Jumat, 04 September 2020

REPOT

 

Jemuah Pon 4 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 24 : 15-27

Jabur 119 : 33-40

Lukas 5 : 1-11

Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah. Nuli mirsa prau loro ana ing pinggir sagara, juru-amek-iwak wis padha mentas lagi ngumbah jalane. Lukas 5:1-2

 

Mbokmenawa ora ana siji wae sing maca tulisan iki sing durung krungu tembung REPOT. Saka bocah guedi tekan Wong cuilik, mesti wis nate krungu, lan malah wis nate ngalami apa kuwi sing jenenge REPOT. Malah ana sing bab REPOT kuwi didadekne “hobby”, njur neng ngendi-ngendi sambat yen nembe REPOT. Dijak rapat REPOT, dijak Lathan REPOT, dijak mangan bareng REPOT lan nganti klalen, dijak REPOT ya alesane REPOT. Lha jan-jane sing diarani REPOT kuwi apa ta? Ing tulisan iki, ora kaya padatan, ora arep dijlentrehake apa kuwi REPOT, wis sumangga sing padha maos, arep diparingi arti apa…hehe. Sing penting tulisan iki meh crita bab bot-REPOT-e menungsa lan ing sajroning kahanan REPOT kuwi, ana kang nimbali.

 

Crita neng Kitab Suci, pernahe neng Injil Lukas bab 5 ayat 1-11 kang nyritakake bab REPOT. Nalika kuwi Gusti nembe “gowes” neng pinggiring segara Genesaret, ndilalah ditutake wong okih.  Ing sakjroning memulang mau, Gusti pirsa ana wong-wong sing gaweane nggolek iwak jik REPOT ngayahi gaweane bab opek iwak. Mirsani wong-wong sing  REPOT makarya (mbokmenawa sinambi ngrungokne piwulange Gusti), Gusti njur paring perhatian utawa atensi, lan sakbanjure nyedak lan ngajak ngomong marang para wong sing jik REPOT ngurusi alat-alat opek iwak. Dene tujuane Gusti ngajak remgugan karo sing nembe REPOT mberesi alate nggolek iwak, yakuwi dijak ngrewangi pakaryane ana neng ndonya. Sing dadi kahanan kang nggumunake, sanadyan jik REPOT lan ya weruh wong okeh sing pada “nganggur”, para juru mupu bea kuwi sumadya , siap melu “luwih REPOT”, ngrewangi pakaryane Gusti.

 

Kahanan sing klakon ana ing critane Injil Lukas 5 kuwi kewalik karo kahanan ing jaman saiki. Yen mbiyen, sanadyan REPOT uripe lan gaweane, ananging nalika ditimbali Gusti, senenge ngeram, lha ing jaman saiki, nalika ditimbali Gusti, biyuh kabeh digawe REPOT. Alesan REPOT randuwe wektu, alesan REPOT merga rumangsa ora mungguh (kamangka ora ana ing mungguh, anane DIMUNGGUHKE), alesan REPOT ora pinter lan sakteruse. Sinau saka crita neng Injil Lukas, bab REPOT, kudune saiki sansaya sadhar, yen nderek Gusti kuwi cen kudu REPOT, kuwi amarga Gusti Allah wis kersa REPOT neng njagad, kuwi amarga tresnane Gusti marang jagad, klebu menus-menus kebak dosa iki. Yen Gusti wae amarga tresna kersa REPOT, njur menawa si menus-menus kebak dosa iki ora gelem dijak REPOT ngrewangi pakaryane Gusti, kira-kira apike disebut apa ya?

 

Sumangga ingkang maos, ingkang purun REPOT diskusi, ngisi komentar, kersane sansaya gayeng.

 

“Gek ngapa ta Jo, kok sajak asyik temen nyekeli lan nutuli androit?” Takone Lik Ndoleng.
“He’eh Lik, iya..”Wangsulane Dalijo sakecele.

“Duss..ditakoni apa malah nyaurine apa…hmm..apa WAnan karo Tarsi?” Unine Lik Ndoleng sajak wiwit erosi.

“Oral ho Lik, aku lagi nulis tanggepan neng BENINGE MEBUN ESUK, merga sing mbaureksa sajak nyindhir ben nulis komentar” Semaure Dalijo.

“Yen aku wegah Jo, REPOT. Niatku ya mung maca, kuwi wae yen kober, wong ya REPOT uripku iki..” Lik Ndoleng menehi wangsulan.

“Ya kuwi merga sampeyan klebu pelit Lik, mung komentar wae emoh. Wanimu maca tur jik kokean maido. Jale yen kon njawil yu Wasti, mesti ora ana tembung REPOT!” Nduk Iin melu rembugan, lan kaya biasane, nyemesi Lik Ndoleng.

“Trondollo..malah tekan kuwi meneh..ning ya saiki lemune ngeram gek In, si Wasti..”Lik Ndoleng wani semaur..

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH