Senin, 30 Maret 2020

PROSES


Senen Kliwon 30 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 17:17-24
Jabur 143
Yokanan 8:21-30
Wong wadon mau tumuli matur marang Nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.” 1 Para Raja 17:24

Sabarang kahanan kang kudu lumaku kuwi sing diarani PROSES, mbuh kuwi tumuju marang bab sing apik utawa ora apik. Jenenge wae PROSES, mula ya durung bisa dibiji utawa diarani apik lan ora apik, sanadyan tujuanne cetha. Isa diarani apik lan ora apik kuwi nalikane si PROSES wis tumeka ing tujuan akhire. Ananging ora gampang nampa kahanan sing kinaranan PROSES kuwi, okeh wong (mbokmenawa klebu sing maca tulisan iki) sing ora sabar marang si PROSES, senenge ndang rampung…thas-thes njur lega..(Kamangka ana Lho..sing seneng yen isa suwe..hihi..). Weladalah malah ngomong apa iki…Hmmm…
Mbalik neng bab si Proses mau, sing kudu dilakoni dening menungsa yakuwi ngerti arah tujuanne PROSES kuwi, arep marang sing apik apa sing ala. Sakwise paham, njur sinau ngakoni patrap urip sing sabar, ora kesusu, malah isa keseseg ing mengkone.

Bab PROSES kuwi nate dicritakne ana ing Kitab Suci. Neng Kitab Para Raja dicritakne bab lelkone nabi Elia. Nalika kuwi nabi Elia nembe lumaku lan tumuju ana ing Sarfat. Nabi Elia nunut neng omahe mbok rondo (ssst..sajak’e wis rada tuwa..), lan nduweni anak siji..(anak’e mbuh lanang po wedok, kitab suci ora nyritakne). Sakwise nindakne mujijate Gusti lumatar glepung lan lenga sing ora entek-entek, njur ana kedadeyan nggrantesake. Anake mbok rondo lara lan tumeka ing patine. Sanadyan win ngalami mujijat, nanging nalika meruhi anake lara lan mati,mbok randa kuwi nesu lan ngamuk marang nabi Elia. Mirsa kahanan kang kaya mengkono, nabi Elia banjur sambat marang Gusti lan diparingi kwasa nguripke anak’ mbok rondo, lan akhire ya urip maning son..hehe..

Lelakon kaya sing dilakoni mbok rondo kuwi ing jaman saiki ya akeh sing ngalami. Ora sabaran, gampang nesu lan ora gelem sinau apa kang dadi kersane Gusti. Kabeh kuwi PROSES, merga kuwi PROSES mula ya aja kesusu anggone “menilai”. Sing kudu dilakoni mung percaya, Ndonga lan makarya, jumbuh karo kersane Gusti. Ora pareng ngege-ge mangsa, ben wae kabeh Gusti sing mranata. Yen ing jaman saiki lagi ana PROSES pemulihan harmoni semesta lumantar Korona, ya ayo sabar lan manut apa kang dadi prentahe sing kawogan. Sing sabar, sing sumarah, ben isa ngerti kersane Gusti Allah, lan sakbanjure kaya mbok rondo ing Sarfat, isa nyawang “Uripe” anak’e meneh.

“Jo, kira-kira rondo neng kitab para raja kuwi jik nom powis tuwa ya?”Takone Lik Ndoleng, nalika jagongan neng Sor Talok, nundhung sepine kahanan merga prentah kanggo “physical distancing”.
“Sing genah ayu Lik..”Semaure Dalijo sakenane.
“Weh, poiyo, tik weruh kowe Jo?” Lik Ndoleng sajak penasaran.
“Yo jelas, lha wong wedok apa ya nggantheng ta Lik…” Nduk I’in melu nyaruwe.
“Dusss…dlondong..kiraku weruh tenan Jo..”Lik Ndoleng ngumrengi awak’e dewe.

Simbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH