Sabtu, 19 September 2020

NDEREKAKE

 

Setu Pon 19 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Zefanya 2 :13-75

Jabur 145 :1-8

Lukas 8:1-3

Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas, lan uga dening wong wadon sawatara kang wis padha kawarasake anggone kasurupan dhemit utawa anggone nandhang lelara warna-warna,.. Lukas 8:1-2b

 

Tembung NDEREKAKE kuwi linggane nderek, sing tegese melu lumantar mlaku ana mburine. Amarga mlaku ana neng sisih mburo, mula nalare ya mesti ngliwati dalan sing diliwari sing diderekake, utawa ditutake. Saka tembung nderek mau njur dadi NDEREKAKE, sing tegese ngetutake kanthi sadhar tumeka ngendi wae papan kang katuju dening sing diderekne utawa sing ditutake. Mulane yen ana sing NDEREKAKE njur malah mandeg ana neng ndalan, kuwi ora mungkin tumeka papan kang dadi ancase sing diderekne.

 

Crita Kitab Suci, cethane neng Injil Lukas bab 8 ayat 1-3, ngajak sapa wae sing gelm maca lan ngrasakne, ngerti apa kang dadi kersane Gusti.  Gusti tindak saperlu mbabar kabar kabungan bab Kratoning Swarga, dene tindake Gusti ora mung neng sapanggonan, kudu menyang ngendi-endi panggonan. Anggone tindak kuwi Gusti ora piyambakan, ananging diderekake karo para siswane lan para wong wadon sing wis mertobat merga dislametake. Mula saka kuwi, para siswane Gusti lan pawa wong wadon isa kinaranan nembe NDEREKAKE Gusti.  Sing pada NDEREKAKE Gusti ora iyik kokean takon arep nengndi wae tindake Gusti, sing cetha, ngandi wae Gusti tindak, tetep NDEREKAKE.

 

Saka crita Kitab Suci ing ndhuwur isa dipethik pasinaon apik, sing sepisan, para siswa lan para wong wadon kuwi NDEREKAKE utawa ngetutake merga sadhar, mula ora nate protes menyang ngendi wae tindake sing diderekake. Ora kena ngenyang, apa meneh malah ngenerake Gusti kudu mrana lan mrene. Iki kudu dadi pasinaon marang sapa wae sing jarene “Nderek” Gusti, sing jik seneng ngenyang bab dalane Gusti, malah kepara ngenerake tindake Gusti, ora “ngiringake” malah NGGIRING Gusti. Kaping pindone, para wong ndesa sing ndilalah kerawuhan Gusti njur antuk piwulang apik, ora nduweki dewean, mula kudu iklas menawa Gusti njur jengkar menyang papan liyane. Beda kayo pasamuan saiki, pomeneh gekaje, kudune manggon neng sakpanggonan, metu sithik wae wis dirasani ora karuwan..

 

Saka andharan ing nduwur, payo saiki pada nakoni awake dewe-dewe, rasah nakoni liyan, apa wis wani soroh nyawa anggone NDEREKAKE Gusti, NDEREKAKE kersane Gusti? Apa malah kabeh dinyang persis kaya Bakul Neng Pasar kae, kabeh dinyang? Mulane, sing jik nduweni hoby lan bakat ngenyang kersane Gusti, lan ngenyang bab NDEREKAKE Tindake Gusti, ndang elinga, sakdurunge kukut  jagade.

 

“Lik, sampeyan didapuk dadi ketua panitia natal 2020, kuwi hasile rapat wingi bengi, lha sampeyan diundang ora mangkat”, Unine Dalijo, menehi kabar Lik Ndoleng bab dewekne didadekne ketua panitia natal 2020.

“Weh, desember kuwi jik pandemic ya Jo, mula rasah natalan, natalan online wae” Semaure Lik Ndoleng sinambi njupuk MLDne Dalijo, merga wis tanggal rada tuwek, mula isa nggo alesan njaluk.

“Iki ya natalan dalam kesederhanaan, merga pandemic. Mulane kudu dirancang sing sakpenere” Dalijo jik ngaturi alesan bab natalan.

“Lha apa ora wedi yen mengko digropyok wong akeh, merga ngumpulake wong sakndayak bengkah. Mending natalan online wae, rasah nganggo panitia” Lik Ndoleng jik alesan wasise ngeram.

“Haiyahhh, padune wegah, mula alesane pol,kokean alesan sampeyan Lik” Iin njedul, sinambi nggawa kopi lan gedang kapok goring.

“Sareh In, aja kesusu ngamuk paklik..” Rada lirih Dalijo mbisiki Iin ben Lik Ndoleng ora miring.

“Lha Yu Wasti dadi panitia apa ora Kang?” Takone Iin.

“Dadi, dewekne sekretaris, lan sekretaris kuwi hubungane karo ketua In..lha iki paklik ana kesempatan malah a..” Durung nganti Dalijo mbacutake tembunge, keselak Lik Ndoleng nyaut rembug.

“Weh, Wasti melu panitia ta? Yen ngono aku tak gelem dadi..” Unine Lik Ndoleng, lan gentian, durung kelar anggone muni, kesusul Iin nylekop.

“Lhaaa rak tenan ta, nggere ana jeneng Yu Wasti, mesti sumringah…hmm. Kamangka desember kuwi Yu Wasti karo Kang Markun meh liburan,hunimun, neng Mbali” Iin muni sakrasane, dene Lik Ndoleng mung misuh sinartan kukur-kukur sirahe sing mlunthun, merga rambute kari 13.

 

“Dusss..Jindulll!!” Batine Lik Ndoleng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH