Senin, 04 Februari 2019

GEDHONG


Senen Kliwon 4 Februari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

1 Para Raja 17:8-16
Jabur 56
Markus 1:14-20
“Lan temenan, kaya sing dingandikakaké déning Allah lantaran Élia, glepung ing wadhah mau ora entèk-entèk lan lenga ing botol mau ora kalong-kalong.” 1 Para Raja 17:16

Saben ana sing duwe gawe, ing sakjroning pahargyan dibutuhahake akeh paraga. Ana sing dadi juru masak,ana sing among tamu, ana sing dadi jru ladi,ana sing dadi juru racik , ana sing dadi tukang andum kabutuhan pangan. Lha sing tugase andum panganan  kuwi sing diarani GEDHONG. Biasane juru GEDHONG kuwi tukang ngedum lawuh,yakuwi iwak sapi, bihun, oseng lan sambel kenthang. Jugase juru GEDHONG kuwi mung andum,ora ana liya. Dewekne ora nggagas pira regane iwak sapi, kepiye masak’e, tukune neng ngendi lan sakpanunggalane. Pokok’e tugase juru GEDHONG kuwi mung nampa lan ngedum supaya adil,supaya kabeh kumanan.

Ngaca seka crita ing nduwur lan digathuk’ake karo critane nabi Elia neng Kitab Suci, sejatine tugase menungsa ana ing njagad kuwi mung dadi juru GEDHONG, ora liya. Nabi Elia nembe mlayu merga diBLEDIG  raja Ahab, njur keplantrang ngati tekan ngendi-endi, salah sijine tekan Sarfat. Nalika semana lagi pageblug, larang pangan merga ora tahu udan lawase telung tahun. Nalika ketemu mbok randa Sarpat (sssttt..randane kayane huayuu..mula nalika Gusti ndhawuhi Elia kon nyang Sarpat ketemu mbok randa njur ngetiging mangkat..hehe..) pas lagi opek kayu meh nggo masak,nabi Elia ngomong, kon nggawekne roti. Iki jian nabi kladuk, lagi kenal,karo randa sisan, lha kok ujug-ujug langsung “njaluk”..hehe..
Sakbanjure mbok randa saka Sarpat njur blak kotang terus embuh, eh terus terang..(sik..sik..sing maca rapareng mikir sing iya-iya lho ya…)yen kahanane lagi krisis, kari nduwe bahan kanggo dipangan sedina karo anak’e njur entek,kluwen lan mati. Kuwi jujure mbok randa, ananging kuwi ora nyuntrutke nabi Elia, merga “butuh” mula nabi Elia njur “meksa” digawekne karo dijanjeni yen glepunge ora bakal entek nganti manga udan lan panen klakon. Krungu kuwi kabeh mbok randa manut lan nglakoni apa sing dikarepke nabi Elia, lan apa sing dibutuhake kecukupan jumbuh karo ngendikane nabi Elia.

Kaya mbok randa, jan-jan’ne awak’e dewe iki kabeh mung juru GEDHONG, sing tugase ngedum berkah saka Gusti. Ora pareng ngumpetke, kudu diddum kanggo liyan. Ora usah kuatir, mesti bakal dicukupi “sing kagungan kersa”, pokok’e awake dewe mung ngedum,wong mung juru GEDHONG. Dene berkah kuwi ora mung bada pomeneh duwit, berkah kuwi wujud’e akeh, ana wektu, kapinteran, tenaga, pikiran lan sakpanunggalane. Mula yen rumangsa menungsa sing diberkahi, pada dumen berkahe Gusti kabeh kuwi, rasah sumelang kapiran..

“Lik, kira-kira nabi Elia nalika neng mae mbok randa saka Sarpat “njawil” pora ya?”, Dalijo ujug-ujug takon neng Lik Ndoleng.
“Pikiranmu Jo, ngeres temen. Wong nabine Gusti kok cluthak,mestine wae ora”, Wansulane Lik Ndoleng, sajak ora setuju pitakonane Dalijo.
“Yen karanku ya njawil lho kang, kaya ngapa wae, watak’ane wong lanang, mbok’o nabi ya naluri kamanungsane ora isa ilang.
“Hehe..kabeh malah pokus bab njawil lan ora, kamangka judule bab juru GEDHONG, sing tegese mung tukang andum berkah, awake dewe kuwi kudu siyap andum berkah lho”, Dalijo mangsuli sinambi mlengeh..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH