Kamis, 05 Maret 2020

NJALUK


Kemis Kliwon 5 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK

Tanduran Porang

Yesaya 51:1-3
Jabur 121
Mateus 7:7-12
Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.” Mateus 7:11

Yen ana sing gelem “nyurpe”, gawean apa sing paling mayar dewe lan sing dadi idolane menungsa, mbokmenawa NJALUK kuwi sing nomer siji. Lire kepiye? Lha ya jelas, wong NJALUK kuwi ora paitan apa-apa, paling mung paitan ora isin wae.  NJALUK kuwi gawean sing ora ndadak sekolah dhuwure sundul langit wae mesti wis pintere ngeram. Merga saka mayare kuwi mulane akeh menunsa sing gaweane NJALUK. Jajal gatekne wae yen pada nganakne “Panyuraosing Alkitab”, njur tekan titi mangsane doa sapaat, mesti nju rebutan arep NJALUK didongakne, mulane njur “daftar peNJALUKane” jian sakrenteng kaya sepur Arga Ngemur.

Gusti Yesus nate memulang bab NJALUK. Neng Injil Mateus bab 7 dicethakake, yen sing sapa wae golek bakalane oleh, sing thothok-thothok bakalane dibukakne lawang lan sing NJALUK bakalane diwenehi. Ayat nats iki sing marakne wong akeh ngidolai, njur senengane mung NJALUK wae. Kamangka bab NJALUK vs diwenehi kuwi gumantung karo Gusti. Bener Gusti kuwi maha mirah, bener Gusti kuwi maha sugih, bener Gusti kuwi maha Kwasa, bener yen kabeh iki Kagungane Gusti,ananging ana siji sing kerep dilalekne. Lho apa ta kuwi? Gusti kuwi MAHA WICAKSANA. Merga maha wicaksana, mula sanadyan ngendikan sapa wae sing NJALUK bakalane diwenehi utawa diparingi, ananging yen penjaluk kui ora cunduk karo kahanan lan butuhe, ya ora bakalan diparingi.

Mulane, saka tulisan ringkes iki, ayo padha sadhar, yen unine pangadikane Gusti neng Kitab Suci kuwi aja mung ditampa mentah, kudu disaring lan dirasak-rasakne. Tujuane supaya paham lan sakbanjure sansaya sumarah ana ing kawicaksanane Gusti. Oja nganti menungsa kuwi malah “ngudeta” Gusti, rumangsa luwih kwasa tinimbang Gusti, njur isane mung prentah lan NJALUK wae marang Gusti.

“In, ngandi paklik kok durung njedul?” Takone Dalijo neng I’in.
“Ambuh kang,  mbokmenawa jik nesu..” Wangsulane Nduk I’in.
Weladalah, lha ngapa kok nesu, nesoni apa lan sapa? “ Dalijo nakokne bab nesune Lik Ndoleng.
“Wingi takelikne, pas aku nggodog banyu nggo gawe kopi. Wis taksemayani, dilukneh ya Lik, malah muni-muni kaya manuk Kacer pengen poligami kae. Bar kuwi raine ditekuk-tekuk njur nyetatus neng setori pisbuk..sing intine maido aku. Jare cahnom ora ngurmati wong tuwa, jare cahnom ora tanggap lan sakpiturute” Nduk I’in sajak wadul sakmareme.
“Cen kawit mbiyen Lik Ndoleng kuwi wonge NJALUK’an. NJALUK dipahami neng wegah mahami ponak-ponak’ane, NJALUK dingerteni ananging wegah ngerteni sedulur-sedulure, NJALUK didisikne, NJALUK diantemi uga..hehe” Dalijo mangsuli bab Lik Ndoleng rada erosi,eh emosi lan nembe mandeg nalika Lik Ndoleng njedul.
“Dus..takrungokne seka kulon ngomah jebule ngrasani aku ta cah?” Unine Lik Ndoleng njur lungguh neng lincak, dene Dalijo lan I’in mung mesam-mesem lan njur meneng kabeh.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH