Kemis
Pon 10 Oktober 2019
BENINGE
MEBUN ESUK
Yeremia
25: 1-14
Jabur
66:1-12
Lukas
11:5-13
“Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa
dumadi: Sarehne sira ora ngrungokake pangandikaningSun, lah Ingsun bakal
nimbali sakehe para umat saka ing tanah lor -- mangkono pangandikane Sang
Yehuwah --, lan dhawuh marang Nebukadnezar, raja ing Babil, abdiningSun iku;
Ingsun bakal nekakake para wong iku nglurugi nagara kene, wong-wonge kang padha
manggon lan bangsa-bangsa ing sakubenge, kang bakal padha Suntumpes,
Sundadekake pagiris, dadi lesaning panacad lan dadi ludhesan ing salawase. Ingsun
bakal nyingkirake swaraning kasenengan lan kabungahan, sabawaning penganten
lanang lan wadon, kumrusuking gilingan lan padhanging damar. Saindenging nagara
iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang
raja ing Babil pitung puluh taun lawase.” Yeremia 25 :8-11
Saben HP anyar mesti ana piture sing diarane alarm utawa cara
ilate wong Jawa ALAREM. Dene fungsi utawa manfaate ALAREM kuwi mingka cara
ngelingake bab wektu. Biasane yen wus ana jadwal lan uga minangka alat kanggo
nandani wektu. Yen sing angel tangi esuk, biasane mapan turu nyetel ALAREM,
supaya isa tangi ora telat. Dene unine ALAREM kuwi beda-beda, ana sing unine
kewan, kayata jago kluruk, kodok ngorek lan uga ana sing nganggo swarane pacare
pas lagi nggugah klawan mesrane ngeram. Kabeh kuwi tujuane supaya lumantar
ALAREM bisa eling, sadhar lan sakbanjure waspada.
Bab AlAREM kuwi Gusti Allah kawit jaman mbiyen temekan saiki lan
bakalane nganti saklawase, mesti tansah “ngunekne” ALAREM kanggo para titah
kagungane, klebu menungsa lan uga sing maca tulisan iki. Dene wujud’e ALAREM
mau beda-beda, gumantung kahanan lan kersane Gusti. Ana ing Kitab Yeremia
dicritakne, yen Gusti Allah wis ngunekne ALAREM kanggo bangsa Yehuda lan
ngisrael, ananging ora digagas babar blas. Merga ora nggags ALAREM saka Gusti
Allah kuwi mulane banjur diukum dening Gusti, sanadyan lumantar bangsa liya.
Ing jaman saiki bab ALAREM saka Gusti kuwi yaw is akeh banget,
dene wujud’e apa kuwi gumantung karo kahananing menungsa. Sing paling penting
tumrap menungsa yakuwi sinau ben isa lantip maca ALAREM saka Gusti Allah. Menawa
wis pada lantip maca obah mosiking kahananing urip, mesti ya isa maca ALAREM
saka Gusti, lan kuwi isa didadeken pangeling-eling. Anane ALAREM kuwi meh pada
sirine, bedane sirne kuwi mung magepokan kahanan bahaya. Ananging yen ora pada
isa maca ALAREM saka Gusti, isa uga ALAREM kuwi malih dadi SIRINE. Lan sakbanjure
tinumpes kahanan.
“Lik, wingi kae kenapa kok preksan neng ndokteran?” Takone Nduk I’in
marang Lik Ndoleng.
“Arep brobat In, mosok meh mancing..”Semaure Lik Ndoleng sajak
sugal.
“Weladalah, ditakoni apik-apik malah wangsulane empuk cor-coran..”I’in
ya sajak nesu.
“Lha Paklik ngeyele ngeram In, dikandani yen meh mandeg udud aja
ngeget..malah isa gaswat..eee….malah ngeget..ya kuwi kena sikuning udud..hehe”
Dalijo nyoba netralke kahanan.
“Mulane ta Lik, yen dielingke dulur kuwi manuta. Kuwi jarene
simbah Tu Pong Jie, minangka ALAREM. Yen ora isa krungu unine LAREM ya ngono
kuwi kahanane..” Nduk I’in sajak wis ora nesu meneh.
“Sepurane In, aku jik mikir jantungku kiye..durung maksimal
warase..” Lik Ndoleng semaur sinambi mesem.
“Ngko ben ndang sehat pull tak undangke Yu Wasti wae..Mesti
langsung waras saknalika” Nduk I’in sajak njarag Lik Ndoleng.
“Dusss..iki lara jantung temenan ya..aja sembrana kaya kuwe..malah
tekan Wasti..hmmm..dakdikdukserrr…” Lik Ndoleng semaur sinambi plengah-plengeh
persis jangkrik Kasmaran.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar