Sabtu, 12 September 2020

WENING

Setu Legi 12 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 45:1-20

Jabur 103;8-13

Lukas 6:39-42

Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mrene, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowe supaya mitulungi urip.” Purwaning Dumadi 45:5

WENING kuwi kahanan sing nyenengake, amarga ing sakjroning kahanan WENING, menungsa isa nyipati kahanan kanthi luwih padhang lan tablang. Ananging sanadyan ketoke mung mayar, ora saben wong isa tumeka marang kahanan WENING. Kuwi kabeh amarga titahe Gusti kang kinaranan menungsa iki wis digubet dening maneka pepinginan kang ndadekne “ruang pikirane”  kemruwek ora karuwan. Kahanan WENING kuwi dumadine ora tiba seka nglangit, ananging kudu dilatih kanthi tumemen lan butuh wektu kang ora sedelok. Yen menungsa wis tumeka ing kahanan WENING, dewek’e isa nyawang samubarang kanthi Mardika lan tumindak kanthi wicaksana.

 

Tokoh Kitab Suci kang kinaranan Yusuf, klebu menungsa sing wis tumeka ing kahanan kang WENING. Sanadyan dewek’e disengiti,digethingi,dipilara, diperjaya lan meh dipateni, ananging kuwi kabeh ora dadi larane ati. Kabeh kahanan kang rekasa kuwi malah dipapanake kaya minangka “Semedine”, supaya isa tumeka ing kahanan kang kinaranan WENING. “Test Kelulusan” nate diadepi Yusuf nalika sakwise nampa sakabehing pamilara saka para kadhange, land idol menyang Mesir. Nalika pageblug nempuh lan padha kentekan panganan, para sedulure sing saka tlatah ngibrani nggolek panganan, dewekne isa kepethuk meneh karo para sedulure sing nate nyengsarakne dewekne. Sanadyan Yusuf nduweni hak lan pangwasa kanggo males sakabehing tumindak kang nglarakne atine, ananging amarga wis tumeka ing kahanan kang WENING, Yusuf ora tumindak kang luput.

 

Amarga ati kang WENING, mulane Yusuf isa nyawang kabeh kanthi wicaksana. Kawicaksanan kuwi kang marakne menungsa mapanake kabeh ana neng rerancangane Gusti. Amarga WENING, menungsa isa nyawang endi kanga la lan endi kang apik. Ananging nalika menungsa durung tumeka ing kahanan WENING, kabeh kudu manut kekarepane dewe. Sepisan wae ana sing klakon ora jumbuh karo kekarepane, mesti bakalane nesu,ngamuk,mutung lan tumindak liyane kang ancase ngrusak lan ora mbangun. Dadi pungkasane, menungsa sing wis mlebu kahanan kang WENING, anane mung tumindak mbangun dalah mangun, dene sing jik kemrungsung mesti  sikep lan tumindake mung ngrusak lan ngrusak. Mulane, lumantar tulisan iki, sapa wae sing kober maca, ayo padha nitipriksa, saksuwene iki wis ngrusak apa wis mbangun? Yen anane mung ngrusak, dieling wae yen kuwi jik ana neng kahanan kang durung WENING. Uga, yen jik nduweni pikiran yen kudu kekarepane kang klakon, kuwi ya durung klebu menungsa sing wis WENING.

 

“In, apa awakmu kuwi ora bingung karo dulurmu lanang Dalijo Nata Bata Neng Ngara-ara kae?” Takone Lik Ndoleng neng Nduk Iin, nalika ngepasi ngopi lan Dalijo ora ngumpul.

“Weh, lha ana apa ta Lik? Apa ana kang Dalijo ana sing luput, sing kleru?” Nduk Iin malah mbalik takon.

“Lha kae lho, jenenge wong kok yamung meneng wae, kamangka sing takrungu lan malah takweruhi dewe, okeh sing ngrasani. Durung rabi-rabi dirasani, sekolah dhuwur-dhuwur mung tani dirasani, ngandani lan nglatih sedulur neng papan liya, ya dirasani, tuku Honda dirasani, ora nduwe Honda ya dirasani. Gumunku, Dalijo kuwi ora tau nesu!! Jiann!!” Lik Ndoleng menehi alesan.

“Kuwi merga kang Dal wis tumeka ing kahanan kang WENING Lik. Dadi ya ora nesunan, ora mutungan,ora ngamukan, ora baperan. Manut critane kang Dal, urip kuwi kudu mardika, ananging ya kudu adedasar pangandikane Gusti. Sing diarani mardika kuwi ya ora gumantung karo watak, sikep lan tumindake liyan. Lambok liyan arep nyengit, nggethingi, nesoni lan ngrasani, kuwi ora mengaruhi. Tetep wae tumindak apik, amarga wis WENING. Lha sampeyan, wis isa  nampa rung yen Yu Wasti kuwi duweke kang Markun?” Unine Iin.

“Dusss!!! Malah tekan kuwi meneh!!” Batine Lik Ndoleng

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH