Jemuah
Kliwon 20 Maret 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 15:22-31
Jabur
23
Markus
12:28b-34
“Malah sanadyan lumaku ana
ing jurang palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai, margi Paduka ingkang
nganthi kawula; teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.”
Jabur 23:4
GADA
kuwi gaman, sing pigunane kanggo tetameng awak nalika ngadepin musuh utawa
kahanan kang mbebayani. GADA kuwi gaman ing jaman mbiyen, merga yen saiki kuwi
dinggo gaman, ya blas ora payu tur ya lucune ngeram. Dene wujud’e GADA kuwi
wesi dawa sing pucuk’e ana bendolane, lan bendolane kuwi isa didokoni paku lan
apa wae, pokok’e tujuane ben ketok galak lan medeni. Ing jaman mbiyen,
sakliyane prajurit, sing kulina nggawa GADA yakuwi Pangon. Para pangon ing
jaman mbiyen kudu ngadepi mungsuh sing maneka werna, sakliyane kewan alas ya
prampok lan sakkancane. Mulane para pangon ing jaman mbiyen, sakliyane nggawa
pecut (yen ing tlatah wonogiri cethen), ya nggawa GADA. Oiya, sakliyane kanggo
tetameng, GADA kuwi ya isa kanggo ngagag’I kewan sing ngeyele ngeram,
diacung-acungke ben wedi lan nalika ngeyel ya gebug sisan…hehe
Ing
Kitab Suci, pernahe neng Jabur, ana crita bab GADA. Ing kana prabu Dawud
nritakne pengalamane urip kaya dene wedus lan sing ngengon. Piyambak’e minangka
weduse, dene Gusti Allah minangka Pangon’e. minangka Wedus, prabu Dawud
ngrasakne pangengon sing joss..topmarkotop, mula saking seneng lan bungae,
nganti ditulis lan saiki dadi Kitab Suci. Kuwi kabeh merga pengalaman apik bab
dadi Wedus lan diengon dening Gusti Allah. Manut prabu Dawud, kabeh tumindak’e
pangon kuwi apik, malah nalika krungu swarane Teken lan GADA (Lantaran), kang
nandakne pangon ana ing papan kang cedak, kuwi ndadekne bungah. Kuwi merga si
Wedus, prabu Dawud ora tumindak slaah, tumindak’a salah ya ngaku, ora
plinthat-plinthut kaya wong jaman saiki (jare sing kinaranan Pangon ya akih
sing salah ora ngaku salah tur ya Plinthat-plinthute poll).
BIBIT PORANG
Tumrap
sapa wae kang jujur, blaka sutha, kepethuk sapa wae mesti ora dadi masalah. Kuwi
kabeh merga nduweni pemahaman Salah kuwi mesti Seleh. Ananging yen mentalitase
pancen wis ora cetha, ya malah nggawe pokal gawe sing ora cetha babar blas. Yen
ing Kitab Suci, Teken lan GADA kuwi isa minangka srana pepeling lan wedus
rumangsa bungah nalika sing isa ngelingkake cedak utawa teka, ing jaman saiki
kudune ya ngono. Yen salah lan dielingake, kudu manut lan malah matur nuwun,
ora malah nggacar sing ngelikake. Ning ya akeh sing luput, dielikake, malah
pethakilan rumangsa bener, kamangka tumindak’e wis cetha wela-wela nduleg
mata..hahaha.. Luput diwelehke, malah
nesu! Yen ing Jabur, pameleh kuwi malah ditunggu, swarane GADA malah
dadi kabungahan. Muga-muga ing jaman saiki ya ana sing kaya prabu Dawud.
“Lik,
mau bengi kok ora ngetok latian nggamel neng nggreja, ngandi hayo?” Takone
Dalijo neng Lik Ndoleng.
“Weh,
mosok ora mangkat kang? Lha kawit sore wis pamit arep nggamel ik?” Nduk I’in melu-melu
kaget bab Lik Ndoleng sing ora sida mangkat gladden nggamel.
“Iki
ora wancine kumpul-kumpul, meh ana
lokdon. Prentahe pemerintah kudu dilakoni,mula aku yora mangkat…Lha aku a…”
Wangsulane Lik Ndoleng, lan sakdurunge mbacutke ngomong, ndilalah hapene muni. Arep
njupuk kedisikan I’in lan diwaca.
“Weh,
ndi hapeku In..” Sajak kweden Lik
Ndoleng.
“Lhadalah….mang
mbengi jebul neng warunge Yu Wasti..hmm…iki ana WA seka Yu Wasti, ududmu
jisamsu sing kari separo, keri,kuwi wae durung diabayar” Ngomong ngono kuwi, I’in
karo ngelungke hape neng Lik Ndoleng.
“Anu
cah..hmm…anu, mau bengi jane arep mangkat, tapi udan deres..anu..”Gugup Lik
Ndoleng olehe wangsulan.
“Hayah,
endi ana udan, padhang njingglang…iki minangka pepeling Lik,aja mbok
terusne,tinimbang digebug GADA dening Gusti” Dalijo rada serius ngomong, dene
Lik Ndoleng mung ingah-ingih kaya Cenggeret putus cinta..
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar