Selasa, 19 Februari 2019

NGULIHKE


Selasa Kliwon 19 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Ezra 1:1-11
Jabur 120
Markus 3:31-35
“Raja Korèsy iya dhawuh ngetokaké praboté Pedalemané Allah sing dirampas déning Nebukadnésar saka Yérusalèm lan disimpen ana ing papan pamujané brahala.” Ezra 1:7

Tembung NGULIHKE kuwi linggane “mulih” sing tegese bali menyang omahe utawa asal usule. Sing diarani bali kuwi ya mesti wae merga nate lunga utawa dilungak’ake. Tembung lingga “mulih” yen sakbanjure dadi tembung “NGULIHKE”merga ana tambahan’e, njur ya ngowahi arti utawa tegese tembung kuwi. Mulane nalika tembung mulih tegese bali marang omahe utawa asal usule, NGULIHKE kuwi pakaryan sing tujuane mbalekake menyang omahe utawa asal usule. Lho kenapa ndadak diulihke? Merga ora isa mulih dewe, yen isa mulih dewe ya rasah diulihake, kon wae mulih dewe, mesti ya mulih..hehe..

Bab tembung NGULIHKE kuwi nate dadi pokok pikiran utawa bahasan neng Kitab Suci, yakuwi neng Kitab Ezra. Kitab Nabi Ezra nyritak’ake proses mulihe wong-wong Israel menyang Negara asale, sakbubare diguwang neng Babel. Sing dikersakne Gusti mulih jebule ora mung wong-wonge wae, jebule ubarampe Pedaleman Suci sing nate dirayah Nebukadnezar lan kasimpen neng papan pamujane brahala ya kudu diulihake. Akeh barang sing pengajine gede sing dirayah Nebukadnezar saka Pedaleman Suci sing kudu digawa bali, digawa mulih menyang Yerusalem.
Anane barang-barang pengaji gede kok isa tekan papan pamujan brahala kuwi merga srakahe Nabukadnezar, kabeh sing aji meh dipek dewe,meh disimpen dewe. Beda karo Nebukadnezar, raja Koresy ora tentrem yen ngrumati sing dudu duwek’e, mula ben merdika saka rasa dosa, kabeh sing dudu duwek’e kudu diulihke. Merga ora isa nandangi dewe mula ndawuhi wong akeh supaya NGULIHKE kabeh barang sing dudu duwek’e marang sing kagungan..

Mula saka kuwi, sing sapa wae nate “NGRAMPAS” kagungane liyan, pomeneh kagungane Gusti, aja suwe-suwe, ndang ulihna, ndang balekna. Apa ya kepenak nganggo barang sing dudu duwek’e? Apa ya tentrem ngrumati barang akih, ning kuwi dudu duwek’e? Pada dieling, kabeh kuwi silihan, kudu diulihke. Kae pakaryane Gusti akeh sing jik “mangkrak” kaya candi Hambalang, merga sing pada “njarah” kagungane Gusti ora enggal-enggal NGULIHKE menyang ngarsane Gusti. Muga-muga sing maca BENINGE MEBUN ESUK iki ya enggal sadar, yen kabeh sing dingo iki mung silihan, lan nalika dijaluk sing kagungan ya kudu dibalekne, ora pareng nggresula..

“Kang Dal, wingi akeh sing takon, Mbak I’in, mas Dalijo sing baguse kaya irus ndak pundi kok mboten njedul, ngono kang, aku ya bingung lehku arep wangsulan”, Nduk I’in miterang karo Dalijo esuk kuwi sakdurunge Dalijo mangkat ngarit.
“Weh, jebul tukang ngarit kaya aku iki ya akeh sing merindukan ta In?”, Wagsulane Dalijo semu takon, lan ketok raine sumringah, mencorong kaya langit wengi kena mendung.
“Rasah mbagusi Jo, lagi ngono wae kemakimu ramekakat. Kuwi kabeh mung silihan, kagungane Gusti, mula ya aja mbok pek dewe, gek ulihna”, Lik Ndoleng semaur, sajak nesu ning ya sajak’e maringi piwulang.
“Rasah meri lik, iki rejeki cah bagus,cah apik,cah mituhu”Dalijo semaur, semu ngece.
“Horaaaakk Jo, baguse kaya ngapa wae yen rung payu rabi ya pada wae”, Lik Ndoleng sajak sansaya kemropok…
“Kampretttt….”, Batine Dalijo..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH