Jumat, 25 Oktober 2019

NITENI


Jemuah Pon 25 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yoel 2 :1-11
Jabur 65
Lukas 12:54-59
Heh, wong lamis, semuning bumi lan langit kowe padha bisa niteni, yagene kowe ora bisa niteni kaanane jaman saiki?” Lukas 12:56

Salah siji bab sing mbedakne menungsa karo titah liyane yakuwi bab nalar utawa pikiran. Lumantar nalar utawa pikiran kuwi menungsa isa mranata urip sansaya suwe sansaya apik, mulakna yen ana menungsa sing ngrancang uripe marang bab kanga la, isa wae kuwi wis ora lumrahe menungsa, merga kabeh menungsa mesti ngenerake uripe marang kahanan kang luwih apik. Mbalik marang bab nalar utawa pikiran kang dadi kaluwihane menungsa mau, ya lumantar nalar utawa pikiran mau sing marakne menungsa isa NITENI samubarang lan sakbanjure njupuk kesimpulan saka sing “dititeni” kuwi.

Bab NITENI kahanan kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang bab tanda-tandane jaman. Yen menungsa isa maca obah osiking jagad, ya kudune isa uga maca “alarm” sing dikirim dening Gusti Allah. Dene alarm kuwi isa kanggo werna-werna tujuan, sing baku, kuwi dadi bahasane Gusti kanggo menungsa lan menungsa nduweni tugas NITENI sabarang basa sing diagem dening Gusti. Ana ing Injil Lukas bab 12, Gusti duka merga para sekabat ora isa NITENI pratandane Gusti lumantar obah mosikng jagad. Mula saka kuwi, apik yen saiki pada mbaleni sinau meneh supaya isa NITENI apa wae kahanan sing ana ing njagad iki, supaya ya isa maca kersane Gusti kang dikirim lumantar bahasaning kauripan.

Kaya ing jamane Gusti Yesus, ing jaman saiki, ing jaman sing jarene serba instan iki, arang sing gelem sinau bab ngelmu Titen lan sakbanjure isa NITENI obah-osiking jagad. Kamangka Gusti nulis basaning kauripan kuwi ora nganggo abjad ananging lumantar apa wae kahanane jagad iki. Mula saka kuwi, ayo mbaleni meneh, sinau bab kepiye carane isane NITENI kahanan sing kelakon ing sakiwatengene urip iki.

“Jo, ngapa kae dulurmu wedok mrengut wae?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab I’in sing mbesengut kata Trenggiling ngemut eskrim.
“Haiyah..seprana-seprene kok ya ora isa NITENI ta Lik, wong wedok ben sasi kan ya mesti ngalami sing kaya mengkono..”Semaure Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh, titen temen awakmu bab donyaning wong wedok? Jik apal karo “rutinitase “Tarsi Jo?” Lik Ndoleng ngalem Dalijo, ning ya nyemes bab Tarsi.
“Duss..malah tekan Tarsi…”Dalijo ya mbesengut krungu jeneng Tarsi sinebut dening Lik ndoleng.
“Aku ya isa NITENI jo, nggere krungu jeneng Tarsi, kupingmu njepiping…”Semaure Lik Ndoleng sinambi njupuk ududte Dalijo, dene II’in ora njedul merga lagi anu…hehe

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH