Kamis, 03 September 2020

NGGONDELI

 

Kemis Paing, 3 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 24:1-14,2

Jabur 119 :33-40

Lukas 4:38-44

Bareng wis esuk Gusti Yesus miyos lan banjur tindak menyang ing panggonan kang sepi. Nanging wong akeh padha nggoleki lan iya ketemu. Kabeh padha nggondheli Gusti Yesus, supaya aja padha ditilar.Nanging padha dipangandikani: “Injile Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakake menyang ing kutha-kutha liyane uga, sabab iya iku prelune anggonKu kautus.” Panjenengane banjur memulang ana ing papan-papan pangibadah ing tanah Yudea. Lukas 4:42-44

 

NGGONDELI kuwi tegese tumindak kang migunakne tangan, supaya sing digondeli ora lunga utawa ngalih saka papan sakdurunge. Anane digondeli kuwi merga jik ana sesambngan, kebutuhan utawa keperluan, mula dijaga supaya ora lunga. Dene wujude “keperluan” kuwi ya maneka werna, ana sing positif lan uga ana sing negative. Ana sing digondeli amarga pancen tresna lan gemati, mula dijaga supaya ora lunga lan uga ana sing digondeli merga jik nduwe ayahan utawa tanggungan, mulane sakdurunge lunas ya kudu digondeli. Mula saka kuwi, menawa ana sing NGGONDELI durung temtu kuwi mligi positif, isa uga amarga kahanan kang negative.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab “gondel-gondel” kuwi, ya NGGONDELI lan digondeli. Gusti Yesus nate digondeli wong akeh, amarga seneng karo piwulange sing nuwuhake pengarep-arep. Rumangsa nemokake kahanan sing nyenegake, wong okeh njur NGGONDELI Gusti, supaya ora lunga. Ing bab iki, bab NGGONDELI sing dilakoni wong akeh ya ngemu teges rong perkara. Sepisan, kuwi merga jik pengen nampa piwulange Gusti Yesus sing nuwuhake katentreman lan pengarep-arep. Dene kang kapindone, anane wong akeh NGGONDELI Gusti supaya wong liya ora nampa bab sing apik. Wong akeh ing sakcedake Gusti Yesus kuwi rumangsa nduweki Gusti lan wegah liyan nampa piwulange Gusti, mula ya kudu digondeli. “Aku wae durung marem kok malah meh menyang papan liya..” Mbokmenawa ngono wong okeh olehe mbatin, jian mirip pasamuan gekaje..hehe

 

Ing jaman saiki sing diarani NGGONDELI lan uga gondelan kuwi tetep jik kereb klakon, mbuh kuwi NGGONDELI amarga jian gemati temenan utawa NGGONDELI merga ora seneng liyan bebas lan uga nyebar piwulang apik. Anane Gusti Yesus digondeli kuwi amarga wong akeh rumangsa durung marem, durung “PUAS”, durung tapis…Ananging Gusti ora kersa diatur dening menus-menus kebak dosa alias menungsa, amarga manut kawicaksanane Gusti Yesus, menungsa sing kudu manut karo kersane Gusti, dudu Gusti sing kudu manut karepe menungsa.

Saka andharan iki, payo pada sinau bab “nderek Gusti”, ora mung NGGONDELI Gusti supaya ora tindak menyang papan liya. Ayo sinau nyukupake lumantar apa sing ana, sinartan aturpanuwun lan uga sinau urip mikirake liyan, ora mung mikirake awake dewe wae..

 

“Jo, pirang-pirang ndina ora ngetok neng cakruk kuwi ngandi?” Takone Lik Ndoleng.

“Ngaso Lik, sinartan nyawiske lahan nggo tanduran Porangku. Lha ana apa ta Lik?” Dalijo Wangsulan sinartan nakoni Lik Ndoleng.

“E.ee.. raketan awakmu kuwi ya ora nduweni kluwihan, jebul ya ana sing ngangeni, mula nakokne. Malah ana uga saben kesuk niliki omahmu iki,lan takon aku” Lik Ndoleng menehi alesan.

“Weh, elek-elek kaya ngene jebul ya ana sing ngangeni ya Lik?” Dalijo malah genti takon.

“Jan-jane aku arep pamitan Lik, ora arep mbacutake BENINGE EMBUN ESUK..nanging..” Dalijo muni, lan sakdurunge dibacutake, njedul Iin.

“Weh, aja kang. BENINGE EMBUN ESUK kuwi okeh sing ngenteni, sanadyan ya mung maca. Okeh sing NGGONDELI lho kang, mula aja mbokndegne.”Iin muni ngono karo mepeni kumbahan.

“Kaya aku Jo, jan-jane ya arep tak culne, ananging jebul “dheknya” jik NGGONDELI aku..” Sinambi mesem Lik Ndoleng muni lirih.

“Prekkkk…Yu Wasti kuwi ora NGGONDELI kowe Lik, mung mesakne yen nyawang sliramu sing sajak melas saben neng warunge” Muni ngono iin langsung mlebu ngomah, dene Lik Ndoleng ketok mbranang raine lan muni lirih.

“Jindullll!!!!” malah kenekneh cahh!!”

 

Mbahe..

 

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH