Setu
Kliwon 12 Oktober 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
NGUKUR BERKAH |
Yeremia
28:1-17
Jabur
66:1-12
Lukas
11:27-28
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana sawijining wong wadon saka
ing satengahe wong akeh kang nguwuh marang Panjenengane, unjuke: “Rahayu ibu
ingkang sampun nggarbini Paduka saha payudara ingkang sampun Paduka sesep.” Nanging
Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake
pangandikaning Allah lan digatekake.” Lukas 11:27-28
Saben wong kuwi racake seneng NGUKUR
utawa mbiji. Apa wae yen isa diukur utawa dibiji, ananging emane anggone NGUKUR
utawa mbiji mau mung sederma manut pamawase utawa mung manut ukurane dewe. Pancen
NGUKUR utawa biji kuwi dudu gawean sing ala, malah kepara apik menawa tinampa
lumantar pikiran sing positif. Ananging ya ora isa diselaki yen ora kabeh
seneng nyawang samubarang nganggo panyawang positif. Sing isa didadekne conto
ya kaya apa sing dadi pambukaning tulisan iki, seneng NGUKUR utawa mbiji “Liyan”
ananging emoh diukur utawa dibiji. Dene anggone NGUKUR liyan mau akeh sing mung
babagan kurange utawa aspek negatipe, arang sing gelem kanthi blaka sutha blak
kotang terus embuh..eh saah terus terang menawa kudu NGUKUR utawa mbiji bab
sing apik tumrap liyan.
Piwulange Gusti Yesus ana ing Lukas 11
ayat 27-28 ngajak sapa wae sadar bab NGUKUR utawa mbiji manut petungane
menungsa nalika digathukne karo kersane Gusti. Ing jamane Gusti Yesus akeh
ukuran-ukuran sing isa dianggo NGUKUR, salah sijine bab “Rahayu”. Manut kacatingale
wong Yahudi lan budayane wong jamane Gusti Yesus, wong sing nduwe anak kuwi
binerkahan, dene sing ora duwe kuwi siniku utawa kena sikune Gusti Allah. Lha merga
saka penemu sing kaya mengkene iki, nalika ana wong wadon sing cluluk
ngalembana kanjeng Ibu Maryam, Gusti njejegne penemu kuwi. Kersane Gusti cetha,
ka-Rahayu-nan kuwi sing pinunjul utawa sing nomer siji ya mung sing ngrungokne pangandikane Gusti lan dilakoni (digatekne). Lha
njur bab nggarbini tumrap wong wadon kuwi apa ora oleh diarani rahayu? Oleh,
ananging NGUKUR karahayon kuwi aja mung merga nggarbinine para wadon. Ana sing
luwih utama, yakuwi nindakne kersane Gusti.
Sinau seka piwulange Gusti ana neng
Lukas 11 ayat 27-18 kuwi, ayo pada eling lan waspada bab NGUKUR. Oleh wae
NGUKUR marang kahanane liyan, ananging ya gelema diukur. Sakliyane kuwi, menawa
nemahi yen apa sing dadi ukurane dewe kuwi ora gathuk karo ukurane liyan, apa
meneh ukurane Gusti Yesus, aja mutungan, tetep sareh lan sumarah kanthi
biingah. Uga sing dadi paugeran, nalika awake dewe nembe “diukur” dening liyan,
tampa wae minangka basaning katresnan, orasah nesu, orasah ngamuk, orasah
mutung..woles wae bro..sis…hehe
KUNCI SEHAT |
“”Lik, aku krungu sruwing-sruwing, jare
sampeyan kerep mompar-mampir warunge Yu Wasti?” Dalijo sore kuwi semanta marang
Lik Ndoleng.
“Badalaaaa..lha sapa sing crigis
kuwi?Kok kurang gawan,aku mung saderma mampir warung wae kok diarani sing
ora-ora..sapa Jo sing nggambleh kaya mengkono kuwi, njaluk tak klethag
bun-bunane po!!?” Sajak Nesune pol Lik Ndoleng.
“Orasah nesu Lik, sareh wae..kuwi kan
wong liya sing NGUKUR polahe njenengan. Yen ora kaya mengkono ya sante wae,
woles..ananging yen iya, lan kuwi luput,aja dibaleni, ndang diowahi..”Dalijo
kanthi sareh nuturi Lik Ndoleng, lan merga saka kuwi, Lik Ndoleng mendo nesune,
njur nyruput kopi sing nggawe Dalijo, lan uga njupuk djarumsupere Dalijo.
“Jo, kok dulurmu wedok rongndina ora
ketok, apa masuk angina?” Lik Ndoleng nakokne I’in sing ora ngetok.
“Lagi pikenik, hunimun jare, neng
Sumatera.”Semaure Dalijo bab Nduk I’in.
“Weh, po arep kulak Gajah?”Takone Lik
Ndoleng.
“Mbuh raruh Lik, takono dewe, WA’o
kana, yen randuwe paketan, tetringa wekku” Semaure Dalijo, sinambi nyumet
djarumsupere.
Kyai Tu Pong JI
Tidak ada komentar:
Posting Komentar