Selasa, 15 Oktober 2019

DONDONG


Selasa Pon 15 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DONDONG MESIR


Yeremia 29:24-32
Jabur 102:1-17
Lukas 11:37-41
Nanging Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe para wong Farisi, kowe padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak isi rampasan lan piala.” Lukas 11:39

Saka akehe jinise woh -wohan, ana salah siji sing klebu unik. Unike kuwi ora mung babagan kahanane woh-wohan kuwi, ananging uga akehe sing pada seneng, sanadyan ora legi lan malah kepara kecute oranjamak.  Woh sing ndakkarepake yakuwi DODONG, wernane ijo, ana kalane yen mateng dadi kuning. DONDONG kuwi sanadyan wite isa gede,ananging Woh’e ora nate isa ngluwihi gedene woh semangka,sing wite mung cuilik. Woh DONDONG kuwi nduweni isi, kaya lumrahe woh-wohan ing njagad iki, mung wae bedane DONDONG kuwi nduweni isi sing mbrusang ora nggenah. DONDONG kuwi kahanane walik’an karo Duren, yen Duren njabane ora apik babar pisan ananging isine dadi senengane wong akeh, yen DONDONg njabane alus lan isa kinclong,ananging njerone medeni.

Bab Duren lan DONDONG iki isa didadekne gegambarane watake menungsa. Ana wong sing katon apik,alus lan sumeh ananging njerone mbrusang kaya DONDONG. Lan ana wong sing katon nggilani merga kahanane mbrusang kaya Duren,ananging aten-atenane jian apike ora umum lan dadi klangenane wong akeh. Bab watak menungsa kang awatak nduren lan NDONDONG iki nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus. Nalika kuwi ana wong-wong Farisi sing nyaruwe marang Gusti Yesus nalika meh dhahar ora wijik. Kuwi kabeh disawang luput dening para wong Farisi. Mrangguli kahanan kaya mengkono kuwi Gusti Yesus paring pepeling yen urip kuwi kudu nduweni totalitas utawa integritas. Aja mung katon apik njabane ananging njerone nggilani, yen isa njaba ala ora papa, sing penting njerone jos ananging yen isa ya njaba apik lan njero ya apik.

IKI DUDU DONDONG


Ing urip iki akeh sing senengane nyawang lan mbiji liyan mung manut “kacamatane’ dewe. Salah bener mung manut pikirane, mula ya ora nggumunake yen wong Farisi mbiji ala marang sing pada mangan ora wijik ndisik. Ananging Gusti mirsa yen sing dilakoni wong Farisi kuwi mung lamis,mung ben diarani apik lan soleh, kamangka sejatine babarblas ora ana paedahe. Sanadyan katon seka njaba apik, ning isine kaya DONDONG.

“Lik, kon dadi seksi acara suk acara natalan” Dalijo ngabari Lik Ndoleng.
“Ashiappp…mathuk aku yen mung dadi seksi acara…” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Josss Lik..esipp…oiya..sampeyan sakseksi karo Kang Markun…sing kompak, rasah nagajak rapat neng mae kang Markun..malah mbathi ngko..”Nduk I’in sing wis mari kesele seka hunimun nyang Sumatra kaya padatan, nyoal-nyael..
“Duss..kok ya sakseksi karo Markun!!” Sanadyan lirih, ananging apa sing diomongke Lik Ndoleng kuwi keprungu Dalijo lan Nduk I’in.
“Oooo..jebule saksuwene iki ora tulus ta Lik, apik karo kang Markun? Jebul mung awatak DONDONG..apik seka njaba,jebul njerone mbrusang..” Dalijo  nyemes Lik Ndoleng sakkayange, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Pitik kelangan ndog’e merga dijupuk sing maca tulisan iki..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH