Minggu, 22 Maret 2020

NJEDULAKE


Minggu Pahing 22 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 16:1-13
Jabur 23
Efesus 5:8-14
Yokanan 9:1-41
Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega jebadana, yaiku wonge!” Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama. 1 Samuel 16:12-13

Tembung NJEDULAKE kuwi linggane “njedul” sing tegese, metu saka papan kang sinengker utawa kahanan kang durung dimangerteni. Diarani NJEDULAKE merga ora isa njedul dewe menawa tanpa srana kahanan kuwi. Sing kena dinggo conto, yen wiwitan mangsa labuh kae, bareng bar udan deres banjur ana Laron, lha udan kuwi isa diarani sing marakake NJEDULAKE Laron saka papan pandelikane. Lan meneh, kahanan kang sansaya padhang marakake Jago utawa pitik lanang banjur kluruk. Iki ya isa diarani kluruk’e pitik lanang utawa Jogo kuwi merga kahanane sansaya padhang, seka esuk tumuju marang awan. Dadi kahanan neng jagad iki isane njedul ya merga ana sing NJEDULAKE.

Neng crita Kitab Suci ya ana sing kaya mengkono. Kahanane ngisrael nalika diratoni dening Saul sansaya suwe sansaya nrenyuhake, merga ginecak dening mungsuh, salah sijine bangsa Pilistin. Pancen rekasa ginecak perang karo mungsuh, ananging lumantar kahanan kuwi, Gusti Allah banjur duwe srana kanggo NJEDULAKE si Dawud, bocah dekwingi sore tinimbang sedulur-sedulure. Gaweane mung angon neng pangonan, durung isa perang nglawan prejurit mungsuh. Sanadyan dirasa aneh dening bapakne Dawud, Pakde Isai, ananging kapirsan esip ana ing Gusti lumantar nabi Samuel. Sepisan meneh, obah mosiking kahanan ing njagad iki sejatine  diagem dening Gusti kanggo NJEDULAKE kahanan liyane. Dene sing kerep klakon, kahanan kang nggegirisi kanggo NJEDULAKE tokoh utawa pawongan, dene kahanan kang nyenengake minangka pepeling ben eling lan waspada.

Ing jaman iki, saiki iki, wulan maret rongewu rongpuluh, ana kahanan neng njagad sing isa kinaranan nggegirisi, yakuwi “njedule” pirus korona, sing perkembangane jian ora njamak cepete. Jagad rada horeg lan akeh sing padha sumelang. Lha menawa kahanan iki sinawang saka kacamata kaimanan lan nggoleki kersane Gusti, mesti iki mung sranane Gusti NJEDULAKE berkah kanggo jagad lan titah liyane. Menawa digathukake karo critane Dawud ing Kitab suci, kahanan iki kaya jamane ngisrael digecak dening bangsa Pilistin, lan ralet suwe meneh mesti bakalan njedul “Dawud” anyar saka ingjagad iki.
“Lik, sampeyan wedi karo si Korona pora?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika sore kuwi neng Lincak, durung padha adus, merga nembe seka tegalan.
“Sik, aja ngrembug bab si korona, aku njaluk ududmu, sa ler wae..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ajeggg…mesti lali nggawa utawa ketinggalan. Padune meh njaluk wee..”Dalijo gembreneng nggagas pakne cilik sing pancet njalukan.
“Eslow Jo…sareh, wong sareh entheng jodone..hehe… Oiya, anu Jo, bab si Korona mau, kuwi wong ngendi, ayu apa ora?” Lik Ndoleng sajak penasaran.
“Jik ayu Yu Wasti Lik, sanadyan saiki awake sansaya lemu sakhilolah..”I’in seka kali ngindhit Jun melu nyauri.
“Dusss..kok tekan Wasti barang Innnn???” Takone Lik Ndoleng.
“Weh, lha sampeyan ki ya kuper gek Lik..Korona kuwi dudu rondo, dudu saingane Yu wasti. Tapi kuwi pirus sing mbebayani tumrap menungsa. Kuwi lagi njedul rungsuwe, ananging jagad horeg. Mbuh iki kersane Gusti arep diagem kanggo NJEDULKE sapa utawa apa, kuwi kaya renungane simbah’e..” Dalijo mangsuli sinambi nyumet MLDne..

Simbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH