Kamis, 19 Maret 2020

NGULIG


Kemis Wage 19 Maret 2029
BENINGE EMBUN ESUK

Kebun Porang

1 Samuel 15:10-21
Jabur 23
Lukas 11:14-23
Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Nabi Samuel: “Kula rak sampun ngestokaken sabdanipun Sang Yehuwah lan sampun nglampahi ingkang kadhawuhaken dening Sang Yehuwah dhateng kula lan kula mbandhang raja Agag, ratu ing Amalek, nanging tiyang Amalek sampun kula tumpes sadaya. Nanging rakyat sami mendheti jarahan ingkang rupi menda, punapa dene, lembu-lembu ingkang pethingan, ingkang dipun pisah saking ingkang pancen badhe kapejahan, badhe kakurbanaken sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, wonten ing Gilgal.” 1 Samuel 15:20-21

Jaman cilikanku mbiyen, nalika isih ana neng saktengahing tlatah “pegunungan seribu” olahraga sing murah tur ya meriah yakuwi bal-balan. Lho kok murah, lire piye? Lha yo genah, wong bal siji isi dinggo dolanan bocah sak’akehe, orasah etungan sewelas-sewelas, pokok’e sakeneke bocah. Lha ing sakjroning bal-balan kuwi ana istilah sing jenenge NGULIG, sing tegese ngendhani (meh ngango judul ENDHA wis kanggo..iki link'e...ENDHA) mungsuh ngrayah ball an uga nyegak “pergerakane”. Dadi sing isa NGULIG kuwi sing wasis bal-balan, sing lincah lan uga lipet, yen saiki ya kaya kang Leonell Messi lan Siwo Kristiano Ronaldo kae. Oiya, mbalik neng bab NGULIG mau. NGULIK kuwi ana ing olahraga bal-balan tujuane apik, merga nggawe strategi utawa siasat sing  sah utawa legal supaya menang. NGULIG kuwi beda karo diping (diving), merga kuwi reka-reka tiba ben wasit kapusan lan mungsuh entuk ukuman.

Bab NGULIK kang tujuane ala kuwi nate klakon neng Kitab Suci, yakuwi sing dilakoni dening raja Saul. Ana neng kitab 1 Samuel bab 15 dicritakne, kaya ngapa polahtingkahe raja Saul kanggo NGULIG nabi Samuel. Raja Saul ora sadhar yen Samuel kuwi utusane Gusti Allah, mula mikire ya isa wae dibupus utawa diULIG dening dewekne. Ananging Gusti pirsa lan utusan Samuel ngelik’ake. Ananging jenenge wae wis tumindak cidra, sanadyan wis dielikake, ya tetep wae NGULIK lan malah nyalahake wargane, masyarakate. Wong wis cetha wela-wela neng ngarep mata tumindak salah kok ya ijik isa NGULIG, kuwi mung isa dilakoni dening wong sing rasa pangrasane wis kethul-bunul ora tedas nggo ngiris katul!

Ing jaman saiki ya jik akeh menungsa sing wasise ngeram yen kon NGULIG, ora nyawang apa jabatane. Ana sing wong biasa tekan sing jarene “Tokoh Rohani”. Merga tumindak cidra lan wedi kelangan panggautan, mula NGULIG lan nyalahake liyan, lha pora bajindul yen kaya ngene iki. Jabatan karohanen lan uga “jubbah” wis ora ana artine yen dibandingake karo duwit lan kalenggahan. Kaya Saul sing salah lan tinampik dening Gusti ananging jik mbegegeg ora gelem lengser, nunggu disundhang dening Gusti Allah dewe. Lan ing pungkasane crita, Saul ya kesundhang dening Gusti, kamangka nalika dijak rembugan karo Samuel manut, mesti carane kesundhang ya luwih semuth.. (smooth).

“Jo, apa bener jare ana “tokoh” sing cetha wela-wela nyolok mata “konangan” njur ora gelem ngaku?” Lik Ndoleng sore kuwi sinambi wedangan nakoni Dalijo bab sing blas ora cetha.
“Hambuh Lik..takonmu wae ora cetha, njur njawabku kon piye jal? Wangsulane Dalijo sinambi nyuet MLDne.
“Aku dewe krungu ya mung sruwing-sruwing gek..takira  kowe paham”, Semaure Lik Ndoleng.
“Huss..rasah melu ngrembug para wong “joss”, sanadyan tumindake ya babarblas ora joss..” Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Lho, kowe ngerti ta In?” Dalijo nakoni I’in.
“Haiyah, ngerti kang..iki kaya pokale paklik..seneng nyawang Yu Wasti, sanadyan wis dadi duwek’e kang Markun. Nalika konangan lan dielikne malah NGULIG rasak baene..” Mangsuli ngono I’in sinambi nglirik Lik Ndoleng sing sajak erosine meh mumbulll…

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH