Kamis, 13 Juni 2019

BALA


Kemis Wage 13 Juni 2019
BENINGE EMBUN ESUK

RAHASIANE DALIJO


Wulang Bebasan 3:13-18
Jabur 8
Markus 9:38-40
Rasul Yokanan matur: “Guru, kula sami sumerep wonten tiyang ingkang nundhungi dhemit mawi nyebut asma Panjenengan. Tiyang wau lajeng sami kula awisi, awit piyambakipun sanès saking golongan kita.” Gusti Yésus ngandika: “Aja kokpenging. Awit yèn ana wong gawé mujijat nganggo nyebut jeneng-Ku, kuwi mesthi ora bakal tumuli ngala-ala Aku. Sapa sing ora nglawan kita, kuwi nyarujuki.” Markus 9:38-40

BALA kuwi isa uga diartekne kanca, ananging tembung BALA nduweni teges sing luwih ngarah utawa ngener marang kekancan sing awatak gerombolan. Sanadyan tembung BALA kuwi sejatine netral, ananging yen wis diungelke ana ing sakjroning kelompok,isa dadi artine negatip. Lho lha piye nalare kok artine negatip? Merga yen ngaku BALAne si A mestine ya ora bakalan dadi BALAne si B, lan menawa iki ora dirumat kanthi bener lan pener, isa nuwuhake pasulayan sing nggegirisi.

SOLUSI TEPAT UNTUK MASALAH MIGRAIN


Ana crita neng Kitab Suci bab BALA-BALA’nan, yakuwi nalika rasul Yokanan mrangguli kahanan ana salah sawijining wong sing dudu klebu BALA’ne wani lan isa nundhungi dhemit. Merga rumangsa dudu BALAne, mula Yokanan njur wadul karo Gusti Yesus, pengangkahe lapurane isa ndadekne Gusti duka, merga dudu sekabate kok tumindak asta Asmane. Lha jebul Gusti ora duka, malah Gusti sarujuk yen sing sapa wae tumindak ora nglawan Gusti, kuwi tegese BALA, sanadyan ora tansah gemrudug ngandi-ngandi bareng. Manut kawicaksanane Gusti, sapa sing diarani BALA kuwi ora sing saben wayah bebarengan, dudu sing katon runtang-runtung dadi siji, ananging sing TUMINDAK’e pada, lan sing baku tumindak apik. Manut Gusti Yesus, bab BALA kuwi bab pada-pada tumindak lan kuwi tumindak apik. Sajak’e Gusti Yesus nembe maido utawa nyindhir para sekabate lan uga sin maca Kitab Suci, yen sing paling penting kuwi tumindak apik, ora mung sadrema nampilake identitas sing ketok’e sakBALA , ananging babar blas ora tumindak apik.

Ing jaman saiki apa sing dilakoni Yokanan ya jik akeh banget, sing diarani BALA kuwi mung sing mathuk karo kekarepane lan sing tansah gemrudug bebarengan, sanadyan kerepe ora ngetokake tumindak apik marang liyan. Ing jaman saiki arep ngrewangi wae ndadak dipilih lan dipilah, kuwi BALAku utawa grupku apa dudu, yen BALAne langsung direwangi, dene yen dudu BALAne utawa genk’e ora bakalan digagas. Mentalitas BALA-BALAnan utawa genk-genk’an kuwi wis nyrambahi tekan ngendi-ngendi paguyupan, malah paguyupan agama ya katut, klebu greja. Sapa sing nduweni genk pa kelompok, kuwi sing nguwasani panguripan. Sing dudu enk’e utawa BALAne, mesti ora digagas.

                   Tahukah Kamu, Ada Solusi Praktis & Alami Tanpa Bahan-Bahan Kimia Yang Bisa                                             Membantu Mengatasi Masalah Kolesterol Dalam Waktu 2-3 Hari ?

                           SOLUSI KOLESTEROL YANG TEPAT



“Lik, sidane melu piknik pora?” Sore kuwi Dalijo nakoni Lik Ndoleng bab rencana arep piknik.
“Weh, yomelu ta Jo..iki lak nunjukake guyupe awak’e dewe.”Semaure Lik Ndoleng sareh,sinambi mangan kimpul bakar.
“Anu Lik, aku wis diwe’a karo panitiane, bab papan lungguhe. Raoleh protes,kudu manut! “ Semaure nduk I’in seka njero pawon, swarane serak-serak garing medeni bocah.
“Lha sing ngatur sapa?Welingku para sesepuh dipernahke, kapurih milih, aja panitia genk-genk’an, milih sakarepe dewe, ora mikir liyane. Merga saben piknik mesti sing mapan milih ya wonge kuwi-kuwi wae” Lik Ndoleng sajak kemropok yen ngrembug bab iki. “Yen arep BALA-BALA’nan, arep genk-genk’an, ora bab sing nggugu karepe dewe, ananging bab tumindak apik” Lik Ndoleng mbacutake rembug’e, dene Dalijo mung merem-merem sajak nggatekne, lan Nduk I’in mbuh ngapa neng pawon.

Mbah’e..

2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH