Selasa, 08 Oktober 2019

GOJEK


Selasa Legi 8 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Kidung Pangaduh 2:13-22
Jabur 137
Lukas 10:38-42
Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang karancang, wus netepi apa kang dadi pangandikane, kang diundhangake wiwit dhek jaman biyen, wus nggempur tanpa pangeman, mungsuh didadekake seneng ing ngatase kowe, sungune satru-satrumu wus didhuwurake.” Kidung Pangaduh 2:17

Kurang luiwh nemtahun kang wis klakon iki, tembung GOJEK jian dadi kawentar temenan. Saiki meh saben wong muni GOJEK ing sabendinane, mbuh kuwi arep mangan, arep lelungan, arep reresik lan arep pijetan barang ya kudu muni, paling ora mikir, GOJEK. Lho, lha sejatine apa ta GOJEK kuwi? Mbiyen tembung GOJEK kuwi nduweni teges tumindak utawa ngomong sing ora serius,isa uga diarani sembranan. Yen ngepasi ngobrol la nana tetembungan sing ora pas, njur muni..”Iki mung GOJEK lho ya..aja dilebokne ati.. (emange ati ana balangane kok isa dileboni?hihi)”. Kuwi kabeh klakon ing jaman mbiyen, paling ora sakdurunge sepuluh tahun seka saiki. Dene saiki, menawa muni GOJEK pikirane wis beda, ora bab solah tingkah sing ora serius,ananging muni GOJEK kuwi ngarani parusahaan sing nembe kawentar.

Aku, sing nulis iki percaya yen sapa wae sing maca tulisan iki paham yen Gusti Allah ora nate GOJEK. Apa wae kang karancang mesti katindak’ake. Sanadyan kaya mengkono, ya ora sithik menungsa sing kerep mapanke Gusti Allah ana ing kahanan GOJEK, ora serius lan merga saka kuwi ya ora percaya marang Pangandikane Gusti. Wis kerep sinau bab Kitab Suci, ananging ora nate dipahami, mung diapalke,mula ya mapanke pangandika mau kaya ge-GOJEK-an. Merga mapanke pangandikane Gusti mung kaya perkara GOJEK, ora serius, mula ya akeh sing kesiku dening Gusti, lan ye wis kesiku banjur sambat ngaru-ara.

OBAT ASMA JOSS


Bab Gusti Allah sing tansah “serius” kuwi nate kacetha ana ing Kidung Pengaduh, mirunggan ing bab 2 ayat 17. Neng kana dicritaken kaya ngapa “seriuse” Gusti karo apa kang wus dipangandikane. Iki klakon tumrap bangsa sing rumangsa pinilih, lan sing sansaya nrenyuhake, sing diagem kanggo ngukum bangsa sing pinilih kuwi malah bangsa liya sing diarani ora pinilih dening Gusti. Saka Kidung Pengaduh iki sejatine sapa wae isa sinau bab Gusti Allah sing ora nate GOJEK, tansah serius mranata titahe. Yen ngendika salah nampa paukuman ya klakon, semono uga nalika manut nampa kanugrahan. Mula saka kuwi, apik menawa kanggo sengganging urip kuwi perlu ge-GOJEK-an, lan uga kala-kala pesen GOJEK, ananging bab pangandikane Gusti, aja pisan-pisan GOJEK!

“Jo, unine Kitab Suci kae serius kabeh pora ya?” Sore kuwi Lik Ndoleng nakoni Dalijo, nalika kaya padatan, wedangan neng Sor Talok.
“Weh..ya berius-rius ta Lik, sampeyan kuwi piye karepe..!!”Kaya biasane, Nduk I’in  njedul njur nyoal-nyael.
“Lambemu In..aku takon Dalijo malah kowe sing semaur!!” Wangsulane Lik Ndoleng sajak erosii..
“Ya serius kabeh ta Lik, ora GOJEK..emange sampeyan..nresnani Yu Wasti semu GOJEK, bareng ditinggal nikah karo Kang Markun, njur nesu ngaru-ara..”Dalijo entheng wae muni bab Yu Wasti.
“Duss..malah tekan Wasti meneh..hmmm..”Semaure Lik Ndoleng sajak sansaya nesu.
“Hehe..sabar Lik, orang sabar kekasih dewata agung.. Ngene Lik..kabeh sing dadi kersane Gusti kuwi serius, ora GOJEK, mula ya lakonana, ben ngrasakne. Njajal saiki owahanan pola pisungsungmu, aja mung rongewunan, tapi sing abang kae..mesti berkahe pol-polan..”Dalijo njlentrehne.
“Lha, ngko yen ora klakon diberkahi piye Jo?” Sajak mangu-mangu Lik Ndoleng.
“Lha sing pikirane GOJEK malah sampeyan kok Lik, dudu Gusti. Mula owahana polapikirmu sik Lik..”Nduk I’in nambahi setrese Lik Ndoleng.


Kyai Tu Pong Ji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH