Kamis, 24 September 2020

GAMAN

 

Kemis Pon 24 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yehezkhiel 12 :17-28

Jabur 25:1-9

Lukas 9:1-6

Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara. Para sakabat banjur padha mangkat njajah sakehing padesan, ngabarake Injil sarta marasake wong lara saenggon-enggon. Lukas 9:1,6

 

GAMAN kuwi sawijining kahanan kang isa awujug barang utawa malah ora awujud. Dene gunane GAMAN kuwi ya kanggo makarya, jumbuh karo pungsine. Akeh kang isa kinaranan GAMAN, kayata: Arit kuwi minangka GAMAN kanggone wong sing arep ngarit utawa babat-babat, Pacul kuwi minangka GAMAN kanggone wong tani kanga rep macul, Graji kuwi GAMAN tumrape wong sing arep nuking kayu, mbuh kuwi dinggo ngethok apa dinggo nyigar. Sing cetha, GAMAN kuwi piranti sing pungsine kanggo ngrewangi pakaryan, supaya luwih mayar lan cepet. GAMAN kuwi isane nduwe pungsi ya nalika digunakne, apik’a kaya ngapa menawa ora digunakne, tangeh lamun isa maedahi tumrap menungsa.

 

Crita neng Injil Lukas bab 9  ayat siji tekan enem, nyritakake bab GAMAN, yakuwi pirantining urip peparinge Gusti Yesus. Dene wujude GAMAN kuwi dudu Arit,Pacul utawa Graji, ananging kasekten. Para sekabate Gusti Yesus ditimbali, njur diparingi GAMAN kang awujud kasekten. Anane diparingi GAMAN kang awujud kasekten kuwi, amarga meh diutus ngayahi pakaryan, dadi GAMAN kuwi ora mung kanggo pantes-pantes, ananging supaya digunakne makarya. Kabeh ditindakne dening Gusti, yakuwi bab menehi GAMAN kang awujud kasekten marang para sekabat amarga meh diutus makarya kaya pakaryan kang ditindakake dening Gusti. Manut kawicaksanane Gusti Yesus, lumantar GAMAN Kasekten kuwi, para sekabat isa ngayahi ayahan, isa nelukake maneka werna pepalang, kang wujude apa wae.

 

Sakwise nampa GAMAN saka Gusti, para sekabat mangkat, saperlu ngayahi ayahan peparinge Gusti. Para sekabat percaya lumantar GAMAN peparinge Gusti mau kabeh ayahane isa klakon kanthi lancar. Kuwi kabeh dilakoni dening para sekabat, amarga ngerti yen GAMAN kuwi isane migunane nalika digunakne.Saksektine kaya ngapa GAMAN, ananging nalika ora digunane, ora ana paedahe babarblas. Iki minangka pepeling kanggo para wong sing (jarene ngaku) kresten, sing sejatine wis diparingi GAMAN kasekten, supaya ngayahi pakaryan manut dhawuhe Gusti, ora manut karepe dewe, supaya dayane kasekten si GAMAN kuwi njedul.

 

“In,jebule dulurmu lanang Dalijo kuwi wasise ngeram ngobahake pacul, jian aku gumun karo cah siji kae..” Lik Ndoleng ngrasani Dalijo, nalika lungguh neng cakruk sinambi nyawang Iin mepeni kumbahan.

“Wong gawean ketok mata wae kok ndadak nggumun ta Lik, kabeh anggere dilakoni mesti isa klakon” Wangsulane Iin lan njur tanpa dingerteni Lik Ndoleng, Dalijo njedul saka sisih kidul omah.

“Ngrasani Yu Wasti Lik?” Takone Dalijo, sinambi lungguh, takone sajak ngenyek Lik Ndoleng, merga ngomonge sinambi mesem sajak ngece.

“Dengkulmu mlocot kuwi Jo, iki lagi ngrasani awakmu sing jebule wasis ngolah lemah, nyawiske lahan nggo Porang kuwi” Lik Ndoleng semaur sinambi rada erosi sithik.

“Menungsa urip kuwi wis dijangkepi karo Gusti, dede wujude macem-macem Lik, jejangkep kuwi GAMAN utawa kasekten. Dene GAMAN utawa Kaesekten kuwi kudu dicakne, ora mung diseimpen wae, supaya migunani” Dalijo semaur wasise ngeram, jian kaya resi seka perengan Gunung.

“Kaya sampeyan kuwi Lik,  diparingi GAMAN dening Gusti, ananging ora tahu digunakne, malah sing digunakne mung Aji Pangglembukan, nggo ngglembug Yu Wasti” Iin muni ngono, njur  makcengekrat mlebu ngomah, dene Lik Ndoleng mung ndomblong, lan batine ya misuh.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH