Jumat, 11 Oktober 2019

KUMAT


Jemuah Wage 11 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

PITIK KUMAT


Yeremia 27:1-22
Jabur 66:1-12
Lukas 11:15-26
“Samangsa dhemit iku wis metu saka ing wong, banjur nglembara menyang ing papan-papan kang mluwa golek palereman, nanging sarehne ora oleh, nuli muni mangkene: Dakulihane tilas omahku. Banjur bali, omahe ketemu wis disaponi resik lan tumata becik. Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyane kang luwih ala katimbang karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alane ngungkuli sakawit.” Lukas 11:24-26

Tembung KUMAT kuwi tegese bali marang kahanan sakdurunge. Menawa sakdurunge nandang lelara lan njur sakwetara sehat utawa waras, ananging mung sedela anggone waras utawa sehat, merga bubar kuwi banjur lara kaya wingi uni, kuwi sing diarani KUMAT. Anadene kok isa mbalikmeneh utawa KUMAT kuwi merga mbokmenawa olehe mertamba utawa brobat kurang tapis lan sejatine duru mari utawa sehat sampurna, mula ya KUMAT meneh. Utawa sejatine wis sehat satuspersen, ananging sakwise sehat njur ora isa njaga kahanane dewe, mulane njur KUMAT lan isa wae larane pas KUMAT luwih nggegirisi. Anadene bab lara kuwi ora mung kang awujud pisik, ana liyane, klebu lara piker lan uga merga kadunungan demit. Mirunggan bab kadunungan demit, sakwise ditundung demite lan dadi waras, isa wae KUMAT, lan si demit nggawa bala sing akehe oranjamak.


Piwulange Gusti Yesus neng Injil Lukas bab 11 ayat 15 tekan 26 maringi pangerten bab anane “lelara” sing mbalik utawa KUMAT. Ing piwulang  kuwi Gusti Yesus menehi pengerten, supaya sapa wae tansah ngati-ati marang polah tingkahe si demit, merga sanadyan wis tahu katundung, yen ora jumaga kanthi permana lan waspada, isa wae si demit balik nggawa bala akeh. Lumantar piwulang kuwi Gusti ngersakne para kagungane tansah wling lan waspada, supaya tansah jumaga. Dene gawean njaga kuwi jian gawean sing rekasane ngeram, luwih gampang nguyak tinimbang njaga. Ananging  kepiyea wae, merga urip iki wis direngkuh dening Gusti, mesti ana kekuatan supaya kuwat anggone para kagungane jumaga, mung kari gelem apa ora. Diaringi kekuwatan kaya ngapa lan gedene pol-polan wae, yen ora eling lan waspada ya isa KUMAT, kamangka yen KUMAT kuwi dayane luwih nggegirisi lho..hehe

Mulane, aja nganti lali apameneh nglali, tansah jumaga’a supaya si demit ora bali,merga yen nganti bali, kuwi sing kinaranan KUMAT. Yen wis KUMAT biasane angel pulih, merga daya kekuatan si demit wis tikel tekuk lan sansaya kuwat. Sepisan meneh, dieling lan waspada, ben aja si demit mbalik lan ndadekne KUMAT.

“Rep ngandi Lik?” Takone Dalijo, nalika sore kuwi sanadyan grimis Lik Ndoleng malah klunuh-klunuh arep lunga.
“Nggolek..udud Jo, kentekan..” Semaure Lik Ndoleng.
“Sapa sing ngguwang udud Likm mosok nggolek. Udud ya tuku..”Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael, lan sajak raine sumringah merga arep dolan nyang Sumatra.
“Nggolek kuwi karepku ya tuku In..crigis kowe gi…kana gek tata-tata, jare arep pikenik nyang Sumatra..”Semaure Lik Ndoleng.
“Haiyah..iki ana udud Lik, rasah nggawe-nggawe alesan, padune arep nyawang Yu Wasti, ngerti kan yen kang Markun lagi dines luar kota?Aja sembrana Lik, ngko ndak KUMAT..”Dalijo ngomong kaya Begawan seka ngarit.
“Asem..apa wae sakparipolahku diwaca bedes-bedes iki..dusss..”Batine Lik Ndoleng, meh muni wedi dipenthelengi sing maca tulisan iki..

Kyai Tu Pong Ji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH