Senin, 07 September 2020

TERTIB

 

Senen Legi 7 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Kaimaman 4:27-31,5:14-16

Jabur 119:65-72

Lukas 6:1-5

Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen, anggone banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan, nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjur padha diparingi, mangka ora ana kang kawenangake mangan iku kajaba mung para imam.”Nuli ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku Gustine dina Sabat.” Lukas 6:3-5

 

Sing diarani TERTIB yakuwi kahanan kang sarwa teratur, dene supaya isa teratur ya kudu ana srana kanggo ngatur, mula njur ana sing diarani peraturan. Wong sing ngerti aturan, seneng urip teratur kuwi sing kinaranan TERTIB. Ora mayar supayane dadi wong kang TERTIB, ananging uga kudu dimangerteni yen urip TERTIB kuwi dudu tujuan sing utama. Lho lha kanggone menungsa kuwi apa ta tujuan utamaning urip kuwi? Sing pengen mangerti, ya simak wae andharan neng ngisor iki.

 

Crita Kitab Suci okeh sing nyritakake bab kayangapa patrape uripe wong-wong Saduki lan Parisi, sing TERTIB banget. Kabeh unine pranatan dilakoni kabeh, malah saking nggugemi TERTIB, nyawa lan Gusti Allah wae dikalahake. Crita neng Injil Lukas bab 6 kanthi gambling nyritakake bab kaya ngapa anggone wong Saduki-Parisi matrapi urip kanthi super TERTIB. Saking TERTIBE, nganti Gusti Allah wae dilalekne. Crita bab para sekabate Gusti Yesus sing opek who gandum njur dipangan nalika ngepasi dina Sabbat dadi kaca benggala bab kepiye kudune ngetrapake pranatan ana ing urip. Bener yen pranatan utawa aturan kuwi apik, apik banget malah, ananging kuwi ora isa ngungkuli Uri plan Gusti Allah. Gusti ngidine para sekabat methik who Gandum nalika dina Sabbat kuwi merga urusan Urip, ora urusan nerak pranatan. Kahanan kang kepepet kang marakne para sekabate Gusti “nekad” nerak pranatan, lan kuwi ancase mung siji, supaya tetep urip.

 

Lha sakbanjure brarti TERTIB kuwi ora dibituhake meneh? Weh! Ya tetep dibutuhake banget. Saka crita neng Injil Lukas, sejatine sing arep dikersakne Gusti, yakuwi kesadaran yen Uri plan Gusti Allah kuwi papane luwih dhuwur tinimbang pranatan. Sepisan meneh, iki ora bab nerak pranatan lan ora TERTIB, ananging mung ngjaka “njiwit” kesadaran yen sejatining urip kuwi ana tingkatan-tingkatanne. Andharan iki mung sakderma ngajak eling, yen ing urip iki kereb wong ora TERTIB kanthi alesan sing ora cetha, ananging uga ana wong sing TERTIB banget, nganthi ngalahake Uri plan Gusti Allah. Kanggo para sedulur, ya sumangga dipilah lan dipilih dewe, arep kaya ngapa uripe. Meh TERTIB lan mapanake Uri plan Gusti Allah sing paling utama, arep TERTIB lan ngalahake Uri plan Gusti Allah utawa arep ora TERTIB, kuwi pilihane dewe-dewe.

Pun nggih, sementen rumiyin, ajeng ten kebun..

 

“Lik,yen manut sampeyan apa sing marakne sampeyan kuwi kedanan Yu Wasti?” Ujug-ujug Dalijo nakoni Lik Ndoleng bab Yu Wasti.

“Weh, iki jejere bab TERTIB Jo, kok malah takonmu nyimpang adohe ngeram?” Ora mangsuli pitakonane Dalijo, malah genti takon.

“Weh, ora TERTIB kuwi ya ora apa-apa lho Lik, mula sanadyan temane TERTIB, aku malah ngajak ora TERTIB, merga pengen ngerti sing marakne sampeyan kedanan Yu Wasti” Dalijo semaur sinartan menehi alesa sing sok ngilmiyah.

“Ssst..ngko pas kahanan sepi wae Jo, mesti tak critakne sing marakne aku kesengsem karo Wasti. Iki jik ana sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK, sanadyan mbuh dingerteni apa ora. Ngko ya..”Muni ngono Lik Ndoleng njur njupuk MLDne Dalijo.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH