Sabtu, 05 September 2020

PEPELING

 

Setu Wage 5 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkiel 33 : 1-6

Jabur 119 :33-40

Lukas 5 : 33-39

Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:  “He, anaking manungsa, tutura marang mitra-mitranira tunggal bangsa lan kandhaa mangkene: Manawa Ingsun ndhatengake pedhang ana ing sawijining nagara lan wong-wong ing kono wus milih wong siji saka ing panunggalane kadadekake prajurit jaga tuwin prajurit iki sumurup, ana pedhang kang nekani nagarane, tumuli ngunekake slompret kanggo ngelingake marang bangsane,manawa ana wong kang pancen krungu swaraning slompret iku, nanging emoh dielingake, satekane pedhang mau, dheweke mesthi kasirnakake sarta getihe tumempuh marang awake dhewe.

Yehezkiel 33 :1-4

 

PEPELING kuwi linggane Eling, sing tegese mangerti kahanan sakwutuhe. Eling kuwi kosokbaline Lali, sing tegese ora kelingan. Mulane, tembung PEPELING kuwi tegese apa wae kang dumadi, sing kahanane nduweni ancas ndadekne Eling. Sing jenenge PEPELING kuwi isa awujud swara,tanda lan apa wae sing mesti isa marakne Eling marang kahanan kang sakmestine. Bab liya saka PEPELING sing kudu dimangerteni yakuwi bab sepira wasise menungsa olehe isa maca, yen kahanan kuwi sejatine minangka PEPELING. Isa dinggo conto bab gringgingen, sanadyan iki kahanan kang lumrah tumrap menungsa, ananging isa uga bab gringgingen kuwi minangka PEPELING yen ana bageane awak sing fungsine ora sampurna. Mulane, bab PEPELING utawa udu kuwi uga gumantung karo sing maca.

 

Menungsa neng jamane nabi Yehezkiel diwenehi PEPELING dening Gusti lumantar perang lan kahanan ing sakiwa tengene perang, yakuwi bab Pedang lan getih. Lan ing sakjroning perang jamanne nabi Yehezkiel swaraning trompet kuwi minangka tanda kang ancase dadi PEPELING supaya kabeh wong sadhar. Sadar menawa ana swarane trompet kuwi tegese perang enggal tumeka,lan sakwise sadar ya sakbanjure isa jumaga supaya nalika mungsuh teka, ora soroh nyawa tanpa pambudidaya. Tumrap sing isa maca PEPELING kuwi, mesti enggal tumindak lan isa wae kuwi nekakake keslametan, dene sing ora isa maca yen kuwi PEPELING ya mung meneng wae, tanpa jumaga,lan nakika mungsuh teka ya masrahake nyawa.

 

Bab PEPELING kuwi ora mung ing jaman semana, ing jaman saiki ya tetep jik klakon. mung ya kuwi, gumantung menungsane, isa maca apa ora. Kanggone sing pinter maca tanda, kabeh isa minangka PEPELING kanggo penguripan. Lan sakwise sadar bab kahanan kang bakalan klakon, mesti ngayahi ayahan kang nduweni ancas apik tumraping uripe. Iki beda karo sing ora isa maca lan sing ora gelem maca bab PEPELING, mesti nampani kahanan apa wae ya kanthi santai, mung njerit gero-gero nalika bebaya nempuh ing uripe.

 

“Jo, wingi aku diwaduli Jamali, jare regane bibitmu Porang mundhake ora ukuran. Jane meh nandhur dadi wurung.. dewekne njaluk regane padha mbiyen” Lik Ndoleng menehi info bab sambate Jamali merga regane bibit Porang larange ngeram.

“Ben wae Lik. Wingi-wingi wis takandani, yen niat arep nandur ya ndang tuku bibit. Takomongi yen regane bibit sansaya duwur, malah wangsulan ora apa-apa. Ben wae, arep nandur apa ora dudu urusanku” Dalijo semaur sajak sugal.

“Weh, kok kejem temen sliramu Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Iki ora bab kejem lan ora kejem Lik, iki bab nyadhari kahanan. Aku wis ngelikake, yen sansaya cedak mangsane nandhur, rega bibit dhuwur. Lha malah ora nggagas, bareng saiki arep nandur lan meh tuku tur regane dhuwur njur sambat ngaru-ara, kuwi merga ora isa maca tanda-tanda minangka PEPELING Lik”, Dalijo malah ngotbahi Lik Ndoleng.

“Kuwi rungokne Lik, kudu isa maca tanda minangka PEPELING. Wingi njawil Yu Wasti konangan Slentho ya? Sanadyan kahanane Slentho kuwi kaya ngana, kuwi PEPELING Saka Gusti Lgo Lik” Unine Nduk Iin, ngelikake Lik Ndoleng bab Yu Wasti.

“Weh, malah tekan Wasti meneh..Dusss!! Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH