Sabtu, 09 Februari 2019

WONGEDAN


Setu Kliwon 9 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK
Para Hakim 3:7-11
Jabur 138
Markus 2:13-17
“Mireng pitakoné para ahli Torèt mau Gusti Yésus nuli ngandika: “Wong sing waras mono ora mbutuhaké dhokter; mung wong sing lara waé. Teka-Ku ora nimbali wong sampurna, nanging wong dosa.”Markus 2:17

Wong sing sabane neng pasar, ora tahu bali mulih, aduse arang lan senenge ngomong dewe uga ngguya-ngguyu dewe isa diarani WONGEDAN. Kenapa diarani WONGEDAN? Merga nalar pikire wis ora isa dikemudekne meneh, ora isa natal an ngatur pikirane. WONGEDAN kuwi nglakoni urip meh sejajar karo kewan, mung ngandelke naluri. Ora ana rasa, ora ana etika lan ora mikir apik lan elek, uga patut lan ra patut, sing dilakoni ya mung apa sing dirasakne. Mula saka kuwi, yen ana sing tumindak mung sakkarepe dewe, ora migunakne nalar lan rasa, kerep langsung disebut WONGEDAN..utawa nyebute rada esmosi..WONGEDIIIIII…………………ANNNNNN…
Hmmmm…sing nesu merga tulisan iki ya oleh wae disebur wong…hmmm…wong…ahh..rasida wae..pekewuh..kuwi wis pating prengut kaya Jangkrik ditolak cintane..

Weh balik neng bab WONGEDAN. Neng Kitab Suci ana crita bab Gusti Yesus maras’ake wong lara sing cacahe uakihe pol. Merga saka kuwi akeh wong pada gembrudug ngetut’ake Gusti. Merga akehe wong mula ora isa dipilah lan dipilih sapa wae sing pada gembrudug. Nalika iku uga ana Lewi, tukang nagih pajek, sing ditimbali Gusti lan nderek. Bareng weruh sing  kaya ngono mau, uakehe pol para tukang nagih pajek lan wong sing kanggone masyarakat ora apik, sing nderek Gusti. Weruh sing kaya mengkono kuwi “bos-bose” agama Yahudi nesu,ngamuk, mbesengut lan ngancem. Lan macak kaya sing nduweni swarga kae, njur nyedak’i para murid’E Gusti Yesus sinambi muni, ning swarane kaya Jangkrik Ngerik tanpa wulu, “Yagéné Gurumu kokdhahar bebarengan karo pegawé pajeg lan wong-wong ala kuwi?”
Para murid’E Gusti Yesus ya blangkemen, glagepen ora isa mangsuli, lha sing takon para priyayi agama Yahudi lan ahline Kitab Suci. Mirsani kahanan kaya mengkono Gusti njur mangsuli yen sing butuh dokter utawa dukun  kuwi sing lara, sing waras ora butuh. Mula saka kuwi, sapa wae sing butuh Gusti Yesus kuwi sing sadar yen kahanane dosa uawa lara mula butuh “dokter” panguripan, sing rumangsa waras ya ora butuh. Mula saka kuwi, kapan-kapan takono WONGEDAN neng pasar kae, gelem pora diarani WONGEDAN..mesti rumangsane wongwaras..
“Lik, ngapa tik mesam-mesem dewe?”, Pitakone Dalijo neng Lik Ndoleng, sing maca WA karo plengah-plengeh dewe.
“hmm..anu..iyo..anu Jo..he’eh…”, Wangsulane Lik Ndoleng sakrasane, sinambi jik ngulatne hapene.
“Paklik…jo kebablasen lho.ngko malah diarani kaa WONGEDAN…”, Nduk I’in melu cawe-cawe karo pakne cilik sing baguse ngungkuli Janaka wayang Kulit.
“Sttt..mending diarani kaya WONGEDAN tinimbang kaya wongwaras” Dalijo mbisik’i I’in ben Lik Ndoleng ora krungu.
“Jo..In..aku krungu kabeh kok…lagi maca BENINGE EMBUN ESUK, temane lagi bab wongedan. Kuwi kaya piwulange Gusti Yesus, yen rawuhe tujuanne meh maraske sapa wae sing lara. Sing rumangsa sehat ya ora mbutuhake Gusti, kamangka menungsa kuwi lara kabeh, dosa kabeh. Aja rumangsa sehat merga sejatine awake dewe kuwi lara kabeh mula butuh Sih Rahmate Gusti”, Lik Ndoleng Kumat warase, nuturi ponak-ponak’ane.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH