Rebo
Legi 29 Juli 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Wulang
Bebasan 1 :1-7
Jabur
119 : 121-128
Mateus
17 : 1-9
Petrus banjur matur marang Gusti Yesus:
“Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka
marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka,
satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.” Mateus
17:4
PENJALUK kuwi asale saka tembung
Njaluk, sing tegese tumindak lumantar rembugan lan basa isyarat, kang ancase
nampa samubarang saka liyan. Anane Njaluk kuwi amarga rumangsa ora nduwe, utawa
rumangsa kurang. Njaluk kuwi uga amarga tuwuh pepinginan lan ing pungkasane,
anane Njaluk kuwi supaya nampa lan marem. Dene tembung PENJALUK kuwi tegese
sabarang tumindak kang katujokake marang liyan, supaya liyan kuwi nuruti
kekarepane. Masalah apa kang dadi kekarepane lan klakon apa ora PENJALUK kuwi,
beda perkara. Ananging kabeh kang aran PENJALUK kuwi, ancase supaya kekarepan
keturutan. Dene bab PENJALUK kuwi isa dipilah dari loro, PENJALUK becik lan
PENJALUK kang ora becik.
Ana crita neng Kitab Suci bab PENJALUK,
malah menawa dirasa lan disawang klebu PENJALUK becik. Crita kuwi ana ing Injil
Mateus bab 17 ayat 1-9. Ing kana dicritakne nalika Gusti Yesus munggah gunung
lanngajak sekabate cacah telu. Nalika tekan nduwur lan para sekabat ngrasakne
pengalaman kang rinasa ngepenakake, mula njur nduweni PENJALUK marang Gusti. Dene
PENJALUK’e kuwi yakuwi supayane Gusti
kersa nampa ide lan usule Petrus, sing arep ngyasakne pondokan utawa tenda. Dene
ancase nggawe pondokan utawa tenda kuwi supaya Gusti Yesus krasan, amarga nembe
sapatemon karo Elia lan Musa. Ananging PENJALUK kang rinasa apik kuwi babarblas
ora direken utawa digagas dening Gusti. Bubar “janjiane” karo Elia lan Musa
rampung, Gusti Yesus ngajak mudun cah telu kuwi.
Mrangguli kahanan kang kaya mengkono
kuwi, Petrus ora nesu, ora mutung, ora ngamuk. Sanadyan ide utawa usule jian
blas ora digagas, Petrus jik bergas, jik setya tuhu nderek lan nderekake Gusti. Iki pasinaon apik bab kaimanan, bab nderek
Gusti. Nderek Gusti lan nyenyuwun utawa ngejokne PENJALUK marang Panjenengane
kuwi ora kudu kabeh dituruti, kudu manut kawicaksanane Gusti. Sanadyan ana ing
penganggepe dewe ide utawa usul kuwi joss kotos-kotos, top-markotop, ananging
menawa ora dadi kersane Gusti, ya kudu manut.ora pareng nesu..Hayo, kuwi sing
maca sinambi mencereng kaya Banteng putus cinta, enggal mesem,aja njekathut
kaya mengkono!!! Hehe..
“Jo, sakumpamane mbesuk Porang sing
mbok tandur ora ngetokne hasil apik kepiye sikepmu?” Takone Lik Ndoleng neng
Dalijo, nalika esuk kuwi wedangan neng dulngomah.
“Weh, ya taktampa kanthi legawa Lik..Aku
mung ngayahi jatahku, aku nduweni PENJALUK marang Gusti, supaya tanduran
Porangku ngetokne hasil sing apik. Ananging kabeh mbalik marang Gusti” Semaure
Dalijo sajak solehe ngeram.
“ Wah… jian wicaksana temenan
wangsulanmu Jo..apik..josss!!” Tanggepane Lik Ndoleng, sinambi ndudut MLDne
Dalijo, alesane rung kober neng warung.
“Kabeh kabutuhan Porang takusahakne
takcukupi Lik, merga aku nduweni PENJALUK marang Porang, mbesuk genti nyukupi
butuhku. Kuwi kang tansah takaturke minangka pandonga marang Gusti. Lan aku
yakin, hasil kuwi ora bakalan nyelaki pambudidaya..” Dalijo njlentrehake
penemune bab PENJALUK, pambudidaya lan Hasil ing tembe.
“Setuju awakmu aku kang. PENJALUK,usaha
lan tegen kuwi syarat utama anane hasil. Aja kaya sampeyan Lik, sembrana
tumindak ananging njaluk sukses. Kaya olehmu mbiyen nyedaki Yu Wasti. Merga mung
inggrang-inggring mula ora kasil..” Iin semaure, njur bablas makklebat arep
neng warung.
“Trondollo buntungg!!! Kok malah tekan
Wasti menehh!! Dusss…” Batine Lik Ndoleng, merga meh muni isin, wong tulisan
wae ngko jik diedit…hehe
Mbah’e..