Sabtu, 23 Februari 2019

MUNCUL


Setu Wage 23 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 44:18-34
Jabur 37:1-11,39-40
Lukas 2:22-40
“Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji. Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem.” Lukas 2:29

Jaman cilik mbiyen, nalika ana neng ndesa sakupenge tlatah “Pegunungan Seribu”, pernah’e nggo daerah Wonogiri sisih kidul kulon, nalika mangsane manuk pada babar tumangkar, bocah-bocah seneng nggolek susuh manuk. Saking prigele niteni kahanan, mula bocah-bocah sing seneng nggolek susuh manuk mesti isa ngerti ing papan-papan ngendi manuk kuwi nyusuh. Sakliyane kuwi, ya isa titen kapan wancine njupuk susuh sing ana anak-anak’e manuk kuwi. Ning sanadyan titen, ya kerep ora ngepasi entuk susuh lan anak-anak’e manuk, merga wis kadung MUNCUL. Nalika susuh manuk diarani MUNCUL kuwi mergane anak-anak manuk wis isa mabur lan nggolek pangan dewe. Bapa-biyune anak-anak mau wis iklas ngeculake anak-anak’e mabur lan nggolek pangan dewe-dewe.

Nguculake kuwi ora perkara sing gampang, sanadyan ya ora mayar. Neng Kitab Suci ana crita bab nguculake pengareb-arep utawa pepinginan. Ana pawongan sepuh, imam neng Pedaleman Suci, yakuwi eyang Simeon, sing nggenggem kekarepan guedine pol. Kekerepane Eyang Simeon kuwi pinanggih karo Sang Mesih, Sang Juru Wilujeng. Anggone nyenyuwun jian ora mekakat, anggone ndonga pasa jian poll. Mula saka sengkute nyenyuwun mula Gusti ya maringi apa sing dibutuhake eyang Simeon, yakuwi isa kepethuk Sang Mesih yakuwi Gusti Yesus. lha sakbubare kepethuk Gusti Yesus mau, eyang Simeon njur ngiklasake uripe cikben ditimbali mulih marang klanggengan. Eyang Simeon wis iklas, umpamane isa digambarake, kahanane urip eyang Simeon wis MUNCUL, seka tembung ucul lan nguculake.

Ora mung eyang Simeon, kabeh sing maca tulisan iki ya mesti wae nduweni pepinginan. Lan nalika pepinginane klakon mesti iklas nguculake apa wae. Sing maca tulisan iki mesti ya ana sing kaya Eyang Simeon, nduweni nazar, mbuh apa ujud’e nazar kuwi. Ana sing ra arep adus sakdurunge srengnge angslup, ana sing raarep cukuran sakdurunge bojone babaran lan sakpiturute. Lan kabeh nazar kuwi isa MUNCUL nalika wis klakon.

“Nduk In, kok sumeh temen, klecam-klecom kaya manuk prenjak nemu laler?”, Lik Ndoleng semanta nalika nyawang ponak’ane nyuguhke the karo kopi neng meja.
“Agek bungah aku lik..apa sing dadi pepinginanku wis klakon kabeh”, Wangsulane Nduk I’in.
“Weh, esip kuwi nduk..top markotop..mbok kae dulurmu lanang sing bagus dewe diwarahi carane mujudake pepinginan”, Lik Ndoleng nyauri karo nglirik Dalijo.
“Angel lik, wong kang Dal ora duwe pepinginan, mula uripe ya mung ngono-ngono wae”, Nduk I’in mangsuli.
“Crigis kabeh…aku kuwi pepinginanku ya mung sederhana, Pepinginanku wis MUNCUL, wis takcukne kabeh, mula uripku merdika saiki..”Dalijo mangsuli ngono karo nyaut djarumsuper njur disumet..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH