasar naluri, dene yen wong sing luwih tua tumindak’e adedasar nalar. Mula yen ana sing maca tulisan iki njur tumindak’e jik adedasar naluri, aja nesu yen diarani mBOCAHi….


ATASI KOLESTEROL ANDA


Neng Kitab Suci ana crita bab BOCAH, lan crita iki digunakne dening Gusti minangka sranane piwulange. Ing crita kuwi Gusti Yesus mulang bab kepiye kudune para murid nampa kahanane BOCAH. Ngendikane Gusti, sing sapa nampani BOCAH iki atas Asmane, sejatine kuwi sing ditampani Gusti Yesus piyambak. Iki sejatine sindiran pedes tumrap para murid, sebabe sakdurunge kuwi pada rebutan dadi sing paling gede dewe, paling terkenal dene, paling populer dewe. Para murid mikir yen dadi wong gede kuwi kudu diladeni lan nglakoni bab-bab sing katone sangar lan joss. Lha jebul manut piwulange Gusti, sing pengen Gede lan terkenal kuwi kudu isa nampa BOCAH sakanane kahanane. Iki sing ndadekne para murid kaget, lha mung BOCAH cuilik wae kok kon nggatekne peng-pengan,apa paedahe? Mbokmenawa mengkono sing digagas para murid. Uga, mbokmenawa ana sing maca tulisan iki melu muring karo Gusti, iki lak ngece greja, merga greja ora patio nggatekne BOCAH…Mula saka kuwi, kudune kabeh kahanan ditampa kanthi padanging pikiran, aja milah-milah.

“Jo, kok wingi ana pengumunan, jare pas preinan arep ana acara kanggo BOCAH-BOCAH, potenan?” Takone Lik Ndoleng nalika awan kuwi santai neng Sor Talok.
“Tenan Lik..iki program sing apik..mula kudu disengkuyung” Wangsulane Dalijo sinambi nyawang Tegal lan Sawah neng sisih Lor omah sing pada dienggone bebarengan.
“Badala..lha acara kaya mengkono kuwi pora nganggo ragad, njur sing ngragati sapa?” Lik Ndoleng sajak njedul nesune.
“Ya diragati bareng-bareng ta Lik..wong iki bab sing apik,rasah erosi…”Nduk I’in seka pawong nggawa kopi panas lan kimpul goring melu semaur.
“Emosi In” Dalijo ngelikne.

SANG PENAKLUK HIPERTENSI


“Oiya ding kang..kleru.”Semaure Nduk I’in.
“Wong mung preinan BOCAH wae kok kudu dipikirke greja ki nalare piye Jo?” Lik Ndoleng jik sajak penasaran.
“Iki bab penting Lik, jare Kitab Suci, yen awak’e dewe nampani bocah kuwi sejatine nampani Gusti lho. Dene nampani kuwi ya akeh carane, salah sijine mikir,nggatekne lan uga ngragati apa sing dadi butuhe BOCAH” Semaure Dalijo karo nyruput kopine sing sajak’e jik panas banget..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH