Sabtu, 01 Juni 2019

AMBEGAN


Setu Pahing 1 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 33:18-23
Jabur 97
Yokanan 1:14-18
“Ora ana wong siji waé sing wis tau weruh Gusti Allah. Nanging Putrané Allah ontang-anting, sing jumeneng Allah piyambak, lan sing tetunggilan karo Sang Rama, kuwi sing ngetingalaké Gusti Allah marang kita.”Yokanan 1:18

TIPS SEHAT NAN ALAMIAH


Sapa wae sing maca tulisan iki mesti sinambi AMBEGAN, merga kuwi dadi salah siji pratanda yen titah kuwi urip. Ngaku’a urip, ananging yen ora ana AMBEGAN’e ya kuwi mung ngayawara, dene ngaku’a ora urip ananging nalika jik isa la nana AMBEGAN’e kuwi tetep isa diarani urip.  Lha sejatine apa ta AMBEGAN kuwi? AMBEGAN kuwi sejatine proses natural, yakuwi lakuning angin mlebu metu neng ragane titah kanthi sengaja, dene titah kuwi sakngertiku ya menungsa,kewan lan tetuwuhan, dene watu lan banyu aku ora isa njarwakne. Angin sing menjero lan metu seka awak’e titah kuwi, mirunggan menungsa, nduweni tujuan apik, yakuwi kanggo kesehatan lan proses pertumbuhan, dadi ora mung menjero-metu thok tanpa ana tujuane.

Sanadyan kabeh titah urip mbutuhke lan nglakoni AMBEGAN, ananging arang sing isa ngukur lan ngetung sepira gede utawa abote angina sing disedot lan disebulne. Uga ora isa ngerti wujud’e angina kuwi kaya ngapa, lan nggawa apa nalika mlebu lan nalika metu. Ananging sanadyan ora isa weruh lan ngerti, menungsa yakin utawa percaya yen manfaate angina sing mlebu lan metu kuwi gede banget. Jare para winasis, angina sing mlebu kuwi angina apik, angina suci sing isa kanggo njaga lan mbangun ragane para titah. Dene angina sing metu, kuwi ya angina apik,ananging metune ngusungi sabarang kang kahanane wis ora dibutuhake meneh karo menungsa utawa titah. Dadi cekak aose, AMBEGAN kuwi jian dibutuhake kabeh titah, klebu sing maca tulisan iki, sanadyan arang sing gelem urun komentar, mbuh kok ya kabeh pelite ngeram..hehe..

AMBEGAN kuwi isa diarani rutinintas, ananging rutinitas sing paedahe jian pol tenan. Angin sing wira-wiri menjero-metu liwat irung kuwi gaweane jian abot tenan, ngusungi sing apik lan uga ngguwang sing ala. Dadi, sepisan meneh, AMBEGAN kuwi sanadyan pakaryan sing katone sepele lan ora ndadak sekolah pomeneh kuliah ben isa, merga kabeh wis diparingake dening Sing Ngecet Lombok, aja disepelekne. Uga sanadyan ora katon, aja mbok remehake..kuwi paedahe jian poll tenen..


                                                           VIDEO LENGKAP

Semono uga kahanane Gusti Allah, sanadyan ora katon ananging ana lan paedahe ora isa kaukur. Mula yen arep mengerteni kahanane Gusti Allah, njajala ngrasakna AMBEGANmu dewe-dewe, lan nyadara yen tanpa AMBEGAN urip iki sejatine ora ana. Semono uga kahanane Gusti Allah, sanadyan ora isa mbok sawang lan disawang, ananging paedahe ora isa kaukur nganggo ukuran apa wae, mulane pada atura panuwun, aja pada nyepelekne.
“Jo, gedang sing mbok imbu kae ora mbok dol po?”Takone Lik Ndoleng.
“Ora lik..meh tak suguhne sapa wae sing mbedayoh..uga arep tak aturke “mbahe”, ben isa nggo suguhan tamune pas riyaya..”Semaure Dalijo sareh.
“Kan wis ana “jadwale” ta ja soal mbahe, ngapa ndadak saiki mbok pikirke?”, Lik Ndoleng sajak ora trima.
“Wong tumindak apik wae kok ndadak diatur ta lik..ngapa kakean cengkok..hambok ya ben kang Dal arep nyawiske suguhan sapa wae sing pas riyaya sesuk mbedayoh,lan uga ngaturi mbahe. Ngapa nunggu jadwal?!!” Nduk I’in ya melu sewot..
“E..ee. wong sirku mung meh alesan ora arep mikir kaya sing dipikir Dalijo kuwi..ya apik apa sing dipikir lan dilakoni Dalijo kuwi, tumindak apik kuwi kudu kaya AMBEGAN, rasah diatur ning teratur lan rutin..sepurane cah yen aku kerep luput..”Lik Ndoleng semaur sajak kranta-ranta..

Mbah’e..

SOLUSI CERDAS


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH