Selasa, 29 Oktober 2019

NGEBAK’I


Selasa Pahing 29 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KEBAK TENAN


Yoel 3:9-16
Jabur 87
Lukas 13:18-21
Lan pangandikane maneh mangkene: “Kratone Allah iku, kena Dakupamakake apa? Iku upamane kayadene ragi kang dijupuk dening wong wadon lan dicarubake ing glepung trigu telung taker, nganti kemrasukan kabeh.” Lukas 13:20-21

NGEBAK’I kuwi asale saka tembung Kebak, sing tegese kabeh papan wis kaisi lan wus ora ana papan sing suwung. Saka tembung Kebak mau sabanjure ana tembung-tembung liyane sing linggane seka tembung Kebak. Ana dikebaki,ana NGEBAKI. Mulane tembung NGEBAK’I kuwi isa diartekne kabeh pambudidaya supaya dadi kebak utawa kahanane papan kang wis kaisi karo apa wae nganti ora ana papan meneh. Sakumpamane ruangan, yen wis dikuwasani dening gandaning enthut, mula isa diarani gandane enthut wis NGEBAK’I ruangan. Lan ora mung enthut sing isa NGEBAK’I ruangan, akeh isa dadi lantarane ruangan kuwi kebak.

Bab kebak lan NGEBAK’I kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus marang para sekabate. Ing kahanan sing tinulis neng Lukas bab 13, salah sijine piwulang bab kratone swarga kuwi kaya dene sawab’e ragi. Lho kok isa ragi?Iya, merga daya kekuwatane ragi kuwi jian ngedab-edab’I temenan. Sanadyan mung secuil,ananging isa gedene ngeram pengaruhe. Ragi kae mesti luwih sithik tinimbang bahan pokok’e, merga yen akeh ragine tinimbang bahan pokok’e, njur kaya ngapa kahanane. Tegese, sanadyan sithik, ananging daya kekuatane ragi kuwi jian ora isa diukur.
Saka gegambaran kratanone swarga lumantar ragi kuwi, isa dimangerteni kersane Gusti, yakuwi sanadyan sithik jumlahe,kudu isa ndadekne kahanane rinasa apik lan enak. Lan uga sing penting, aja nganti “ragi” kuwi luwih akeh tinimbang bahan dasare.

Lumantar piwulange iki, aja nganti dadi kendoning semangat nalika rumangsa “ragine” mung sithik. Merga kereb klakon ora wani ngaloni tumindak apik, merga rumangsa sithik. Lumantar piwulang bab ragi, kudune ora wedi meneh tumindak apik, sanadyan mung sithik.

“Ududmu ijik Jo?Yen ijik njaluk..”Lik Ndoleng takon bab udud marang Dalijo,merga kentek’an udud.
“Lha kok gampang temen entek ta Lik?” Dalijo semaur lumantar takon.
“Tanggal tuwek Jo…tur ya sewengi ronda didadekne rokok sempel” Semaure Lik Ndoleng sareh.
“Gayamu kaya pegawe wae Lek, ndadak ngurusi tanggalan! Biasane ya njaluk wae..” Nduk I’in melu nanggepi kahanane Lik Ndoleng.
“Mbok ben wae In..rasah dipaido. Ayo tumindak apik samangsa jik isa tumindak apik..cilik utawa sithik ora apa-apa, sauger isa NGEBAK’I kahanan. Aku iklas kok, ududku diduduti paklik..” Dalijo wangasulan sinambi nyumet djarumsupere lan uga nglirik Lik Ndoleng sing klecam-klecom kaya Manuk Derkuku bar ngendog..

Mbah’e..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH