Minggu, 03 Februari 2019

DIBLEDIG


Minggu Wage 3 Februari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 1:4-10
Jabur 71:1-6
1 Korinta 13;1-13
Lukas 4:21-30
“Nanging Pangéran ngandika marang aku, “Kowé aja kandha yèn isih nom, nanging kowé maranana wong-wong sing kudu koktemoni atas dhawuh-Ku; wong-wong iki kandhanana sakèhé dhawuh sing Dakparingaké marang kowé.” Yeremia 1:7

DIBLEDIG kuwi kahanan sing nembe diuyak-iyak kanthi luwih mempeng. Anane diuyak luwih mempeng utawa DIBLEDIG kuwi mestine wae ya merga ana kahanan sing luwih wigati,yen ora wigati ya ngapa ndadag nguyak,pomeneh nganti mbledig. Yen pitik Jago lagi butuh “nombo belek”babon utawa dara, mesti MBLEDIG  pitik babon utawa dara sakecekele,diuak nganti dheyek-dheyek njur pasrah. Semono uga menungsa, merga rumangsa yen duwit kuwi pentinge ora njamak, mula duwit kuwi DIBLEDIG sakecekele, ramberduli sedulur,ramberduli kesehatan lan apa meneh ramberduli Gusti Allah, kabeh sikatt….

Ana crita neng Kitab Suci, kaya ngapa anggone Gusti Allah MBLEDIG  titah sing meh kautus, yakuwi Yeremia. Wiwitane nabi Yeremia ya suwala, alesan ngalorngidul, enda entek amek kurang golek supaya bisa enda,nampik timbalan. Jian pinter banget anggone Yeremia anggone alesan, sanadyan jika kalah “Cerdas” karo warga greja (GKJ) saiki yen alesan ngendani timbalan. Ananging merga Gusti mbutuhake, sanadyan  enda ya diuyak, sanadyan nampik ya DIBLEDIG, lan akhire isa diranggeh. Kuwi kabeh merga pangupaya sing rakenal kesel,pambudidaya sing semangate makantar-kantar anggone MBLEDIG.
Sakumpamane saiki anggone menungsa MBLEDIG urip sing luwih apaik uriping sakjroning katresnan kayadene anggone Gusti MBLEDIG nabi Yeremia, iba endahe urip neng njagad iki. Sakumpama saiki anggone menungsa (utamane warga greja) anggone MBLEDIG tresna kagem Gusti kayadene carane Gusti MBLEDIG nabi Yeremia, mendah kaya ngapa ngrembakane pasamuan. Ananging tekan saiki, tekan pra sedulur maca tulisan iki, akeh sing jik enda karo timbalane Gusti.

“Jo, mbiyen kowe po kurang nyrempeng lehmu MBLEDIK Tarsi?”, Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.
“Weh, kang Dal kui urung sempat MBLEDIG Lik, jik diangen-angen neng ati, ning rumangsane wis ngranggeh”, Nduk I’in kaya biasane nyoal-nyael rembug yen ana wong rembug’an.
“Weh, jebule ngono ta nduk?”, Miterange lik Ndoleng.
“Pada kowe ta Lik, lehmu nguyak Yu Wasti ya mung kandeg neng rasa, ora diegohne, sananu ya wurung..hahaha..”, Dalijo nyauri karo nyedot djarumsupere, wegah diece.
“Dusss..malah mbalik aku”, Batine Lik Ndoleng sing rumangsa ora nguyak, MBLEDIK Wasti kaya Gusti lehe MBLEDIG Yeremia.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH