Sabtu, 21 Maret 2020

NGLIRIK


Setu Legi 21 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 15:32-34
Jabur 23
Lukas 18:9-14
Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika. Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun. Lukas 18:11-12

NGLIRIK kuwi nyawang kang ora tumuju marang papan kang sakmestine. Umpamane madhep ngalor, njur mripat kudune nyawange ya ngarah sisih Lor, ananging malah mapanke panyawang sedilik tumuju papan liyane. NGLIRIK kuwi kaya tembung-tembung liyane, ora isa madheg dewe, mula nduwene arti ya menawa urip dadi ukara. NGLIRIK kuwi isa nduweni arti utawa teges sing apik, nalika tujuanne kanggo eling lan waspada, dene yen NGLIRIK kuwi tujuane kanggo pamer lan nyombongke kahanan, kuwi sing hora apik.

Neng Kitab Suci Perjanjian Anyar, ana crita bab tumindak NGLIRIK sing ora becik. Kuwi dilakoni dening pawongan saka trah Farisi lan kuwi nalika ndonga. Tumindak sing ora apik kang diagem Gusti Yesus minangka srana piwulang kuwi klakon nalika padha nindakne ayahan kapercayan, yakuwi ndedonga. Wong Parisi ya rutin bab ndonga, ananging dongane mung lamis lan kebak pamer. Ndonga kuwi kan urusane menungsa karo sing kwasa, mula ya kudu mandheng marang Gusti, ndengagak. Sakwise ndengagak njur nyawang awake dewe, apa yawis pantes sowan ana ing ngarsaNe Gusti. Yen durung ya enggal mertobat lan yen uwis ya sumangga dirasakne dewe. Lha iki wong parisi nalika ndonga, ora ndengagak malah NGLIRIK kiwa lan tengen lan bubar kuwi njur pamer karo Gusti Allah. Rumangsane Gusti ora pirsa apa piye kok malah ndonga wae ndadak dipamer-pamerke. Iki sing luput ana ing ngarsane Gusri, arep ndonga wae ndadak NGLIRIK kiwa lan tengen njur pamer.

Iki beda karo kersane Gusti. Gusti ngersakne tumindaka sing pas karo kersane lan kuwi tujuane kanggo urip kang luwih becik. Yen uriping kaimaman kuwi mung merga supaya beda karo liyane, kuwi ora ana paedahe. Tumindak apik kuwi ya kudu iklas kanthi tujuan kanggo tumataning jagad, aja tumindak apik mung supaya nampa pangalembana, lan menawa ora dialem njur nesu.
Saka piwulang esuk iki, ana sing kudu dibundheli, yakuwi bab ndonga. Ndedonga kuwi sesambungane menungsa karang Gusti, dudu Gusti karo menungsa, mula ya rasah NGLIRIK kiwa lan tengen njur pamer. Orasah pamer wae Gust iwis pirsa.

“Jo, aku kok ora mathuk ta, yen pisungsung neng nggreja kae diwartakne”, Lik Ndoleng sore kuwi mbukak obrolan bab pisungsung, ora mikir korona maning.
“Lha ora mathuk’e piye Lik? Dalijo nanggepi santai, sinambi nyumet MLDne.
“Jenenge pisungsung kuwi kan kanggo Gusti, mosok diwartakne? Pora mesakne sing ora pisungsung?” Lik Ndoleng menehi alesan.
“Lha jenengmu powis tahu disebutke Lik?” Takone Dalijo meneh.
“Weh, yen aku wegah disebut kok Jo, aku nyawang kiwa lan tengen, mesakne..”Semaure Lik Ndoleng.
“Yo genah wae ora tau disebut kang, wong ora tahu pisungsung mirunggan. Arep nyebut jenenge sapa wong babarblas ora ana sing mlebu “Ndoleng”, piye Jal?” Nduk I’in njedul saka pawon nggawa wedang kopi lan langsung nyemes Lik Ndoleng.
“Oalah Lik..jebule nduweni usul kuwi merga kaya ngono ta? Mbok aja kaya mengkono ta Lik…hmmm” Dalijo sajak getun karo tumindake pakne Cilik Ndoleng. Dene Lik Ndoleng ya kaya biasane, ora nduwe isin, kuwi kabukti nalika bubar diumrengi njur njaluk udud’e Dalijo.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH