Rabu, 09 September 2020

MARANI

 

Rebo Pon 9 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Kaimanan 16 :1-5.20-28

Jabur 119 :65-72

Lukas 6 :12-19

Lan woh akeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisane ndemek Panjenengane, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengane, temah kabeh padha diwarasake. Lukas 6 : 19

 

Tembung MARANI kuwi linggane “mara”, sing tegese tumindak nyedak. Dene sing dicedaki ya isa apa wae lan uga apa wae. Amarga “mara” kuwi tumindak nyedak, tegese  ngayahi pakaryan kang kudu ngetokake daya,tenaga lan mbokmenawa ya dana. Mula saka kuwi tembung MARANI isa diwenehi arti, samubarang kang dilakoni deneng titah kang nduweni ancas nggayuh samubarang kanthi krenteg’e dewe. Jenenge wae MARANI mesti ada sing diparani, dene wujude apa sing arep diparani kuwi isa manekawerna.

 

Crita neng Injil Lukas bab 6 ayat 19 nyritakake kepiye polahe wong akeh kang wis krungu bab kayangapa sektine Gusti Yesus. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi, mula sakwise krungu yen Gusti Yesus ana neng daerahe, wong-wong padha ngupaya arep MARANI Panjenengane. Dene ancas utawa tujuan MARANI Gusti kuwi ya beda-beda, ana sing mung kepengen iseng, ana sing kepengen ngrungokake piwulange, ana sing kepengin waras seka lelarane lan uga ana sing kepengen weruh Gusti Yesus nggawe mujijat. Mbuh apa kuwi ancas utawa tujuane, sing baku wong akeh padha MARANI Gusti. Amarga MARANI mulane ya kudu wani cucul, lan sakliyane kuwi MARANI kuwi amarga rumangsa butuh. Wong akeh butuh Gusti Yesus, mulane wani MARANI. Iki isa dadi kaca benggalaning urip kaimanan wong jaman saiki. Yen butuh, ya gumbregaha,ya ndang MARANI Gusti, aja malah nesu njaluk diparani.

 

Ing jaman saiki, okeh sing kahanane kwalik-walik. Ana wong sing (jarene) nduwe agama, malah ngaku kresten..ssstt!! Ananging ora gelem MARANI Gusti, malah rumangsane kaya priyayi jaman kawak ora enak, ora gelem nggoleki Gusti lan njur MARANI, malah njaluk digoleki lan diparani. Malah mbokmenawa ana sing maca tulisan iki ya ijik nduweni penemu, yen sing kudu MARANI kuwi Gusti, dene awake dewe rumangsa raja gung binantara sing kudu sinubya-subya lan njaluk diparani. Sing cetha, ayo padha ngupayakne MARANI Gusti, kang rawuhe ing samubarang kahanan,. Isa rawuh neng kahnaane wong kesrakat, ana rawuhe neng kahahan kang sepi, ana rawuhe neng pakaryan-pakaryangrejawi lan sakpanunggalane. Sing kudu dieling, aja nunggu diparani Gusti, ananging payo pada MARANI Gusti.

“In, kok wingi dulurmu lanang Dalijo tuku tiket nyang njakarta, arep ngapa jane ki?” Takone Lik Ndoleng marang Iin, nalika Dalijo nembe ora ana neng cakruk.

“Ana urusan Lik. Mbuh arep ngumpul karo sing nenandur Porang, ngono kang Dal menehi alesan” Wangsulane Iin.

“O, takira meh MARANI Tarsi” Lik Ndoleng ujug-ujug nylekop bab Tarsi.

“Huss!! Emange sampeyan, mung tansah nggolek kalodangan ben isa cedak Yu Wasti! Iki Kang Dal serius, bab budidaya Porang” Unine Iin.

“Ngampiri Tarsi ya kena kok In, ora ana ukume” Lik Ndoleng jik ngeyel.

“Padune ben entuk bala mbledig “masa lalu” we, ndadak nuduh kang Dal kaya mengkono” Wangsulane Iin, sinartan mlebu neng pawon.

 

Mbah’e..

 

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH