Senin, 09 Maret 2020

NGGRESULA


Senen Wage 9 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK

Kebun Porang

Wilangan 21 :4-9
Jabur 128
Lukas 6:36-38
Sawuse mangkono banjur padha budhal saka ing gunung Hor, metu ing dalan penere sagara Teberau, arep ngubengi tanah Edom; ana ing dalan bangsa mau wus ora bisa sabar maneh, banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.” Wilangan 21:4-5

Ora ndadak sekolah dhuwure ngungkuli langit, sing jenenge menungsa kuwi wasise ngeram yen mung kon NGGRESULA. Kuwi kabeh isane klakon merga “gawean” NGGRESULA kuwi pancen mayar, lha wong mung kari protes marang kahanan sing ora dikarepake. Nduweni kekarepan cerah lan ora udan, lha kok malah udan sedina muput, menungsa njur NGGRESULA. Nduweni kekarepan diladeni (kaya pasamua gekaje), eee..malah diajak ngladeni,mulakna ya NGGRESULA lan njur nggedumel  lan pasuryane mbethathut kaya Laron putus cinta.



Bab NGGRESULA kuwi nate klakon nalika bangsa ngisrael sing dipimpin nabi Musa lumaku saka Mesir tumuju Kanaan. Merga adohe ngeram lan malah diubeng-ubengke Gusti merga ndableg’e ngeram,  bangsa ngisrael rumangsa abot lan rekasa. Merga krasa abot lan rekasa kuwi ndadekne padha NGGRESULA. Nggresula merga urip dirasa luwih rekasa tinimbang neng Mesir, NGGRESULA merga  kudu lumaku marang papan kan aduuuuuuooh..lan angel dalah suwene ngeram. Kabeh kuwi sing marakne wong ngisrael NGGRESULA.  Sakliyane adoh lan angel, NGGRESULA’ne bangsa ngisrael kuwi ya merga ora dong karo kersane Gusti, mung nggugu karepe dewe. Yen ngerti kersane Gusti, mesti ora bakalan NGGRESULA, mulane ing jaman kapan wae, sing sapa NGGRESULA kuwi tegese ora ngerti kersane Gusti.

Bab NGGRESULA kuwi ora mung neng jamane Musa, ing jaman saiki ya nggladeg sak arat-arat. Saiki malah luwih nggegirisi, luwi parah. Sithik-sithik NGGRESULA, nesu lan masang praenan mbethathut medeni bayi turu. Sanadyan beda jaman, ananging sebab-musabab’e  NGGRESULA ing jaman saiki lan jamane bangsa ngisrael sing dipimpin Musa kuwi meh pada, yakuwi sing klakon ora jumbuh karo kekarepane. Lha yen kekarepane mung kanggo senenge dewe, mosok’o dituruti dening Gusti?

“Jo, aku jan ora mathuk karo “kebijakane” panitia pikenik ngenekne poting bab papan kang dituju!”, Lik Ndoleng sinambi sebal-sebul ndamoni kopi panase mbukak rembukan.
“Lha dijak musyawarah mupakat ora gelem, jak rembugan mung meneng wae, ditawakne papan-papane karo panitia mung meneng wae, malah tampange mbethathut kaya kinjeng kasmaran. Baren kudu milih lan dienekne poting, malah nggedumel jare aku ora milih…” Wangsulane Dalijo.
“Lha piye meneh, renek sing sreg aku bab papan sing dituju..” Alesane Lik Ndoleng.
“Padune wegah melu wae ndadak kokean lambe ta Lik…mbok rasah nyrimpeti lakune pasamuane Gusti. Rasetuju meneng wae, rasah bethothat-bethathut lan medeni bocah!” Nduk I’in njedul sinambi nggawa kimpul bakar.
“Ben wae ta In, kuwi ya jejangkepe jagad. Oiya, Yu wasti sidane melu ra In? Wong kang Markun dines, mula rasido melu” Dalijo mangsuli lan nyebut Yu Wati.
 “Sido kang, sanadyan kang Markun mbatalke. Ning jare diganti ponakane, mula kursine pas, raisa nyusul. Yen ana sing meh nyusul, papanke bagasi wae.” Semaure  I’in sinambi nglirik Lik Ndoleng sing sajak NGGRESULA ora sido melu pikenik.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH