Jumat, 04 Oktober 2019

JEJEG


Jemuah Pahing 4 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 52: 12-30
Kidung Pangaduh 3:19-26
Lukas 13:13-16
Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.” Lukas 13:13

JEJEG kuwi kosokbaline seka tembung doyong, sing tegese ora ngadeg kaya sakmestine. JEJEG mulane isa diparingi arti, ngadeg kanthi bakoh utawa kuwat, sanadyan akeh goda lan pengancam seka liyan. Saben wong pengen samubarang ana ing uripe JEJEG lan ora doyong. JEJEG ing babagan brayat, JEJEG ing babagan ekonomi, JEJEG ing babagan kapercayan lan uga JEJEG ing sadengah kahanan. Sanadyan ana ing tembung JEJEG kuwi kayane mayar, ananging ing tata panguripan ana kalane abot lan ngrekasa. Ananging, mbok kaya ngapa kahanane, kabeh kahanan urip menungsa kuwi kudu JEJEG.

Bab JEJEG kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus, yakuwi nalika nemoni wong wadon kang nandang lara. Ora bain-bain larane, merga wis wolulas tahun nandang lara. Mirsa kahanan kang kaya mengkono, Gusti Yesus tuminak, kanggo uripe sing lara kuwi JEJEG, sanadyan ing dina sabat. Merga Gusti makarya ing dina Sabat, sanadyan kuwi tetulung, ananging ana ing pikirane wong Yahudi, kuwi salah merga nglanggar pranatan Taurat. Ing kene ana beda pangerten bab pranatan agama, wong Yahudi nyawang pranatan kuwi dadi allah’e dene Gusti Yesus mirsani pranatan kuwi minangka paugeran utawa petunjuk. Ana ing pamirsane Gusti Yesus, kamanungsan kuwi ngluwihi samubarang kageh, mulane sanadyan nerak pranatan, yen kuwi babagan mulihake kamanngsane menungsa, ya ditindakne. Baba iki sing ndadekne para wong Yahudi, mirunggan golongan Farisi lan Saduki nesu. Sanadyan mengkono, Gusti Yesus oramundur lan malah mulang bab papan sing bener tumrap menungsa sing luwih dhuwur tinimbang samubarang pranatan.


Ora mung ing jamane Gusti Yesus, ing jaman saiki ya ora sithik sing urip ana ing pangerten kaya wong Parisi lan Saduki. Rumangsa “suci” nalika isa nglakoni (sethitik) pranatane agam, ananging ora isa nyawang kamanungsan sing kudu dipulihake. Saiki ya akeh yen “ora JEJEG”, ananging padha wegah NJEJEGNE merga pranatan agama. Mula saka kuwi, ayo pada sinau kaya tumindak’e Gusti Yesus, kabeh tumindake mung kanggo mulihake kahanane manungsa sing wis rusak.

“Jo, ora nyang nggreja nalika dina minggu kuwi dosa pora Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Gumantung alsesane Lik..” Semaure Dalijo.
“Lha nek tetulung liyan sing butuh ditulung, klebu kahanan sing isa nggo alesan  ora Jo?” Lik Ndoleng nguyak wangsulane Dalijo sing maremake kekarepane.
“Padune arep absen ngibadah wae ndadak takon-takon Lik..”Nduk I’in melu nyoal-nyael..
“Anggere ora nggolek-nggolek alesan, ora apa-apa Lik, nanging yen mung kanggo alesan, ya luput. Sing penting tumindak kuwi tujuanne mulihke utawa njejegne kahanan sing kudu dijejegne” Dalijo menehi wangsulan sing cespleng, lan Lik Ndoleng mung cengar-cengir kaya coro mangan uyah..


Kyai Tu Pong Ji..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH