Kamis, 10 September 2020

SENGIT

 

Kemis Wage 10 September 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 37 : 12-36

Jabur 103 : 8-13

Lukas 6 : 20-26

Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf. Purwaning Dumadi 37 : 18

 

SENGIT kuwi sikep kang diduweni menungsa, saksuwene manggon ana neng njagad kang wus dikrubung dening pangwasane si dosa. SENGIT kuwi ora ana wujud kang isa sinawang lumantar mripat wadag. Ananging sanadyan si SENGIT kuwi ora ketok sinawang, daya ngejur-jure panguripan jian ora isa kapetung, kahanan isa remuk lan malah kepara sirna nalika urip dikuwasani dening SENGIT. Lha sejatine seka ngendi asal-usule si SENGIT kuwi? SENGIT kuwi sejatine ora saka ngendi-ngendi, wong wis makuwon neng uripe kabeh menungsa, wiwit seka lahir mula. SENGIT kuwi sejatine netral, nalika isa dikendaleni. Ananging nalika menungsa ora isa ngendalekne si SENGIT iki, biyuh akibate jian medeni temenan. Nalika menungsa mung nggugu kekarepane dewe,mung nggagas yen sing paling bener mung deweke, sing paling ngerti mung dewe, sing paling nduwe panguwasa mung deweke, kuwi isa dadi “tegalan subur” kanggo si SENGIT urip lan babar tumangkar.

 

Crita Kitab Suci neng Perwaning Dumadi 37 kanthi cetha menehi piwulang marang sapa wae. Neng crita kuwi diandharake bab kepiye anggone para putrane rama Yakub nduweni SENGIT sing gedene ngeram menyang si Yusuf. Sing kudu dieling, Yusuf kuwi sedulur tunggal bapa karo wong lanang sepuluh, merga kayane si Benyamin ora melu SENGIT marang kangmase, ananging sanadyan sedulur tunggal bapa, yen wis nduweni bandha sing jenenge SENGIT, kahnanane isa rusak. Lha apa sing ndadekne para sedulure Yusuf SENGIT? Kuwi merga kahanan sing lumrah, yakuwi padha meri marang Yusuf. Meri yen rama Yakub (ketoke) luwih tresna marang Yusuf, meri merga Yusuf kerep crita bab pangimpene sing kayane mapanake Yusuf dadi pemimpin ing antarane para sedulure. Para sedulure Yusuf ora trima yen ing sakmengkone Yusuf nduweni kahanan urip sing luwih apik lan kepenak.

 

Apa kang dialami dening para putrane rama Yakub kuwi jik klakon tekan dina iki, tekan sapa wae sing nembe maca tulisan iki. Sanadyan tunggal rama-biyung, ananging yen SENGIT wis ngrembaka kabeh sinawang ala. Sanadyan tunggal kapercayan utawa tunggal iman, nalika si SENGIT sing wis dadi pangwasa, kabeh sianwang ala. Lha sejatine nalika ana kahanan “SENGIT-SENGITan” kuwi sing ora pener sapa ta? Sing SENGIT apa sing diSENGIT? Manut penemuku, sing luput kuwi ya sing SENGIT, dudu sing diSENGITI, amarga sing SENGIT kuwi kleru mapanake kahanan. Mbalik neng critane Yusuf lan para sedulure, yen para sedulure isa nampa kahanan, ya kahanan mesti bakal apik-apik wae. Sanadyan Yusuf crita lan nindakne baba pa wae, yen kahanane para sedulure wis sumeleh, ora bakalan marakne SENGIT kuwi ngwasani uripe. Ananging amarga kedlarung rasa meri,rasa iri,rasa srei lan saksedulure, nalika ngerti liyan ora manut kekarepane, SENGIT sing nguwasani uripe lan nalika sing dadi pangwasaning urip kuwi si SENGIT, kuwi wiwitane kahanan ajur-mumur!

 

“Jo, aku kuwi njembleng serendeng, nggumun setahun karo si Markun. Lha wong wisp e en es,lha yak ok jik arep nandur Porang. Apa kuwi ora kinaranan serakah Jo?” sore kuwi Lik Ndoleng muni-muni, sajak ngrasani kang Markun.

“Srakah lan ora kuwi manut caramu nyawang Lik. Yen caramu nyawang nganggo kaca mata SENGIT, kabeh sing dilakoni kang Markun kuwi luput, salah! Ananging yen olehmu nyawang nganggo kacamata TRESNA, apa kang dilakoni kang Markun apik,sanadyan ora apik ya mesti mbok elikna supaya dadi apik” Dalijo malah ngotbahi Lik Ndoleng.

“Kuwi lak merga sampeyan kalah saingan karo kang Markun, bab Yu wasti ta Lik, mula sakparipolahe kang Markun luput” Iin melu cawe-cawe, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya wong rada tuwa ditari kon rabi meneh.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH