Jumat, 11 September 2020

NRESNANI

 

Jemuah Kliwon 11 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK







Purwaning Dumadi  41 : 53-42:17

Jabur 103 : 8-13

Lukas 27-39

 “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.” Lukas 6 :27

 

Tembung NRESNANI kuwi linggane Tresna, sing tegese nyelehake rasaning ati kang apik. Dene arep diselehake ana ing ngendi lan kanggo “obyek” apa, kuwi dudu perkara kang penting. Saka tembung Tresna kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, ana katresnan, ana tresna-tinresnan, ana ditresnani lan uga tembung NRESNANI. Njur apa tegese tembung NRESNANI yen mengkono? Tembung NRESNANI tegese tumindak kang adedasar rasa lan petungan kang becik kanggo mapanake rasa kang becik. Dene obyek utawa sasaran kang bakalane diselehi rasa kang becik kuwi ora kudu kang becik, isa wae ora becik utawa nembe ora becik, lan amarga entuk dayaning tresna kuwi, sing maune ora becik dadi becik.

 

Bab NRESNANI kuwi sejatine dudu barang kang aneh, amarga kuwi kahanan lan perkara kang saben wayah dirembug. Ananging persoalane yakuwi apa yawis bener lan pener anggone nyelehake tresna kang sakbanjure kinaranan NRESNANI kuwi? Yen mung NRESNANI samubarang kang nyenengake wae mayar, yen mung NRESNANI kahanan kang gathuk karo kekarepane dewe wae ora usah sinau sondul langit. Ananging menawa dikon NRESNANI samubarang kang nembe nyengiti awake dewe, kon NRESNANI marang samubarang kang ora nate tresna marang awake dewe, sapa sing gelem lan wani?

 

Gusti Yesus pancen maringi dhawuh supaya menungsa padha tresna-tinresnan, kuwi piwulanga sing luwih mayar dilakoni. Ananging nalika Gusti maringi dhawuh, “padha tresnaa marang mungsuhmu…” Biyuh…lhakok ya kudu mbahu temen…kudu NRESNANI sing mungsuhi awake dewe? Apa isa?Apa kuwat? Pancen tembung “mungsuhmu” kuwi ora ateges nembe perang, ananging samubarang kang ora disenengi dening kamanungsan kuwi sing kinaranan mungsuh, lan mungsuh kuwi isa uga kang ora seneng marang awake dewe. Kuwi kabeh sing abot, merga nglawan ilining kahanan. Ananging sanadyan abote kaya ngapa, menawa kuwi dhawuhe Gusti, mesti isa dilakoni sauger gelem. Anane ora isa dilakoni kuwi amarga sakdurunge ngayahi wis sambat ora isa utawa wis wegah!

 

“Jo, piye penemumu yen ana wong ngrasani awakmu, utawa ana sing gethinge ngeram karo awakmu?” Takone Lik Ndoleng, marang Dalijo sing nembe maca Nopel, wong sanadyan mung wong ndesa utun lan ya mung ngolah lemah, Dalijo kuwi senenge maca ngeram.

“Yo ben wae ta Lik. Yen ana sing sengit marang aku, utawa gething marang aku. Kuwi lakya hak asasi menungsa ta? Arep sengit utawa gething kuwi karo aku, ora ngaruh babar blas marang aku. Malah kana, sing sengit utawa gething marang aku sing kentekan energi,merga mung mikir lan nggagas aku wae..Dikapak-kapakna Lik, aku tetep NRESNANI marang sapa wae” Wangsulane Dalijo, njur maca bukune sing sajake anyar.

“Weh, apa ora abot ta Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Abot lan ora kuwi kan ya gumantung carane nglakoni ta Lik. Yen rinasa abot ya kudu diayahi sithik mboko sithik. Sing penting ora nggething marang kang gething. Kuwi wae. Apa gunane mung NRESNANI marang kang NRESNANI marang awake dewe? Apa paedahe tumindak apik marang sing nyenengake kekarepane dewe? Bajingan wae isa Lik..” Dalijo sajak rada erosi.

“Weh, kang Dal..aja erosi. Sareh..santai..” Iin njedul sinambi nggawa kopi lan kripik kimpul gaweane Mbak Yayuk, sing saiki jian lemu ginuk-ginuk.

“Aku ora emosi lho In, aku sareh. Iki mung njlentrehake bab NRESNANI marang paklik. Yen aku kan NRESNANI marang sapa wae, klebu sing sengite karo aku sundul langit. Mbuh yen paklik..”Dalijo semaur sinambi mesem sing iklas.

Yen paklik isane mung NRESNANI Yu Wasti, kuwi wae ora wani trang-trangan, sesideman. Wedi karo kang Markun” Iin semaur rada sugal lan Lik Ndoleng njomblak, krungu jeneng Wasti sinebut-sebut.

“Dussss!!! Kuwi meneh!!! Trondolooooooo…” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH