Selasa, 24 Maret 2020

NGAMUK


Selasa Wage 24 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 42:14-21
Jabur 146
Yokanan 5:1-16
Padha rungokna, he para wong budheg padha mandenga lan ndelenga, he para wong wuta! Sapa kang wuta yen dudu panunggalane abdiningSun, tuwin kang budheg kaya utusaningSun? Sapa kang wuta kaya utusaningSun lan kang budheg kaya abdining Yehuwah? Sira ndeleng prakara akeh, nanging ora nggatekake, sira ngengklengake kuping, nanging ora krungu.Pangeran Yehuwah demi karsane nylametake kepareng maringake piwulange kang agung lan mulya;

Sapa wae pernah NGAMUK, mbuh merga sebab sing lumrah lan tinemu nalar, uga merga kahanan kang ora lumrah lan tinemu nalar. Sejatine NGAMUK luwi kahanan kang lumrah, merga kuwi akibat kahanan sing ora jumbuh karo kekarepan. Ananging ya kudu eling yen ora kabeh kekarepan kuwi apik lan nalika ora klakon njur sah-sah wae NGAMUK. Dene NGAMUK dewe ana pirang-pirang model. Ana model NGAMUK lumantar meneng wae, ora gelem dijak caturan lan uga ana NGAMUK ndadekne rusaking kahanan. Lha sing kaya mengkene iki sing kudu didandani.

Gusti Allah ya nate NGAMUK, malah bola-bali. Kaya kang tinulis ing Kitab Yesaya 42 kuwi. Ing kana dicritakne kaya ngapa NGAMUK’e Gusti Allah merga ngeyel bangsa ngisrael sing ndubillah encit. Dikandani ngeyel bareng sengsara ngamuk marang Gusti.  NGAMUK’e Gusti kuwi tujuan utawa ancase apik, beda karo NGAMUK’e menungsa, mesti okeh sing mung merga kekarepane pribadi ora klakon. yen Gusti NGAMUK kuwi merga mirsa kahanan menungsa sing tumuju marang karusakan, yen tumuju marang bab sing apik, tangeh lamun Gusti NGAMUK. Ananging sanadyan diamuk dening Gusti, akeh menungsa sing ora (gelem) nyadhar lan sakbanjure mertobat, anane mung ngrusak lan ngrusak.

Saka piwulange Kitab Suci ing dina iki, ayo padha nyadhari bab polah tingkahe awake dewe. Aja nganti kabeh ndadekne Gusti NGAMUK lan duka marang jagad iki. Yen ana sing lumaku ora bener lan pener, ayo padha dielikne cikben mbalik marang laku kang apik lan becik.

“Kok wingi esuk tangga tan omah ana swara pating krompyang ana apa In?” Dalijo nakoni dulure wedok.
“Kuwi lho kang, wetan omah padha engkel-engkelan lan sakbanjure bablas tukar padu. Lanang wedok bareng-baeng olehe NGAMUK, mula akeh barang sing remuk” Wangsulane Nduk I’in.
“Wong kok ora sabaran cah, sithik-sithik ngamuk. Wong kuwi sing sareh,sabar ben subur..”Lik Ndoleng njedul langsung melu urun rembug.
“Halaaahhh..tuku rokok sing ndodoli dudu Yu Wasti wae NGAMUK Lik sampeyan ki..ndaak nggaya sok wicaksana..” Nduk I’in mangsuli ukarane Lik Ndoleng lan Lik Ndoleng ndingkluk sinambi mbatin misuh-misuh.
“Dusss…bajindull…kenek meneh…”

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH