Jumat, 18 Oktober 2019

DICENCANG


Jemuah Legi 18 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DICENCANG


Yeremia 26 :16-24
Jabur 119 : 97-104
Lukas 10 :1-9
Suku kawula kawula pekak tumrap sakathahing margining piawon, supados ngestokaken pangandika Paduka. Kawula boten mengeng saking sarak-sarak Paduka margi Paduka ingkang mulang dhateng kawula.” Jabur 119:101-102

Jaman mbiyen, nalika jamane jik kenal karo gawean sing jenenge angon, ana salah siji gawean pangon sing diarani nyecang, yakuwi naleni kewan sing dingon nganggo dadung. Dadung dawane udakara lima tekan sepuluh meter, dikalungke neng gulune Kewan, njur poncote dadung ditalekne ana ing wit sing ana ing pangonan. Denen tujuane nyencang kewan sing dingon yakuwi supaya ora ngandi-ngandi, lan uga pangon sing wicaksana mesti nyencang ana ing papan kang akeh sukete. Dene nalika papane akeh suket tur ya ijo ananging ora ana wit sing isa dinggo nyencang, isa nancepke pathok. Dene kewan sing dipasangi dadung lan ditalekne ana ing wit utawa pathok kuwi isa diarani DICENCANG.

Bab DICENCANg kuwi nate dadi paseksine iman saka prabu Dawud kang nganggit kitab Jabur. Pernahe ana ing Jabur 119 ayat 1001-102, dene ing kene sing dirasakne prabu Dawud DICENCANG kuwi supaya ora polah lan lunga adoh-adoh. Anggone Gusti Allah mapanke utawa nyencang para kagungane kuwi mesti ing papan kang apik. Dene bab apik ing uripe titah kagunganNe kuwi nalika tumindak apik lan ora polah neka-neka. Isa uga diarani anggone DICENCANG kuwi supaya menungsa (klebu sing maca tulisan iki) ora mrana-mrena umbaran ora tumata. Sapa wae sing njajal “nglawan” saka CENCANGANE Gusti Allah mesti nandang karubedan lan ngalami lara ana ing uripe, kuwi kabeh wis dadi pengalamane prabu Dawud.

NYENCANG NGANTUK


Ing jaman saiki, sejatine kabeh kagunganNe Gusti kuwi ya DICENCANG, ananging akeh sing ora sadar lan malah nerak utawa mberot seka cencangan, mula ya ora sithik sing nandang sengsara. Wis dipapanke ana neng papan sing kepenak, malah ngupaya papan liya sing durung jelas kahanane,mula ya nemahi rekasa lan ora sithik sing nemahi bilahi. Mula saka kuwi, sing kudu dilakoni  yakuwi, sadar yen uripe menungsa kuwi wis DICENCANG dening Gusti. Dene papan kanggo nyencang kuwi papan kang apik, luwih apik tinimbang papan liyane, mulane aja pada mberot lan nyoba mbedhol saka cencangane Gusti.

“Jo, nyedak’i natalan mestine akeh  kegiatan ya?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab nyedaki wulan Desember.
“Biasalah Lek, kuwi minangka carane Gusti lumantar greja ngrumati keslametan” Wangsulane Dalijo sajak relejies.
“Malah isa kerep ketemu Yu Wasti lho Lik, kan pada-pada neng tim paduan Koor ta?” Nduk I’in kaya padatan, njedul tur ya nyoal-nyael.
“Lambemu In, mesti Wasti wae awakmu kuwi..ning ya esip..jik isa nyawang..hehe” Semaure Lik Ndoleng, sinambi mesam-mesem.
“Tapia was lho Lek, mbokcilik Trinil ya melu Kur, uga kang Markun..” Dalijo melu urun rembug.
“Blaigg cah..iki pada wae aku DICENCANG..” Sambate Lik Ndoleng, sinambi kukur-kukur sirah, sanadyan kayane ora gatel.


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH