Sabtu, 26 Oktober 2019

DIENTUL


Setu Wage 26 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yoel 2:12-22
Jabur 65
Lukas 13:1-9
Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh. Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!  Wangsulane wong mau: Bendara, kajengipun gesang sataun engkas, siti sakubengipun badhe kula paculi lan wit punika badhe kula rabuk, bokmanawi taun ngajeng saged awoh; manawi boten, inggih lajeng kategora kemawon.” Lukas 13:6-9

Tembung DIENTUL kuwi asalmulane seka tembung Mantul, sing tegese mencolot saka papane. Iki biasane kanggo nyandra barang sing bahan dasare karet, mula isa mantul. Yen barang liyane, nalika ditibakne ora adoh nggesere seka papan tibane, beda karo barang sing bahan dasare karet, yen ditibakne mesti pindahe utawa mantul adoh saka papan tibane. Mula saka kuwi, DIENTUL kuwi diupayakne supaya tibane dadi Mantul, lan supaya gampang nyebute ya diarani wae DIENTUL, sing tegese digawe mantul. Akeh babagan sing isa DIENTUL ing saindenging jagad iki,, seka urusan wektu lan uga rega. Bab wektu, wis kaping pira wae sing pada maca tulisan iki Ngentul, kudune patangndina kok dadi nemndina? Kudune wiwit jam lima kok DIENTUL wiwit jam setengah pitu?Lan jik akeh meneh  sing isa DIENTUL ana ing urip iki.

Bab “entul-entulan” kuwi ya nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang babagan wektuning urip. Intine para menungsa kudu sadar yen dawaning urip kuwi durung temntu merga apik’e polah tingkahe, ananging malah kosokbaline. Merga polah tingkahe sing ora manut kersane Gusti,merga ora isa ngetokake wohing kabecikan, mula diparingi wektu tambahan utawa DIENTUL uripe, supaya isa ndang sadar lan sakbanjure isa ngetokne wohing panguripan. Ana ing pasemon dijlentrehne, sanadyan  wis diancam dening sing nduwe pakebonan, ananging sing njaga kebon nyuwun wektune DIENTUL, lan bakalan dirumat tenanan cikben ngetokake woh kang apik.

Seka crita ing andharan nduwur kuwi, ayo saiki pada nyadari, yen dawaning wektu kanggo urip ing ndonya iki durung temtu merga “apiking” tumindake awake dewe, isa wae kuwi kabeh malah merga wektune nembe DIENTUL dening Gusti, merga nganti seprana-seprene urip jian babarblas ora ngetokake wohing kabecikan.  Sing isa mbiji dudu wong liya, ya awak’e dewe-dewe. Mula ayo pada ngilo ana ing ngareping kaca benggaling panguripan, njur ngerti kahanane awak kanthi jujur. Lan sakwise sadhar, ayo pada mranata urip ing tembe kanthi patrap sing luwih apik,cikben ngetokne woh sing uga luwih apik.

“ Lek,DIENTUL kuwi penak ora ta jan-jane?” Sore kuwi pas lagi ngopi neng lincak sor Talok, Dalijo nakoni Lik Ndoleng.
“Kari sing ngrasakne Jo, merga penak apa ora kuwi gumantung sing ngrasakne” Semaure Lik Ndoleng sajak pilosopis.
“Biyuh..biyuh..saiki gayane sampeyan tik memper eyang Plato ta Lik..pilosopis tenan..mangan menyan ya?” Nduk I’in melu nyoal-nnyael.
“Mbuh cah..aku dewe ya ora ngerti apa sing takomongke..mung aku sinau nampa kahanan kanthi eklas, ora merinan,ora nesunan..sanadyan pada lamis karo aku, aku tetep lopyu pul nyang sapa wae…kabeh kudu isa dientul-entul..ben luwih apik. Pada dieling, yen kowe pada diparingi urip tekan saiki kuwi aja rumangsa uripmu apik, ning elinga kuwi nembe DIENTUL dening Gusti.” Semaure Lik Ndoleng sareh.
“Ya aku sengtuju Lik…rasah merinan, rasah nesunan, ditampa urip ak’anane. Kuwi sing dadi nutrisining urip..Aku kulina dibulpus, neng ngarep ketok’e apik, jebule sejatine gethinge raumum..tapi ya tak tampane kanthi esem’, Dalijo ya melu baperan.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH