Selasa, 08 September 2020

TLITI

 

Selasa Pahing 8 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Pangandaring Toret 17 : 2-13

Jabur 119 :65-72

Mateus 1: 1-16,18-23

“…lan manawa prakara iku dikandhakake marang kowe utawa kokrungu wartane, iku nuli titi-priksanen kang tliti, saupama nyata lan genah ana kadadean mangkono, dadi jejember iku mau wus kelakon ana ing antarane wong Israel, wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.”

Pangandaring Toret 17 :4-5

 

Sanadyan tembunge mung katata saka limang hurup, lan uga yen diukur abot lan enteng ora klebu abot, ananging yen nglakoni ora mayar. Tembung iki nduweni mungsuh sing jenenge Kebat-kliwat, yakuwi tumindak sing grusa-grusu lan kesusu,mula ya ora nggumunake menawa ana sing ketriwal lan sakpanunggalane. lha njur apa ta tembung kuwi? TLITI, kuwi tembung kang mung kedadeyan saka limang hurup lan sanadyan sajake mung mayar, ananging ora okeh wong sing gelem ngayahi ayahan kang kinaranan TLITI, apa meneh yen bab salahe liyan, nembe krungu sruwing-sruwin wae wis bingung olehe arep martakne menyang ngendi-ngendi paran.

 

Ana piwulang apik saka Kitab Suci bab kepiye tumindak kanthi TLITI, bab kuwi tinulis neng Kitab Pangandaring Toret bab 17. Neng kana diandharake kepiye tumindak kang kudu dilakoni sakdurunge nibakne paukuman. Gusti Allah ndawuhi, …”iku titi-priksanen kang TLITI..” Ora bain-bain lho bab niti priksa kanthi TLITI kuwi, amarga tinulis neng Kitab Suci lan kuwi pangandikane Gusti Piyambak lho. Gusti ngersakne sapa wae tumindak TLITI lan ora kesusu dalah Grusa-grusu, supaya wicaksana anggone tumindak. Pancen ngayahi gawean kang TLITI kuwi ya kudu njlimet lan sabar uga tlaten. Ing jaman kang sarwa cepet iki, angel nemokake wong kang TLITI, sing okeh sing kesusu lan grusa-grusu. Lan nalika akibat tumindak kang grusa-grusu merga kesusu mau njur ora pener, mung getun sing dirasakne. Kadung klesak-klesik baba lane liyan, kamangka durung dititi-priksa kanthi TLITI, jebul ora kaya kang diklesak-klesikne, njur kisinan dewe.

 

Mulane, lumantar pepeling saka Pangandaring Toret iki, sakdurunge tumindak ayo pada wani niti-priksa kanthi TLITI. Kudu nganggo “klambi” sabar, “iket” tlaten lan samubarang ubarampe, supaya ketemu kang kepenak ing tembe. Aja nglakoni urip sing mung grusa-grusu lan kesusu, apameneh yen bab ala lan luputing liyan, diTLITI ndisik ben gambling. Urip bebarengan karo wong akeh kuwi ora mayar, ananging yen isa ditata lan pada manute, urip bebarengan kuwi luwih entheng. Mula, payo ngliwati dalaning urip kang kebak rasa sabar, tlaten lan wening, supaya isa TLITI nyawang sabarang kahanan.

 

“Kang, wingi kae muni apa sampeyan karo Paklik Ndoleng, kok takswang seka jendela mung ketok klesak-klesik thok?” Iin nakoni sing wingi dirembug Dalijo lan Lik Ndoleng.

“Oalah, kuwi ta. Wingi kuwi Pakli Ndoleng  taktakoni baba pa kang marakne dewekne kedanan Yu Wasti. Njur njanjeni arep dijawab pas sepi, pas sing maca BENINGE EMBUN ESUK wis sibuk makarya, nanging tekan pendak dina ya durung klakon ik” Dalijo Mangsuli takone Iin.

“Ajeg cen wong kae. Cah tuwek ananging jik nggledise ngeram. Mbok Cilik Trinil mung dibulpus terus, mesakne aku. Kamangka Yu Wasti kuwi ya ora patio nanggepi lho kang..kuwi manut aku lho” Iin sajak njlentrehake kahanane Lik Ndoleng.

“Aja kesusu mbiji In, kudu TLITI, ben ora luput. Isa wae Yu Wasti ketok ora nanggepi, nanging njerone ati sapa sing ngerti. Mula ayo dislidiki kanthi TLITI, njur nembe tumindak” Dalijo njlentrehake kanthi cetha lan Iin mung manthug-manthug kaya patung kirik neng dasbor mobil kae.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH