Jumat, 18 September 2020

LILA

 

Jemuah Pahing 18 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Najum 2 : 3-13

Jabur 145:1-8

Lukas 7:36-50

Ing kutha kono ana wong wadon kang wis kondhang anggone dadi wong dosa. Nalika krungu, yen Gusti Yesus lagi dhahar ana ing omahe wong Farisi mau, dheweke banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi, nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau. Lukas 7:37-38

 

Tembung LILA kuwi mayar nalika nulis lan ngucapake, ananging angel menawa nglakoni. Apa meneh yen bab LILA kuwi gegandengan karo samubarang kang dadi klangenane. Isa dinggo conto, nalika kelangan duwit, sanadyan cacahe ora okeh, ananging amarga duwit kuwi mesti dadi klangenane menungsa, mesti angel LILA utawa iklas. Isa wae pirang-pirang wektu mung mikirkake ilange duwite. Iki beda menawa sing ilang kuwi dudu samubarang kang dadi klangenane, mesti bungahe ngeram.

 

Crita Kitab Suci ing dina iki ngajak sapa wae sing kober maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK eling lan waspada, yen kahanan LILA kuwi ora sembarangan. Nalika Gusti Yesus nembe mampir neng omahe wong Parisi, mampir merga diampirake, njur ditutke wong okeh, salah sijine wong wadon sing dianggep wong sing dosane gedene ngeram, kamangka jan-jane dosane luwih gede wong lanang lho ya. Hehe. Lha nalika nyedaki Gusti Yesus, wong wadon sing jarene dosane pol-polan mau nggawa lenga sing wangi dewe turya larange ngeram, diwadahi gendul marmer tur ya anyar. Lha lenga kuwi ora dicaosake Gusti njur didol dadi duwit, ananging malah disuntakake neng sampeyane Gusti Yesus lan njur diusapi nganggo rambute.

 

Gusti Yesus pirsa yen sing dilakoni dening wong wadon kuwi adedasar rumangsa dosane gede, mula kabeh diayahi kanthi LILA. Wong sing LILA kuwi racake ora ngetenug ragad utawa duwit, sing dilakoni adedasar LEGAWAning rasa.  Lenga wangi sing dinggo njebadi sampeyane Gusti Yesus kuwi larange ngeram, mbokmenawa yen saiki isa dinggo tuku portuner, ananging amarga ing pamawase wong wadon kang jarene dosa mau kuwi ajine ora ngluwihi pangapurane dosa saka Gusti, mula ya dilakoni kabeh kanthi LILA. Apa kang dilakoni wong wadon mau entuk pangalembana saka Gusti, lan malah para sekabate, nalika Gusti mlebu ngomah, aja meneh njebati nganggo lenga wangi sing larang regane, lha wong mijik’e sampeyane nganggo banyu wae ora kober. Biasane wong-wong sing rumangsa cedak karo Gusti, pelite ngeram. Arang sing LOMA lan LILA, sing okeh medite poll..Lha kuwi, sing maca maro mencereng, kuwi tandane wong sing medit, geleme nampa ananging moh menehi. Hehe..

 

“Jo, ngandi paranmu, kok sewindhu ora njedul?” Takone Lik Ndoleng menyang Dalijo, nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, lha kok mung sewindu Lik, aku wis se-abad olehku ndelik” Semaure Dalijo sajak njarak pakne Cilik sing bagus dewe sak kandang pitik.

“Serius Jo, kowe disemantakne. Kae Mas Heri, putrane pak guru sing mbiyen sok ngakon nggawakne alang-alang nggo tali dautan, nakokne. Wis tak wnagsuli, yen awakmu lagi semedi, njaluk wangsit” Lik Ndoleng menehi katrangan bab inpormasine.

“Iya Lik, matur tengkiyu ya. Aku ora njedul kuwi merga aku sinau iklas, LILA marang samubarang kang ilang saka ing uripku” Semaure Dalijo sajak serius.

“Weh, iki baba pa ta Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Ya baba pa wae Lik” Semare Dalijo, njur sakdurunge dibablasakeomonge, njedul Iin.

“Kuwi Lik, sinau Iklas, LILA yen kasunyatane Yu Wasti kuwi wis duweke kang Markun. LILA lan kabeh dilakoni kanthi bungah. Kaya bungahe wong GKJ yen bubar dadi malejelis kae lho” Unine Iin.

“Duss, malah tekan Wasti meneh In!! Aku meh nglalekne malah mbok elingake, mbuh yen iki mengko aku kedanan meneh” Semaure Lik Ndoleng.

“Edan kok dirancang, kuwi sengaja ngedan Lik!!” Unine Iin njur mak klepat menyang pawon.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH