Rabu, 02 Oktober 2019

DIPULIHKE


Rebo Kliwon 2 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 33:1-13
Jabur 119:49-56
Mateus 18:1-5,10
Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber. Ingsun bakal mulihake kaanane Yehuda lan Israel lan bakal Sunbangun maneh kaya ing maune. Yeremia 33:6-7

Yen ing tanggal 24 September 2018 jejere BENINGE EMBUN ESUK pulih, ing dina iki rebo Kliwon 2019 jejere DIPULIHKE.  Yen Pulih kuwi artine baline kahanan kaya kang klakon sakdurunge merga pambudidayane dewe, DIPULIHKE kuwi ya meh pada, baline kahanan kaya sakdurunge,ananging merga dibantu utawa nampa pambiyantu utawa pitulungan saka Liyan. DIPULIHKE kuwi isa merga ora isa nglakoni dewe ananging uga klakon merga anane KATRESNAN kang ngluwihi kahanan.

Nalika bangsa ngisrael lan Yehuda nemahi kahanan  kang nrenyuhake, yakuwi nalika jaman sugenge nabi Yeremia, Gusti Allah merga gedene tresnane kagungan kersa MULIHAKE kahanane bangsa ngisrael lan Yehuda  kaya wingi uni. Sing maune ajur mumur ing sadengah kahanan meh dibalekne kaya sakdurunge. Kahanan tata kapercayan utawa agama DIPULIHKE, kahanan ekonomi DIPULIHKE, kahanan politik DIPULIHKE. Pokok’e kabeh kahanane bangsa ngisrael DIPULIHKE dening Gusti Allah. Kabeh kuwi isane klakon merga gedene tresnane Gusti Allah marang bangsa ngisrael. Lan bangsa Yehuda. Sakwise sabarang kahanane DIPULIHKE, Gusti Allah kagungan kersa, supaya tumindak ala sing nate dilakoni bangsa-bangsa kuwi ora dibaleni maneh.

Kahanane bangsa ngisrael lan Yehuda kuwi mbokmenawa klakon ing jaman saiki. Menawa mbiyen kabeh nehami ruwet lan ribet, saiki ya klakon mengkono, mbrusang ora tumata babar pisan. Ing babagan ekonomi durung mapan, ing babagan politik ya amburadul, ing babagan sesrawungan ya durung kaya kang kinersakake dening Gusti, merga kabeh padha mburu mareming watak kamanungsan. Wis akeh pambudidaya kanggo MULIHKE sing dilakoni dening wong pirang-pirang, ananging durung klakon. iki ya memper jamane nabi Yeremia, sanadyan wis bola-bali dielikne, diwelehne ya ora manut. Nembe klakon nalika Gusti Allah tumandang piyambak. Sing pada maca Kitab Suci ing jaman saiki mbokmenawa mung nggagas yen kahanan sing DIPULIHKE dening Gusti Allah kuwi kaya sulapan, sim salabim. Kamangka carane Gusti Mulihke kuwi ya manut kawicaksanane Gusti. Isa wae carane mulihke kuwi ya rekasa bangitt..

Mula saka kuwi, yen Gusti Allah wis ngutus utusane lan utusan kuwi ngelikake, pada manuta. Merga carane ngelikke Gusti lumantar menungsa kuwi luwih longgar, tinimbang langsung Gusti piyambak. Dene carane menungsa anggone ngelikake kuwi macem-macem, lan kuwi tujuanne mung supaya menungsa sing kesasar pada mbalik utawa bali mulih marang kahanan kang kinersakake dening Gusti Allah.

“Yuhh..jebule ya isin tenen Jo…” Sambate Lik Ndoleng nalika nembe ngrumpi karo Dalijo, dene Nduk I’in nembe rewang tangga sing meh ngundhuh mantu.
“Lha sampeyan, dielikne ora digagas..” Semaure Dalijo sareh.
“Lha lehmu ngelikne ya mung sakecap..ora tablang..”Lik Ndoleng jik alesan wae, wegah disalahne.
“Weh, kan wis cetha..aja dolan wengi neng warunge Yu Wasti Lek, mbok’a kuwi alesan tuku udud, lha malah ngeyel..jik nekad. Yawis.. Kuwi tegese sampeyan ditresnani Gusti,lan lelakon kuwi kudu diartekne sampeyan nembe DIPULIHKE dening Gusti. Ben kapok…”Dalijo ngecuprus marang pakne cilik, dene lik Ndoleng malah ngiler merga keturon..


Kyai Tu Pong Ji…



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH