Kamis, 27 Agustus 2020

SAMBAT

 

Kemis Kliwon, 26 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 2 : 23-24

Jabur  105:1-6,23-26,45b

Lukas 7:11-17

Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.” Pangentasan 2:23

 

SAMBAT kuwi pakaryan sing mayar, ora ndadak sekolah dhuwur-dhuwur tekan esiji,esloro lan estelu. Lan meneh meh kabeh titahe Gusti sing kinaranan menungsa kuwi nduweni bakat terpendam yen mung bab SAMBAT wae. Seka bayi cenger menungsa kuwi  wis wasise ngeram yen mung bab SAMBAT wae, raketan cara lan gayane jik sederhanane ngeram, beda menawa wis gede lan pancen nduweni bakat linuwih, amarga gayane SAMBAT cen ngedab-edabi. Aku nulis bab SAMBAT iki ora amarga ora nate nglakoni, ananging mung meh ngajak sapa wae sing kober maca tulisan iki eling, yen SAMBAT kuwi olih sanadyan ya kudu empan papan lan sing disambati ya bener lan pener.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab SAMBAT, yakuwi pangaduhe bangsa ngisrael nalika jik dumunung neng Mesir, sakwise Yusuf lan sedulur-sedulure seda. Amarga neng Mesir mung dadi budak, mula uripe rekasane ngeram. Merga rekasa kuwi ing sakbanjure bangsa ngisrael SAMBAT, dene sing disambati ora liya,yakuwi Gusti Allah dewe. Manut cathetane Kitab Pangentasan, sakkwise bangsa ngisrael SAMBAT ngaru-ara, Gusti Allah njur eling karo prasetyane ing jaman mbiyen. Sakwise eling njur tumindak kanggo nguculi kahanane bangsa ngisrael supaya ora dadi budak meneh. Dene bab ana ukara “Gusti Allah njur eling…”, ora usah gumunan lan protes, merga Kitab Suci iki ditulis dening menungsa lan nganggo alam pikirane menungsa. Elinge Gusti Allah kuwi merga menungsa nyawang Gusti Allah nganggo kacamata “Anthrophomorphisme”, yakuwi mapanake Gusti Allah kaya dene menungsa, lan kuwi ora luput.

 

Manut catetane Kitab pangentasa, sakwise disambati wong ngisrael lan Gusti emut prasetyane, sakbanjure tumindak sakperlu nulungi kahanane bangsa ngisrael. Saka ukara iki, isa dadi pasianon kanggo sapa wae, supaya eling yen SAMBAT kuwi sah-sah wae lan uga kudu ngenerake SAMBAT kuwi marang Gusti Allah. Ora usah sambat marang WA, merga Gusti Allah rakober maca status milyaran menungsa kanthi basa sing beda-beda. Sepisan meneh, yen ngadepi masalah sing rinasa abot, ora usah nggolek papan SAMBAT sakliyane Gusti Allah, wis SAMBAT wae marang Panjengane, dijamin oye lan beres.

 

“Jo, mau bengi seka ngendi? Kok sajake mulihmu meh bangun esuk.” Takone Lik Ndoleng.

“Aku neng Kalikluwih Lik, nyepi. Aku ndonga marang Sing Kuasa..” Semaure Dalijo.

“Ndonga wae ndadak mrana, apa neng papan kene Gusti ora miring?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“YA saksirku ta ya. Yen neng kene isa lan neng kana isa, njur aku milih neng kana, Kalikluwih, ya ora apa-apa kan Lik. Aku butuh papan lan panggonan kang takanggep pas.” Dalijo semaur sinambi nyumet MLDne.

“Bener kang Dal lho Lik, ndonga kuwi kan isa isine SAMBAT. Lan kanggo SAMBAT ya kudu butuh wektu lan papan sing mirunggan. Aja kaya sampeyan, sambat kangen Yu Wasti malah dadekne setatus We’A” Muni ngono Iin njur mlayu, arep neng warunge Yu Wasti.

“Trondolooooo…malah tekan Wasti meneh..Klakon konangan kingko..hmm..dusss!” Batine Lik Ndoleng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH