Rabu, 06 Februari 2019

NDELIK


Rebo Pahing 6 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 1:11-19
Jabur 56
Markus 1:29-39
“Nanging Gusti Yésus ngandika: “Kita kudu nerusaké laku kita menyang désa-désa liyané ing sakiwa-tengené kéné. Aku uga kudu martakaké Injil ana ing kono, sebab yakuwi preluné enggon-Ku teka mréné.”1:38

Sing jenenge menungsa kuwi mesti nduweni rasa pengen populer, pengen terkenal,pengen kawentar. Apa meneh yen kaya saiki lagi usume pamer diri supaya niat’e dadi legislative isa klakon, kabeh pamer diri pribadi,mbuh pas apa ora sing penting pamer sing apik,ben dipilih. Bali neng bab “rasa pengen popular”, kuwi sejatine watak kamanungsan sing dumunung ana neng menungsa sajeg’e urip neng alam donya iki. Kabeh penegn dialem,pengen disubya-subya,pengen diumbulne sakduwure. Lho kok isa metu penemu kaya mengkene?Iki mayar lehe niteni, jajal wae kritiken wong kuwi, yen jik nesu utawa praupane malih nalika dikritik utawa dipaido, kuwi tegese wong kuwi pengene dialem, kuwi pengen terkenal utawa popular.

Menawa saben wong pengen terkenal, ana neng Kitab Suci ana critane Pawongan sing malah wegah terkenal, wegah popular. Mulane nalika bubar ngrampungi ayahan kamanungsan kanggo wong akeh, banjur mbudidaya NDELIK saka wong akeh. Lho lha ngapa kok ndadak NDELIK barang? Ya merga wegah terkenal,wegah popular. Pawongan sing wegah popular kuwi ya Gusti Yesus. Gusti ora kersa wong-wong mung nggolek’i merga nggolek mujijat thokthil, ning wegah nglakoni sing ditindakne Gusti. Kersane Gusti kuwi sejatine supaya wong akeh ora mung ndomblong kaya kanthong bolong nyawang pakaryane Gusti, ning niru’a,aja mung gumunan ning nglakonana. Gemrudug’e waong sing nggolek’i Gusti kuwi mung arep nonton pakaryane Gusti, mula mirsani kahanan kaya mengkene iki Gusti njur NDELIK. Gusti NDELIK ora merga ora wani, ora merga pengecut ananing merga ngeman wong akeh. Wong akeh dieman Gusti supaya enggal sadar yen pakaryane Gusti kuwi dudu tontonan, ning patuladan sing kudu dituladani.

Ing jaman saiki ya sajak’e akeh wong sing mung senengane grudag-grudug rana-rena, tujuane mungarep nonton mujijat. Wong jaman saiki aneh tenah, mujijate Gusti wae isa dijadwalke lho..hehehe..Lan uga ing jaman saiki akeh banget wong sing tumindak walik’an karo Gusti Yesus,akeh sing malah pamer kapinteran,supaya terkenal. Yen Gusti wae NDELIK ben aja terkenal, saiki malah pada mamerke kabisane supaya terkenal. Mula saka kuwi ayo nulada Gusti, tujuane makarya kuwi ya kanggo pakaryan kuwi, rasah ngangkah sing liyane, sapa wae sing maca tulisan iki njur meh terkenal, enggal-enggal NDELIK’a.

“Jo, wingi aku kepethuk Pakde Wisnu. Dekne crita bab saben esuk maca BENINGE EMBUN ESUK”, Lik Ndoleng esuk kuwi sinambi wedangan merga arep mangkat ndaut ngomong karo Dalijo.
“Yo esip no lik, paling ora ana wacan ben esuk, ben ora ben esuk sing digagas mung duwit wae”, Wangsulane Dalijo sakkrasane.
“Hmm.anu wae paklik, ayo dongakne sing nganggit tulisan kuwi, supaya ora kemaki,kemlinthi, merga tulisane jebul ana sing maca”, Nduk I’in melu nyael..
“Yo ayo dongakne wae cah, In..Jo, wong aku ya ora ngerti  sapa sing nganggit tulisan kuwi, jenenge wae singlon..”Lik Ndoleng mbacutke tembunge.
“Malah apik yen ora dingerteni, kuwi wis pratanda yen sing nganggit wegah terkenal, wis NDELIK karepe dewe”, Sinambi udud djrumsuper Dalijo ngomong santaine ngeram.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH