Selasa, 22 September 2020

ANGKER

 

Selasa Legi 22 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 28 : 10-17

Jabur 106 :1-12

Lukas 8 :16-18

Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.” Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”

Purwaning Dumadi 28:16-17

 

Nalika krungu tembung ANGKER, ora sithik wong sing njur mrinding, kuwi amarga wedi. Sanadyan durung nate ngalami apa-apa neng papan kang kinaranan ANGKER,ananging perbawane tembung ANGKER kuwi jian pol temenan. Lha jan-jan’e apa ta tegese tembung ANGKER kuwi? Tembung ANGKER kuwi tegese yakuwi kahanan kang ora lumrah, dene ora lumrahe kuwi isa bab sing marakne seneng lan uga marakne wedi, kuwi sejatine artine tembung ANGKER. Ananging merga kahanan, tembung sing sejatine netral kuwi njur dadi mung nduweni arti kang sansaya ciut, kuwi ya merga pokale menungsa. Dadi dudutane, tembung ANGKER kuwi ora kudu marakne wedi,  merga isa wae kuwi kahanan kang nggumunake, mula bubar maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki, ora usah wedi liwat cedak kuburan, cedak danyangan lan cedak papan pangibadah, santai wae ya..

 

Neng Kitab Suci ana crita bab papan dalah kahanan sing diarani ANGKER, yakuwi crita nalika rama Yakub nembe tindakan. Nalika kuwi nembe kesel, njur nggolek papan kanggo ngaso. Amarga nembe mlaku, mbuh arep ngapeli Lea po Rakhel, aku dewe durung dong..hehe..mulane nalika kesele ngeram ya njur ngaso lan turu ing sadengah papan, merga wektu kuwi durung isa pesen hotel liwat aplikasi internet..hehe. Lha nalika ngaso njur turu kuwi rama Yakub ngimpi. Dene ngimpine jian jos temenan, ana andha dawa utawa dhuwure ngeram, sundul langit. Lan lumatar andha mau Gusti Allah wira-wiri munggah mudun nemoni dewekne. Bareng tangi njur sadhar lan rumangsa yen papan kang dinggo turu kuwi ANGKER, amarga kuwi manut penemune rama Yakub omahe Gusti Allah. Mulane, sakwise kuwi, rama Yakub njur ngawe tanda yen ing papan kono kuwi jan-jane omahe Gusti Allah, mula kudu diurmati, ora sembrana!

 

Saka crita ing ndhuwur isa dipethik pasinaon, yen sejatine kabeh papan lan kahanan kuwi omahe Gusti lan ing kono Gusti kersa dipethuki sapa wae sing gelem methuki. Eling, Gusti kersa dipethuki, merga jagad iki pancen omahe Gusti! Gusti kersa dipethuki neng ngendi wae lan kapan wae, mung menungsa wae sing wegah methuki, apa meneh menehi tenger yen kabeh papan ing njagad mokamat iki omahe Gusti. Menawa eling utawa sadhar yen kabeh papan  kuwi ANGKER, merga ing kono Gusti anal an kabeh kahanan kuwi ya ANGKER, merga Gusti pirsa, kudune menungsa kuwi ora tumindak sing ora migunani, didelikna kaya ngapa Gusti pirsa, wong kabeh papan kuwi ANGKER, merga kabeh omahe Gusti. Ditutupana kaya ngapa, Gusti pirsa, merga kabeh kahanan kuwi ANGKER,amarga dipirsani dening Gusti. Jal piye yen wis ngene iki, kabeh jebule ANGKER Luuurrrr!!

 

“ Jo,ndek minggu wingi apa diumumke neng warta greja?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Iyo, diumumke..”Dalijo semaur sinambi milihi Bibit Porang sing meh ditandur merga udane sajake wis muntub-muntub.

“Disebutake jumlahe pira Jo?” Takone Lik Ndoleng sajak sansaya penasaran.

“Weh, lha iki baba pa sing diumumake ta Lik?” Dalijo leren anggone makarya, njur lungguh neng Sor Wit Gedang, njupuk MLDne lan disumet, gerr..

“Hmm..anu..kui lho Jo, aku pisungsung khusus. Ora okeh sih, tapi lumayan, “ Semaure Lik Ndoleng.

“Rasah kuatir Lik, ora’o diumumake wae Gusti pirsa, merga jarene Mbah’e, kabeh papan lankahanan kuwi dipirsani Gusti, utawa isa diarani ANGKER..” Wangsulane Dalijo, Lan sakdurunge mbacutake rembug, Iin njedul nggawa kopi lan kimpul bakar, lan kaya padatan, muni sakrasane.

“Mulane aja sempulitan karo Yu Wasti wae Lik, sanadyan kang Markun ora ngerti tur ya sajake mung mesam-mesem wae, Gusti ngerti lho. Awas kesiku Gusti nembe sambat! “Unine Iin, lan Lik Ndoleng langsung abang ireng, kukur-kukur sirahe sing rambute mung kari limang las, mlunthun kae!!

“Jindulll…kenek neh!!” Batine Lik Ndoleng!

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH