Senen
Pon 23 Maret 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
BIBIT PORANG
Yesaya
59:9-19
Jabur
146
Yokanan
4:43-54
Nalika priyayi mau krungu warta manawa
Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang
ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake,
awit anake iku wus arep mati. Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau:
“Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.” Unjuke
priyayi mau: “Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula
dereng pejah.”
SENGAK
kuwi wujude rasa, yakuwi rasa sing ora enak. Merga ora enak, mula ya arang wong
sing seneng karo rasa SENGAK. Sanadyan artine sing wiwitan saka tembung SENGAK
kuwi babagan rasane omben apa panganan, ananging ing sakbanjure artine tembung
SENGAK kuwi isa uga sing ana gegandengane karo rembug utawa omongan. Yen SENGAK
kuwi bab omongan utawa rembug, biyuh..biyuh rasane lara luwih suwiii…Merga saka
kuwi, ora sithik menungsa sing wegah nampa omongan SENGAK, sanadyan sok muni
sing yen dirungu jian, SENGAK’e poll..
Balik
neng SENGAK kanggo rasa, kuwi mesti menawa diombe utawa dipangan, njalari sehat
saka penyakit apa wae. Semono yga bab SENGAK ing tembung, kuwi menawa dirungu
lan sakbanjure dadi kaca pangilon, isa dadi sehating kahanan.
Nalika
Gusti Yesus mulih meneh neng Galilea, rawuhe dadi kabar sing mbungahake tumrap
wong-wong ing kono. Kuwi merga mbiyen nate nggawe mujijat, ndadekne banyu biasa
dadi anggur, lan kuwi isa nylametake wong sing nembe duwe gawe, ndilalah
ngepasi Gusti Yesus rewang. Ana salah siji wong sing krungu lan ndelalah
nduweni masalah, yakuwi anak’e lara lan meh mati. Nalika sowan Gusti, ora ko
langsung ditampa lan didongakne, malah diparingi rembug sing SENGAK. “Menawa
ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya” Rembug iki
jian SENGAK temenan, ananging SENGAK’a kaya ngapa, merga butuh, ya ditampa
kanthi bungah, lan kuwi sing njalari warase anak’e. dadi SENGAK kuwi isa dadi
obat sing manjure ngeram.
Ing
jaman saiki, ora sithik wong sing wegah nampa kahanan sing rinasa SENGAK, kabeh
njaluke penak, ananging ora sadhar yen kepenak kuwi isa wae malah nuntun marang
bilahi. Contone bab ngadepi wabah korona, para-para sing kawogan mranata
kahanan wis nganjurake supaya sumene, rutinitas winates supaya si pirus ora
nyebar ngandi-ngandi. Ananging ya jik akih sing ngeyele ngeram, ora leren malah
dolan. Cen yen kaya ngene iki kudu diparingi rembug sing SENGAK. Wong-wong sing
jik ngeyel lunga-lunga sanadyan ora penting, kuwi tingkat kewarasane perlu
dicek, jik waras apa wis owah..Muga-muga rembugku sing SENGAK iki ia ngobati
lelara wabah korona sing cen nggegirisi.
“Seka
ngendi Lek?” Takone Nduk I’in sore kuwi nalika padha wedangan, sanadyan sajak
aneh nalika padha wedangan, lungguhe jarak’e adoh-adoh.
“Tuku
udud, kentek’an In, pekeweh karo dulurmu lanang kuwi” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Halahhh.,
padune arep nyawang Yu Wasti wae ndadak kokean alesan. Jian pinter temen
alesanmu Lik” Nduk I’in nanggepi wangsulane Lik Ndoleng.
“Wong
wis takkandani, aku duwe setok okih, eee..jik nekad, mesti mung ben isa nyawang
Yu Wasti, merga ora isa salaman.” Dalijo melu urun rembug.
“Rasah
mikir Yu Wasti ndisik Lik, iki ayo meneng sik, ben korona iki ndang minggat!” I’in
wiwit serius.
“Lha
sampeyan kuwi mung nyawang Yu wasti wae kok bungahe ngeram, lha mbok cilik
Trinil kuwi kurang apa ta Lik? Mbok eling, sadhar..neng kana mung disapa aruh
wae bungahmu raukur, neng ngomah apa-apa diladeni..bangbayikk” Sajak erosi
Dalijo karo Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung kukur-kukur bathuk sing keemelop
merga kena sorote lampu cedak blandar.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar