Senin, 07 Oktober 2019

REMUK


Senen Kliwon 7 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Kidung Pangaduh 1:16-22
Jabur 137
Lukas 10:25-37
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani, anggen kawula ajrih sanget punika, saha anggenipun nyawa kawula ngolang-ngaling punika, manah kawula molak-malik wonten ing nglebet kawula, awitdene kesangeten anggen kawula mbalela, wonten ing jawi anak-anak kawula katumpes dening pedhang, wonten ing salebetipun griya dening sesakit pes.” Kidung Pangaduh 1:20

REMUK kuwi kahanane barang sing wus ora wutuh meneh. REMUK kuwi beda karo ajur mumur, merga yen REMUK jik isa didandani supaya dadi apik meneh, dene yen Ajur Mumur, wis ora isa didandani meneh, sanadyan ngentekna ragad sing akeh banget. Dene barang kuwi isa dadi REMUK merga maneka werna kahanan, isa merga natap barang liyane, isa merga dibanting, isa merga ana gangguan seka njero lan sakpanunggalane. Sing baku, REMUK kuwi isa klakon merga pirang-pirang perkara.

REMUKEN KOLESTROLMU


Bab REMUK kuwi nate dialami dening bangsa ngisrael lan Yehuda nalika jamane nabi Yeremia. REMUK’e kahanan bangsa kuwi merga polah tingkahe sing mbalela marang Gusti Allah. Merga mbalela mula entuk maneka warna pepalang lan reribet sing kuwi kabeh ndadekne kahanane REMUK. Lha ing kahanan REMUK kuwi njur sambat marang Gusti Allah. Janjane yen digatekne ya lucu, tumindak salah marang Gusti Allah, ora mbangun turut, njur nalika nemahi rekasa lan kasangsaran sambat lan wadule marang Gusti Allah. Yen sing maca tulisan iki njur ngguyu utawa maido polah tingkahe bangsa sing diukum dening Gusti kuwi, sejatine ya ngguyu kahanane dewe, merga saiki ya akeh sing tumindak kaya mengkono. Mbalela marang Gusti, ananging nalika nemoni sengsara lan rekasaning urip, njur sambat marang Gusti Allah.

Crita saka Kidung Pengaduh kuwi muga-muga isa dadi kaca pangilon marang sapa wae, wigatine ya sing maca tulisan iki. Mbalela kuwi pilihan, dudu takdir. Ananging menawa merga mbalela njur rekasa, elinga marang Gusti kang maha Kwasa, merga Panjengane mesti nampa marang Kagungane. Mung wae ayo pada nduweni rasa isin, supaya ora kadung REMUK, malah yen isa aja nganti REMUK tur ya migunani. Ananging yen ana sing wis kadung REMUK, ya enggal sambata marang Gusti Allah, rasah isin,merga mesti diapura.

“Jo, ngandi telung ndina ra njedul?” Takone Lik Ndoleng dina senen esuk, merga Dalijo ngilang rongndina.
“Ngasah pikir Lik, suwe kanggo terus, ora tahu disah isa kethul, lan yen kethul njur dipeksa dinggo, isa REMUK sakabehe” Semaure Dalijo sinambi nglepus.
“Lha sampeyan ya rangetok rongnida ya ngandi Lik?” Kaya padatan, Nduk I’in nyoal-nyael.
“Weh..anu In,aku ku..hmm…anu..aku kuwi wingi neng mae sedulurku Ngawi, jawa timur..aku..hmmm..” Lik Ndoleng sajak klimpungan.
“Lho, jare neng Kebumen Lik, kok iki beda wangsulane.?” Dalijo melu ngintrogasi Lik Ndoleng.
“Nyang Ngawi kok numpake Bis Raharja, kuwi bis jurusan Kebumen Lik..”Nduk I’in wegah kalah..dene Lik Ndoleng REMUK, ora isa wangsulan, merga sejatine dolan ngetutne Yu Wasti pikenik..


Kyai Tu Pong Ji


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH